Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Kisah Para Rasul 3 >> 

Wong lumpuh kawarasake

1Ing sawijining dina, ngarepake wektu sembahyang, yaiku jam telu awan, Rasul Petrus lan Rasul Yokanan padha minggah menyang ing Padaleman Suci.

2Ing kono ana wong lumpuh lair mula, mulane saben dina digendhong lan diselehake ing sacedhake gapuraning Padaleman Suci kang aran Gapura Endah, supaya ngemis marang wong kang padha lumebu menyang ing Padaleman Suci.

3Bareng wong mau weruh Rasul Petrus lan Rasul Yokanan arep lumebet menyang ing Padaleman Suci, banjur nyuwun peparing.

4Karone padha mirsani wong iku sarta Rasul Petrus tumuli ngandika: “Aku ingetna.”

5Wong mau iya banjur mandeng marang karone kanthi pangarep-arep bakal kaparingan apa-apa.

6Nanging Rasul Petrus nuli ngandika: “Emas lan salaka aku ora duwe, nanging kang aku duwe, kowe dakwenehi: Atas asmane Gusti Yesus Kristus saka ing Nasaret, lumakua!”

7Panjenengane banjur ngasta tangane tengen wong mau, nulungi anggone ngadeg. Sanalika iku uga sikile lan poloke wong mau dadi kukuh,

8tumuli njumbul ngadeg sarta mlaku-mlaku mrana-mrene sarta banjur ndherek karone lumebu menyang ing Padaleman Suci, kalawan lumaku lincak-lincak sarta memuji marang Gusti Allah.

9Rakyat weruh kabeh anggone mlaku-mlaku kambi memuji marang Gusti Allah iku

10sarta iya banjur padha ora pangling, yen wong iku kang adate lungguh ngemis ana ing Gapura Endah ing Padaleman Suci, satemah padha kaeraman lan kegawokan marang apa kang wus kalakon mungguh ing wong mau.

Kotbahe Rasul Petrus ana ing Srambi Suleman

11Sarehne wong iku tansah ngetutake marang Rasul Petrus lan Rasul Yokanan, mulane wong akeh kang padha kaeraman banget iku kabeh padha teka ngrubung ana ing srambi kang aran Srambi Suleman.

12Bareng Rasul Petrus mirsa wong akeh iku, banjur ngandika: “Para sadherek Israel, punapaa dene panjenengan sadaya sami gumun dhateng lelampahan punika saha punapa sababipun dene penjenengan sami mirsani dhateng kula, kados-kados kula ingkang murugaken tiyang punika saged lumampah, margi saking panguwaos utawi kamursidan kula piyambak?

13Gusti Allahipun Rama Abraham, Iskak lan Yakub, Gusti Allahipun leluhur kita sampun ngluhuraken Abdinipun, inggih punika Gusti Yesus ingkang panjenengan ulungaken saha panjenengan tampik wonten ing ngarsanipun Sang Pilatus, sanadyan Sang Pilatus nggalih, bilih Panjenenganipun kedah dipun luwari.

14Nanging panjenengan sampun nampik Ingkang Suci saha leres, sarta ngarsakaken tiyang ingkang damel pepejah, supados kaparingaken dhateng panjenengan.

15Margi saking makaten punika, dados panjenengan nyedani Panjenenganipun ingkang dados Panuntuning gesang, nanging lajeng sampun kawungokaken dening Gusti Allah saking antawisipun tiyang pejah; saha tumrap bab punika kula ingkang sami dados seksinipun.

16Punapa dene margi saking pitados dhateng Asma Yesus punika, mila Asma punika sampun kelampahan ngiyataken tiyang ingkang panjenengan pirsani saha ingkang panjenengan sampun tepang punika; sarta kapitadosan punika ingkang njalari sarasipun tiyang punika wonten ing ngarsa panjenengan sadaya.

17Para sadherek, kula mangretos, bilih anggen panjenengan sami tumindak makaten punika, amargi saking kiranging pangretosan, sami kados para pangageng panjenengan sadaya.

18Nanging kanthi patrap makaten Gusti Allah sampun kelampahan nuhoni punapa ingkang kala rumiyin kapangandikakaken lumantar para nabinipun, inggih punika bilih Sang Mesih ingkang kautus punika kedah nandhang sangsara.

19Awit saking punika sami kula aturi enget saha sami mratobata, supados dosa panjenengan kaapunten,

20supados Pangeran lajeng ndhatengaken mangsa ingkang ludhang saha ngutus Gusti Yesus, ingkang wiwit sakawit sampun katamtokaken dados Kristus kagem panjenengan sadaya.

21Sang Kristus punika kedah wonten ing swarga ngantos dumugi ing titimangsa pulihipun samukawis sadaya, kadosdene ingkang sampun dipun pangandikakaken dening Gusti Allah lumantar para nabinipun ingkang suci nalika jaman rumiyin.

22Rak sampun dipun pangandikakaken dening Nabi Musa: Gusti Allah bakal nangekake nabi saka ing antarane para sadulurmu, padha kayadene aku. Yaiku kang kudu kokrungokake apa kang bakal dipangandikakake marang kowe.

23Sarta bakal kalakon, kabeh wong kang ora ngrungokake nabi iku, bakal katumpes saka ing antarane umat kita.

24Punapa dene sadaya nabi ingkang nate nglairaken pangandika, wiwit Nabi Samuel saha sasampunipun panjenenganipun, sampun sami meca bab jaman punika.

25Inggih panjenengan sadaya punika ingkang maris pameca-pameca punika saha angsal bagean tumrap ing prajanjian ingkang dipun wontenaken dening Gusti Allah kalayan leluhur kita, inggih punika nalika Panjenenganipun ngandika dhateng Rama Abraham: Marga saka turunira, kabeh bangsa salumahing bumi bakal kabarkahan.

26Lan ingkang rumiyin inggih kagem panjenengan sadaya punika anggenipun Gusti Allah njumenengaken Abdinipun saha ngutus Panjenenganipun nuweni panjenengan sadaya, supados panjenengan sami kabarkahan saha nuntun panjenengan piyambak-piyambak saking piawon panjenengan.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

Download Audio MP3 (Kisah Para Rasul 3):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Kisah Para Rasul 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel