Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Kisah Para Rasul 20 >> 

Rasul Paulus saka ing tanah Makedhonia menyang ing kutha Troas; Eutikhus mati kauripake

1Bareng pagegere wis sirep, Rasul Paulus tumuli nimbali para siswa padha disantosakake atine lan swise pamitan banjur bidhal menyang ing tanah Makedhonia;

2ndlajahi talatah kono sarta nyantosakake atine para sadulur ing kono kalawan pitutur akeh-akeh. Banjur rawuh ing tanah Yunani.

3Sawuse telung sasi ana ing kono panjenengane arep layar menyang ing tanah Siria. Nanging ing nalika iku wong-wong Yahudi padha ngrantam arep nyedani panjenengane. Mulane wangsule karsa miyos ing tanah Makedhonia.

4Tindake didherekake dening Sopater anake Pirus, wong ing kutha Berea, Aristarkhus lan Sekundus, karone wong ing kutha Tesalonika, Gayus saka ing kutha Derbe, Timoteus lan wong loro saka ing tanah Asia, yaiku Tikhikus lan Trofimus.

5Nanging iku padha mangkat dhisik lan ngenteni aku kabeh ana ing Troas.

6Nanging sawise riyaya Roti Tanpa Ragi aku kabeh padha mancal saka ing kutha Filipi lan sawise patang dina tekan ing kutha Troas lan ketemu karo sadulur-sadulur mau kabeh. Ana ing kono aku padha nginep pitung dina.

7Nalika ing dina kapisan ing minggu iku, aku padha nglumpuk nyuwil-nyuwil roti. Rasul Paulus reraosan karo para sadulur ing kono, jalaran karsane arep bidhal esuke. Anggone ngandikan iku nganti wanci tengah wengi.

8Ing gedhong ing dhuwur kang padha dakanggo kumpulan iku, akeh damare.

9Ing kono ana wong nom-noman jenenge Eutikhus, linggih ing cendhela. Sarehne Rasul Paulus suwe banget anggone ngandikan wong anom mau ora bisa nahan ngantuke. Wasana banjur keturon, temahan tiba saka ing tataran katelu. Bareng digotong, wong mau wis mati.

10Nanging Rasul Paulus banjur mandhap, ngrungkebi wong anom iku, dirangkul kalawan ngandika: “Wis aja padha ribut, dheweke isih urip.”

11Bareng wangsul minggah, Rasul Paulus banjur nyuwil-nyuwil roti lan dhahar, isih ngandikan maneh nganti suwe, nganti wanci bang-bang wetan, banjur bidhal.

12Nalika samana wong-wong padha ngeterake jejaka mau menyang ing omahe, wis urip, temahan kabeh padha banget lipure.

Saka ing kutha Troas menyang ing palabuhan Miletus

13Aku padha ndhisiki nunggang prau lan layar menyang ing palabuhan Asos. Ana ing kono anggonku bakal padha methuk Rasul Paulus, awit piwelinge mangkono, dene panjenengane piyambak ngarsakake tindak miyos ing dharatan.

14Bareng wis kapethuk karo aku ana ing Asos, banjur dakdherekake menyang kapal, tumuli mbacutake lelayaran menyang ing kutha Metilene.

15Sawise mancal saka ing kono, esuke tekan ing sangarepe pulo Khios. Ing dina candhake aku padha menyang ing pulo Samos lan let sadina maneh tekan ing palabuhan Miletus.

16Amarga Rasul Paulus wis ngrancang ora bakal mampir ing kutha Efesus supaya aja kesuwen ana ing tanah Asia. Sabab karsane ngenggalake tindake, supaya sabisa-bisa ing dina riyaya Pentekosta wis rawuh ing kutha Yerusalem.

Rasul Paulus pamitan marang para pinituwane pasamuwan ing Efesus

17Marga saka iku Rasul Paulus banjur utusan wong saka Miletus menyang ing Efesus nimbali para pinituwane pasamuwan.

18Satekane padha dipangandikani mangkene: “Kowe padha sumurup, kapriye anggonku pitepungan karo kowe wiwit tekaku ana ing tanah Asia iki:

19anggonku kalawan andhap asor ngabdi marang Gusti. Sajroning pangabdi iku aku kerep banget ngetokake eluh nganti carocosan sarta ngalami pangrencanane wong Yahudi pirang-pirang, kang arep mateni aku.

20Sanadyan mangkono, aku ora tau nglirwakake apa kang migunani tumrap kowe kabeh. Kabeh wus dakcaritakake lan dakwulangake marang kowe, ana ing ngarepe wong akeh utawa ana ing pakumpulan-pakumpulan ing omahmu;

21aku tansah ngyakinake marang wong-wong Yahudi lan Yunani, supaya padha mratobata marang Gusti Allah sarta padha pracayaa marang Gusti kita Yesus Kristus.

22Nanging ing saikine aku lelaku menyang Yerusalem kayadene tawanane Sang Roh, aku ora ngreti apa kang bakal kalakon tumraping aku ana ing kana

23saliyane kang diwedharake dening Sang Roh Suci marang aku ana sawiji-wijining kutha, yen aku bakal kakunjara lan sinangsara.

24Ananging aku sathithik bae ora ngetung marang nyawaku, angger aku bisa nutugake lakuku lan ngrampungake bubuhan kang kaparingake marang aku dening Gusti Yesus, iya iku nekseni bab Injile sih-rahmating Allah.

25Apadene saiki aku sumurup, yen kowe bakal padha ora weruh aku maneh, kowe kabeh kang wus padha dakparani dakwartani bab Kratoning Allah.

26Mulane ing dina iki aku pratela marang kowe kalawan temen-temen, manawa aku resik, ora kaluputan marang sapa bae kang bakal nemu karusakan.

27Sabab aku ora nglirwakake ing bab martakake karsaning Allah kabeh marang kowe.

28Mulane padha reksanen awakmu sarta pepanthan kabeh, amarga kowe kang padha dipiji dening Sang Roh Suci dadi pamong kang kakarsakake ngengon pasamuwaning Allah kang kadarbe sarana rahe kang Putra piyambak

29Aku sumurup, yen saungkurku bakal ana asu ajag kang galak kang padha nekani kowe lan kang ora ngeman marang pepanthan mau.

30Malah saka ing antaramu bakal ana wong kang padha muncul lan mulangake bab kang sulaya, pamurihe supaya bisa nggendeng para siswa saka ing dalan kang bener tuwin banjur padha ngenut marang wong-wong mau.

31Mulane sing padha waspada lan padha eling-elingen, yen aku telung taun lawase, anggonku rina wengi ora kendhat-kendhat kalawan luh mituturi marang kowe dhewe-dhewe.

32Dene saiki kowe padha dakpasrahake marang Gusti lan pangandikaning sih-rahmate, kang kuwasa mbangun kowe lan ngganjar marang kowe bagean kang katamtokake tumrap kabeh wong kang wis kasucekake dening Panjenengane.

33Salaka utawa emas utawa sandhangan, aku ora tau kepengin, saka sapa bae.

34Kowe dhewe padha sumurup, yen kalawan tanganku dhewe anggonku nyambut-gawe amrih bisane oleh apa kang dadi kabutuhanku sarta kabutuhane para kang padha melu aku.

35Tumrap ing sadhengah prakara aku wis aweh tuladha marang kowe, yen wong padha kawajiban nyambut-gawe mangkono kagawe mbiyantu wong-wong kang sekeng sarta kudu eling marang pangandikane Gusti Yesus, sabab Panjenengane piyambak wis ngandika: “Rahayu wong weweh, katimbang karo nampani.

36Sawuse ngandika mangkono Rasul Paulus banjur jengkeng lan ndedonga bebarengan karo wong-wong mau kabeh.

37Wong kabeh padha nangis senggruk-senggruk lan banjur padha ngrangkul Rasul Paulus kalawan ngambungi bola-bali.

38Kabeh padha susah apa maneh marga ana pangandikane, yen bakal padha ora sumurup marang pasuryane maneh. Nuli padha nguntapake panjenengane menyang ing prau.


  Share Facebook  |  Share Twitter

Download Audio MP3 (Kisah Para Rasul 20):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Kisah Para Rasul 20 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel