Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Kolose 4 >> 

1He, para bandara, tumindaka adil lan jujur marang baturmu, elinga yen kowe uga duwe bandara ana ing swarga.

2Sing tegen ndedonga, lan sajrone mangkono iku meleka kambi saos sokur.

3Aku kabeh iya dongakna, supaya Gusti Allah maringi dalan tumrap anggonku padha nyebar pangandika, lan bisa nyaritakake bab kekerane Gusti Kristus, kang njalari anggonku kinunjara.

4Sarana mangkono iku aku bisa njlentrehake bab mau ing samesthine.

5Tumindaka kanthi sakehing kawicaksanan tumrap wong jaba, sarta padha nggemenana wektu.

6Calathumu sing tansah kebak katresnan, aja cemplang, satemah kowe sumurup, kapriye anggonmu bakal mangsuli pitakone saben wong.

Panutup lan salam

7Bab kaananku sakabehe bakal diwartakake marang kowe kabeh dening Tikhikus, sadulur kita kang kinasih, abdi kang setya lan kanca leladi ana ing Gusti.

8Dheweke dakkongkon nemoni kowe supaya kowe nyumurupi kaananku kabeh lan supaya nglipur atimu.

9Lakune dakkantheni Onesimus, sadulur kita kang setya lan kinasih, wong saka ing antaramu, iku bakal padha martakake marang kowe samubarang kabeh kang kalakon ana ing kene.

10Salam marang kowe saka Aristarkhus, kancaku kinunjara, lan saka Markus kaponakane Barnabas -- tumrap dheweke kowe rak wus tampa welingan -- iku yen nekani kowe tampanana.

11Lan salam saka Yesus kang apeparab Yustus. Saka antarane para wong tetakan, iya mung wong telu iku rewangku nyambut-gawe kagem Kratone Gusti Allah; iku padha ndadekake lipuring atiku.

12Salam saka Epafras marang kowe, dheweke asline saka ing antaramu, iku abdine Gusti Kristus Yesus, kang tansah ngganter anggone ndongakake kowe, supaya kowe tetep tanggon, kayadene wong-wong kang diwasa lan kang yakin temenan marang apa kang dadi karsane Gusti Allah.

13Tumrap dheweke aku bisa aweh paseksi, bab anggone ngetog kekuwatan kanggo kowe lan para wong ing kutha Laodhikia lan ing kutha Hierapolis.

14Salam marang kowe saka Lukas, dokter kang kinasih lan saka Dhemas.

15Salamku marang para sadulur ing kutha Laodhikia; uga marang Nimfa lan pasamuwan kang ana ing omahe.

16Sarta maneh samangsa layang iki wus diwacakake ana ing antaramu, arahen supaya diwacakake uga ana ing pasamuwan Laodhikia, lan layang kang marang Laodhikia supaya uga diwacakake ana ing ngarepmu.

17Lan Arkhipus kandhanana mangkene: Poma gatekna, kwajiban leladi, kang wus koktampani ing sajroning Gusti iku supaya kok tetepana kalawan samesthine.

18Salam saka aku Paulus. Salam iki daktulis nganggo tanganku dhewe. Elinga yen aku diblenggu. Sih-rahmat anaa ing kowe.


  Share Facebook  |  Share Twitter

Download Audio MP3 (Kolose 4):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Kolose 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel