Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Kisah Para Rasul 27 >> 

Rasul Paulus digawa menyang ing kutha Rum

1Bareng wis diputus, aku kabeh bakal lelayaran menyang ing tanah Itali, Rasul Paulus lan wong tahanan liyane sawatara dipasrahake marang sawijining opsir wadyabalane Sang Nata Agung, jenenge Yulius.

2Aku padha nunggang kapal saka ing palabuhan Adramitium kang bakal layar menyang ing palabuhan-palabuhan ing sauruting pesisire tanah Asia, tumuli padha mangkat. Aristarkhus, wong Makedhonia saka ing kutha Tesalonika, mbarengi lakuku.

3Esuke mampir ing kutha Sidon. Pangrengkuhe Yulius marang Rasul Paulus becik, mulane dililani nemoni para mitrane, supaya padha nyukupi kabutuhane.

4Sarehne nampek angin, anggonku padha lelayaran saka ing kono mlipir ing pesisiring pulo Siprus,

5banjur nrajang ing sagara ing sangareping tanah Kilikia lan Pamfilia, nuli padha tekan ing kutha Mira ing tanah Likia.

6Ana ing kono opsir mrangguli kapal saka ing kutha Aleksandria, kang arep lelayaran menyang ing tanah Itali. Aku kabeh padha dielih mrono.

7Nganti pirang-pirang dina anggonku padha lelayaran meh ora bisa maju, sarta kalawan rekasa banget anggonku padha bisa nyedhaki kutha Knidus. Sarehne angine terus bae ora becik, aku kabeh mlipir ing pasisire pulo Kreta, ngliwati tanjung Salmone.

8Kalawan rekasa banget anggonku ngliwati tanjung mau, tumuli tekan ing panggonan, kang aran Palabuhan Becik, ing sacedhake kutha Lasea.

9Nalika samana wis akeh wektu kang muspra. Wektu puwasa wis kliwat lan manawa mbacutake anggonku padha lelayaran wis mbebayani. Awit saka iku Rasul Paulus nuli ngengetake marang wong kabeh, pangandikane:

10“Para sadherek, saking pangraos kula, anggen kula sami lelayaran punika badhe manggih aral kathah saha badhe kapitunan ageng, boten namung baita samomotanipun kemawon, nanging dalasan gesang kita pisan.”

11Ewadene opsir mau milaur ngandel marang juru-mudhi lan nangkoda tinimbang karo pangandikane Rasul Paulus.

12Nanging sarehne palabuhan iku ora kapenak dilereni ing mangsa atis, mulane wong-wong mau kang akeh padha sarujuk, manawa mbacutake laku lan mbudidaya bisane tekan ing kutha Feniks sarta banjur leren ana ing kono sajrone mangsa atis iku. Kutha Feniks iku sawijining palabuhane pulo Kreta, kang adhepe ngidul ngulon lan ngalor ngulon.

13Ing nalika iku ana angin sumilir saka ing kidul, mulane wong-wong padha ngira, yen sedyane mesthi bakal kaleksanan. Banjur padha mbedhol jangkar lan layar mlipir cedhak banget karo pulo Kreta.

Praune kandhas

14Nanging ora antara suwe nuli ana prahara saka ing pulo iku, kang diarani angin “Lor-Wetan”.

15Praune kabuncang lan ora bisa nahan tumempuhing angin. Mulane aku kabeh banjur pasrah lan ngeli bae.

16Wasana aku padha kentir tekan ing pasisiring pulo cilik kang aran Kauda; ana ing kono kalawan rekasa anggonku padha bisa nggondheli sekocining kapal.

17Bareng sekoci mau diunggahake ing kapal, wong-wong padha ngudi nulungi kapale srana digodhi. Sarehne sumelang manawa kapale bakal kandhas ing klabar Sirtis, layare nuli diudhunake lan banjur ngeli bae.

18Sarehne banget naggonku padha katempuh ing prahara, mulane esuke wong-wong padha wiwit mbuwangi momotaning kapal menyang ing sagara.

19Ing telung dinane padha mbuwangi pirantining kapal dhewe.

20Bareng nganti sawatara dina srengenge utawa lintang-lintang ora katon sarta tansah kaancam ing angin prahara kang nggegirisi, aku kabeh wis ora duwe pangarep-arep yen bakal slamet.

21Lan sarehne wong-wong wis suwe anggone padha ora mangan, Rasul Paulus tumuli jumeneng ana ing satengahe sarta ngandika: “Para sadherek, manawi sami ndhahar atur kula, supados boten mancal saking pulo Kreta, kita tamtu boten ngraosaken kasisahan saha boten kapitunan makaten punika!

22Ewadene sapunika ing salebeting kasangsaran punika, keparenga kula ngaturi pamrayogi, sami kula aturi tatag kemawon ing salebeting panggalih, amargi panunggilan panjenengan satunggal kemawon boten wonten ingkang badhe tiwas, kajawi namung baitanipun.

23Awit kala wau dalu wonten malaekating Allah, inggih punika Gusti Allah, ingkang kula sembah tuwin ingkang ndarbeni kula, jumeneng wonten ing sandhing kula

24sarta ngandika: “Aja wedi, Paulus! Kowe kudu sowan marang ing ngarsane Sang Nata Agung lan sanyatane marga sih-rahmating Allah, kabeh wong kang bebarengan karo kowe ana ing prau iki bakal padha slamet, marga saka kowe.

25Milanipun dipun tatag kemawon panggalih panjenengan, para sadherek! Awit kula pitados dhateng Gusti Allah, bilih sadaya tamtu badhe kalampahan, kados ingkang kapangandikakaken dhateng kula wau.

26Ananging kula sadaya kedah ngandhasaken baita punika wonten ing salah satunggaling pulo.”

27Nalika ing bengine kang kaping patbelas aku kabeh isih terus diontang-antingake ana ing sagara Adria. Nanging bareng tengah wengi wong-wong prau padha krasa, yen wis cedhak karo dharatan.

28Banjur ngukur jerone nganggo bandhul jajagan, tinemu rong puluh dhepa. Bareng wis maju sawatara, nuli njajagi maneh, tinemu limalas dhepa.

29Sarehne aku kabeh sumelang, yen bakal kandhas ing salah sawijining parang, mulane wong-wong padha mbuwangi jangkar papat kang ana ing buritan sarta aku padha ngarep-arep, muga-muga enggal esuk.

30Nanging wong-wong kapal padha sumedya minggat saka ing prau, sarta padha ngudhunake sekoci, rewa-rewa arep mbuwangi jangkar saka ing ngarep.

31Mulane Rasul Paulus banjur matur marang opsir lan para prajurit: “Manawi tiyang-tiyang punika boten lestantun wonten ing baita, panjenengan sadaya boten badhe wilujeng.”

32Para prajurit banjur ngethoki talining sekoci, tumuli dicegurake.

33Bareng wis ngarepake raina, Rasul Paulus ngatag marang wong kabeh, padha dipurih mangan, pangandikane: “Sampun kawan welas dinten dangunipun anggen panjenengan sami ngantos-antos kemawon, nahan-nahanaken luwe boten dhahar punapa-punapa.

34Milanipun kula ngaturi pamraogi, sami karsaa dhahar rumiyin. Bab punika prelu kangge kawilujengan panjenengan. Ing antawis panjenengan boten wonten satunggal kemawon ingkang badhe kecalan rambut sanadyan namung saeler kemawon saking sirahipun.”

35Sawise ngandika mangkono, panjenengane nuli mundhut roti, lan sawise saos sokur marang Gusti Allah ana ing ngarepe wong akeh, rotine banjur dicuwil-cuwil sarta wiwit dhahar.

36Wong kabeh banjur padha lejar atine, lan iya banjur uga padha mangan.

37Gunggungku kabeh kang ana ing kapal iku ana rong atus pitung puluh enem.

38Sawise padha wareg, momotan gandum padha dibuwangi menyang ing sagara, supaya praune bisa entheng.

39Lan bareng wis awan, wong-wong padha ndeleng sawijining teluk kang pasisire warata. Sanadyan padha durung tau weruh dharatan ing kono, ewasamono banjur mutus sabisa-bisa arep ngandhasake praune ana ing kono.

40Tali-talining jangkar dikethoki, jangkare padha ditinggal ana ing dhasaring sagara. Tali-tali kemudhi padha diuculi, banjur masang layar panampek, supaya angin bisa nyurung praune menyang ing pasisir.

41Nanging banjur nabrak klabar, temahan praune kandhas. Perangan kang ngarep ambles ora bisa obah, dene kang buri remuk marga saka panempuhing alun kang nggegirisi.

42Nalika samana para prajurit sedyane arep mateni pasakitan kabeh, supaya ora ana siji-sijia kang bisa minggat kalawan nglangi.

43Nanging opsire kapengin nggesangi Rasul Paulus. Mulane niyate para prajurit mau digagalake sarta prentah, supaya wong-wong kang bisa nglangi padha ndhisiki nyegur ing sagara lan munggah ing dharatan,

44dene wong-wong liyane padha didhawuhi nusul kalawan migunakake blabag utawa pecahan-pecahan prau. Mangkono dadine wong kabeh mau padha bisa munggah ing dharatan kanthi slamet.


  Share Facebook  |  Share Twitter

Download Audio MP3 (Kisah Para Rasul 27):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Kisah Para Rasul 27 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
© 2010-2019
Alkitab.SABDA.org

Android.SABDA.org
SABDA.mobi
Bantuan
Dual Panel

Laporan Masalah/Saran