Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Kisah Para Rasul 16 >> 

Timoteus ndherek Rasul Paulus

1Rasul Paulus uga rawuh ing kutha Derbe lan Listra. Ing kono ana sawijining siswa jenenge Timoteus, embokne wong Yahudi kang wus manjing pracaya, dene bapakne wong Yunani.

2Timoteus iku wus kaseksenan becike dening para sadulur ing kutha Listra lan ing kutha Ikonium.

3Karsane Rasul Paulus, iku dadia kanthine ing lampah. Rasul Paulus banjur dhawuh supaya ditetaki marga saka anane wong Yahudi kang padha ana ing wewengkon kono, awit kabeh padha sumurup, yen bapakne iku wong Yunani.

Rasul Paulus nyabrang menyang ing tanah Makedhonia

4Sajrone njajah ing kutha-kutha iku Rasul Paulus lan Silas padha masrahake pancasane para rasul lan para pinituwa ing Yerusalem kalawan piweling supaya diestokna.

5Marga saka mangkono pasamuwan-pasamuwan padha kasantosakake pracayane lan saya suwe saya wuwuh cacahe.

6Kacarita lakune ngliwati tanah Frigia lan tanah Galati. Tumuli diampah dening Sang Roh Suci nggelarake Injil ana ing tanah Asia.

7Satekane ing tanah Misia, banjur padha ngangkah lumebu ing tanah Bitinia, nanging Rohe Gusti Yesus ora marengake.

8Bareng wis ngliwati tanah Misia, banjur tekan ing kutha Troas.

9Bengine Rasul Paulus mirsani wahyu: ana wong Makedhonia ngadeg lan matur marang panjenengane: “Panjenengan kula aturi nyabrang mriki saha mitulungi kula sadaya!”

10Bareng Rasul Paulus wis mirsani wahyu mau, aku kabeh banjur padha ngarah mangkat menyang ing tanah Makedhonia, awit marga saka anane wahyu mau, aku padha namtokake, yen Gusti Allah kang nimbali kakarsakake nggelarake Injil marang wong-wong ing kono.

11Aku banjur padha mangkat nunggang prau saka ing Troas, terus ngener ing pulo Samotrake, lan esuke nuli menyang ing kutha Neapolis.

12Saka ing kono banjur padha menyang ing kutha Filipi, kutha kawitan ing jajahan tanah Makedhonia, sawijining kutha-koloni Rum. Aku padha nginep ana ing kutha kono sawatara dina.

Rasul Paulus ana ing kutha Filipi

13Nalika ing dina Sabat aku padha menyang ing sajabaning sakethenging kutha, lumaku ing urut pinggiring kali, banjur mrangguli papan pasembahyanganing wong Yahudi, kang manut pangiraku ana ing kono. Sawise linggih, aku nuli padha rembugan karo wong-wong wadon kang padha kumpulan ana ing kono.

14Ana sawijining wong wadon panunggalane, jenenge Lidhia, kang melu ngrungokake. Iku dadi bakul kain wungu, pinangkane saka ing kutha Tiatira, wong kang bekti ing Allah. Atine wis binuka dening Gusti, mulane migatekake marang apa kang dipangandikakake dening Rasul Paulus.

15Sawise kabaptis sabrayat pisan, banjur darbe atur mangkene: “Manawi panjenengan sampun sami manggalih, bilih kula saestu pitados dhateng Gusti, sumangga sami kula aturi rawuh saha nyare ing griya kula.” Mangka banget panggubele, nganti aku kabeh kapeksa nuruti.

16Ing sawijining dina nalika aku padha menyang ing papan pasembahyangan iku, aku padha nrenjuhi sawijining batur tukon wadon kang dadi prewangan sarta kang njalari lurah-lurahe oleh kauntungan akeh.

17Iku ngetutake Rasul Paulus lan aku kabeh kalawan alok-alok, ujare: “Wong-wong iku abdine Gusti Allah kang Mahaluhur, kang martakake dalaning karahayon marang wong kabeh.”

18Kang mangkono iku ditindakake nganti pirang-pirang dina. Ananging bareng Rasul Paulus wis ora tahan maneh marang anane rubeda iku, nuli minger sarta dhawuh marang roh iku: “Atas asmane Gusti Yesus Kristus, dhawuhku marang kowe: Metua saka ing wong wadon iki.” Sanalika iku uga roh mau iya banjur metu.

Rasul Paulus lan Silas kalebokake ing pakunjaran

19Kacarita bareng para lurahe wong wadon mau weruh, yen wis ilang pangarep-arepe bisane oleh pangasilan, banjur padha nyekel Rasul Paulus lan Silas, padha diglandhang menyang pasar katur ing pamarentah.

20Sawuse padha diajokake marang ing ngarsane para panggedhene kutha kono, nuli padha matur: “Tiyang punika sami nggegeraken nagari kita ngriki, amargi sami tiyang Yahudi

21sarta sami mulangaken adat-tata-cara ingkang boten kenging kita tampeni utawi kita lampahi, awit kita punika tiyang Rum.”

22Anadene wong akeh iya padha melu nglawan marang Rasul Paulus lan Silas. Para panggedhening kutha mau banjur dhawuh ndhedheli pangagemane sarta nyapu.

23Sawuse disapu bola-bali banjur padha dilebokake ing pakunjaran. Lurahe pakunjaran didhawuhi njaga kang santosa.

24Sarehne mangkono prentahe, mulane sakarone nuli dilebokake ing kamare pakunjaran kang ana ing tengah dhewe, sarta padha kabelok sikile.

Lelurahing pakunjaran mratobat

25Watara wayah tengah bengi Rasul Paulus lan Silas padha ndedonga kalawan ngidungake pamuji marang Gusti Allah, dene wong ukuman liyane padha ngrungokake.

26Dumadakan banjur ana lindhu gedhe, talesing pakunjaran kongsi horeg; lan sanalika iku uga lawang-lawang padha menga, lan rantene wong kabeh padha ucul.

27Lurahing pakunjaran kaget tangi lan bareng weruh lawange pakunjaran padha menga, banjur ngunus pedhang arep nglalu, awit ngira yen wong-wong ukuman wis padha mlayu.

28Nanging Rasul Paulus tumuli nguwuh seru, pangandikane: “Sampun mbilaeni sarira, awit kula sadaya taksih wonten ing ngriki!”

29Lurah pakunjaran banjur njaluk colok lan enggal-enggal lumebu apadene nuli sumungkem ana ing ngarsane Rasul Paulus lan Silas kalawan gumeter.

30Tumuli padha diirid metu, karo matur: “Dhuh, para sadherek, punapa ingkang kedah kula lampahi, supados wilujeng?”

31Banjur dipangandikani: “Kula aturi pitados dhateng Gusti Yesus Kristus, temah panjenengan badhe wilujeng, panjenengan dalah brayat panjenengan.”

32Banjur diwartani pangandikane Pangeran, samono uga wong saisine omahe kabeh.

33Ing wektu iku uga sakarone padha disirami bilure, sarta ing bengi iku uga lurah pakunjaran mau dalah brayate padha kabaptis.

34Sakarone banjur didherekake menyang ing omahe lan padha dicaosi pisegah. Lurah pakunjaran mau banget bungahe dene dheweke lan kabeh wong saisining omahe wis padha manjing pracaya marang Gusti Allah.

Rasul Paulus lan Silas padha kaluwaran

35Bareng raina para panggedhening kutha banjur utusan punggawa-punggawa nglantarake dhawuh marang lurahing pakunjaran mangkene: “Wong loro iku padha luwarana!”

36Lurah pakunjaran banjur nerusake dhawuh mau marang Rasul Paulus, ature: “Para pangagenging kitha sampun utusan, supados panjenengan sami kaluwaran. Awit saking punika panjenengan sami kula aturi tindak lan pangkat kanthi wilujeng!”

37Nanging Rasul Paulus banjur paring pangandika marang wong-wong mau: “Kula smai tiyang Rum dipun sapu wonten ing ngajenganipun tiyang kathah tanpa katiti-priksa, lajeng kalebetaken ing pakunjaran. Sapunika kula sami kaluwaran sidheman? Boten kenging makaten punika. Para pangageng punika supados rawuh piyambak ngirid kula medal.”

38Para punggawa mau banjur ngaturake bab iku marang para panggedhening kutha. Iku bareng padha mireng, yen Rasul Paulus lan Silas iku wong Rum, temahan padha ajrih.

39Banjur padha rawuh nyuwun ngapura, tumuli karone diirid medal sarta diaturi nilar kutha kono.

40Karone banjur nilar pakunjaran lan tindak menyang ing omahe Lidhia, manggihi para sadulur ing kono sarta sawuse paring panglipur, banjur padha tindak.


  Share Facebook  |  Share Twitter

Download Audio MP3 (Kisah Para Rasul 16):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Kisah Para Rasul 16 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
© 2010-2019
Alkitab.SABDA.org

Android.SABDA.org
SABDA.mobi
Bantuan
Dual Panel

Laporan Masalah/Saran