Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Kolose 1 >> 

Salam

1Saka Paulus, rasule Gusti Kristus Yesus, kang marga dening karsane Gusti Allah, lan saka sadulur kita Timoteus,

2marang para sadulur kang suci lan kang pracaya ana ing patunggilane Gusti Kristus, kang ana ing Kolose. Sih-rahmat lan tentrem-rahayu saka Gusti Allah Rama kita, anaa ing kowe kabeh.

Pamuji sokur lan pandonga

3Aku tansah padha saos sokur marang Gusti Allah, Kang Ramane Gusti kita Yesus Kristus, lan ora pegat tansah ndongakake kowe,

4awit aku wus padha krungu bab pracayamu ana ing Gusti Kristus Yesus, mangkono uga bab katresnanmu marang para suci,

5kagawa saka pangarep-arep marang apa kang wus digadhangake marang kowe ana ing swarga. Mungguh pangarep-arep mau ing sadurunge wus kokrungu saka ing Pangandikaning kayekten yaiku Injil,

6kang wus padha koktampani. Injil mau metokake woh lan mekar nyrambahi ing sajagad, malah iya tekan ing antaramu wiwit ing dina anggonmu krungu lan mangreti temenan marang sih-rahmate Gusti Allah.

7Sakabehe iku mau sumurupmu saka Epafras kancaku leladi kang daktresnani, kang tumrap ing kowe dadi paladose Gusti Kristus kang setya.

8Iya dheweke iku kang martani aku bab katresnanmu ana ing patunggilane Roh.

9Marga saka iku, wiwit aku oleh pawarta mau, ora pegat anggonku ndongakake kowe. Kang daksuwun supaya kowe kaparingana sakabehing kawicaksanan lan kawruh kasukman kanggo nyumurupi bab karsane Pangeran kang kalawan sampurna,

10temah uripmu ana ing ngarsane bisa kalawan sapatute lan ndadekake keparenge tumrap sadhengah prakara, lan sajrone nindakake sakabehing panggawe becik bisa metokake woh, lan maneh saya mundhak murni kawruhmu ing bab Gusti Allah,

11lan maneh kowe padha kasantosakna sarana kakuwatan panguwasaning kamulyane Pangeran, supaya bab anggonmu ngrasakake samubarang kabeh kalawan tumemen lan sabar.

12Sabanjure padha saosa sokur kanthi bungah marang Sang Rama, kang wus memantes marang kowe bisane kapanduman apa kang wus katamtokake tumrap marang para suci kang ana ing kratoning pepadhang.

13Panjenengane wus ngluwari kita saka panguwasaning pepeteng, kaelih menyang kratone Sang Putra kang kinasih.

14Ana ing Panjenengane anggon kita nduweni tetebusan, yaiku pangapuraning dosa.

Bab pinunjule Gusti Kristus

15Panjenengane iku citrane Gusti Allah kang ora katingal, kang pambayun, kang luwih pinunjul tinimbang samubarang kabeh kang dititahake,

16marga dumadine samubarang kabeh iku dening Panjenengane, iya kang ana ing swarga, iya kang ana ing bumi, kang kasat mripat, lan kang ora kasat mripat, dadia awujud dhampar dadia kaprabon, apadene para pamarentah lan para panguwasa; samubarang kabeh katitahake dening Panjenengane lan lumadi marang Panjenengane;

17Panjenengane iku anane sadurunge samubarang kabeh ana, lan samubarang kabeh iku anane ana ing Panjenengane;

18Panjenengane iku jumeneng dadi sesirahing sarira, yaiku pasamuwan. Panjenengane dadi pambayun, kang ndhisiki wungu saka ing antarane wong mati, mulane kasebut pinunjul piyambak ing antarane samubarang kabeh.

19Marga kawontenane Allah ing sawetahe kepareng dedalem ana ing Panjenengane,

20kang ngrukunake samubarang kabeh karo sarirane, kang ana ing bumi lan kang ana ing swarga; yaiku sawuse ngawontenake pirukun sarana rohe Gusti Kristus kang sinalib.

21Mangkono uga kowe kabeh kang maune urip adoh karo Gusti Allah, sajroning ati lan pikiranmu lumawan marang Panjenengane, kacihna saka panggawemu kang ala,

22saiki wus dirukunake ana ing sarirane kadagingan Gusti Kristus sarana sedane, supaya kowe padha tinemu suci tanpa cacad lan resik anggonmu kasowanake ana ing ngarsane.

23Marga saka iku kowe kudu padha mantep ing pracaya, tetep santosa ora keguh, lan aja nganti nyleweng saka ing pangarep-areping Injil kang wus padha kokrungu, lan wus kagelarake ana ing salumahing bumi sakurebing langit, lan aku iki, Paulus, kang wis dadi paladose.

Bab leladi lan sangsarane Rasul Paulus

24Saiki aku bungah dene aku ketaman sangsara kang marga saka kowe, lan aku kang ngganepi ana ing dagingku kakuranganing sangsarane Gusti Kristus tumrap ing sarirane, yaiku pasamuwan.

25Aku wus dadi paladose pasamuwan iku nyondhongi bubuhan kang diparingake dening Gusti Allah marang aku, yaiku nglantarake sabdane kalawan sakatoge marang kowe,

26yaiku wewadi kang sumimpen sajroning pirang-pirang jaman lan turun-tumurun, nanging kang ing saiki wus kalairake marang para suci kagungane.

27Iku padha diparingi sumurup sapira kaluwihaning kamulyane wewadi mau ana ing antarane para bangsa liya, yaiku: Gusti Kristus ana ing tengahmu, iya ana ing Sang Kristus iku dununge pangarep-arep marang kamulyan.

28Iya Panjenengane iku kang dakwartakake samangsa aku padha mituturi lan mulang saben wong bab sarupane kawruh kanggo nuntun saben wong marang kasampurnan kang ana ing Gusti Kristus,

29iku kang dakprasudi lan daktempuh kalawan sakabehing kakuwatan laras karo panguwasane Gusti kang makarya ana ing aku kalawan kuwat.


  Share Facebook  |  Share Twitter

Download Audio MP3 (Kolose 1):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Kolose 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel