Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Matius 15 >> 

Pepakoning Pangeran lan tatanan agama

1Sawise iku banjur ana wong Farisi lan ahli Toret sawatara saka ing Yerusalem kang padha sowan marang ngarsane Gusti Yesus sarta matur:

2“Punapa sababipun, dene sakabat Panjenengan kok sami nerak adat-tatacaranipun para leluhur kita? Manawi badhe nedha kok sami boten wisuh tangan rumiyin?”

3Nanging paring wangsulane Gusti Yesus marang wong-wong mau; “Yagene kowe kok uga padha nerak angger-anggere Gusti Allah marga saka anane adat-tata-caramu dhewe?

4Sabab Gusti Allah ngandika: Sira ngajenana bapa biyungira; lan maneh: Sing sapa ngipat-ipati bapa utawa biyunge kudu mati.

5Ewadene kandhamu: sing sapa kandha marang bapa utawa biyunge: Punapa ingkang dados gadhahan kula, ingkang kaginakaken kangge ngopeni panjenengan, punika sampun kangge kurban katur ing Pangeran,

6wong iku banjur wis ora kawajiban ngajeni bapakne utawa biyunge maneh. Dadine kowe wis ngorakake pepakoning Allah marga saka adat-tata-caramu dhewe.

7Heh, wong lamis, ceples temen pamecane Nabi Yesaya tumrap kowe:

8Bangsa iki anggone ngluhurake Ingsun kanthi lambene, dene atine adoh karo Ingsun.

9Tanpa guna anggone padha ngabekti marang Ingsun, dene piwulang kang diajarake iku pepakoning manungsa.”

10Gusti Yesus banjur nimbali wong akeh, kang dipangandikani mangkene:

11“Padha ngrungokna lan mangretia: Kang njemberi wong iku dudu kang mlebu ing cangkem, nanging kang metu saka ing cangkem, iku kang njemberi wong.”

12Ing nalika iku para sakabate padha sowan ing ngarsane lan munjuk: “Punapa Paduka mirsa, bilih pangandika Paduka wau dados sandhungan tumrap tiyang Farisi?”

13Paring wangsulane Gusti Yesus: “Sadhengaha thethukulan kang dudu tanemane RamaKu ing swarga iku bakal kabedhol saoyod-oyode.

14Aja kokrewes wong iku, iku wong picak nuntun padha wong picak. Yen wong picak nuntun wong picak, loro-lorone mesthi padha kecemplung ing luwangan.”

15Petrus tumuli munjuk marang Panjenengane: “Kawula mugi kaparingana katrangan bab pasemon punika wau.”

16Dhawuh pangandikane Gusti Yesus: “Dadi kowe iya padha durung mangreti?

17Apa kowe padha ora mangreti, yen samubarang kang lumebu ing cangkem, iku parane menyang ing weteng banjur dibuwang menyang ing pakiwan?

18Nanging samubarang kang metu saka ing cangkem iku asale saka ing ati sarta iya iku kang njemberi marang wong.

19Amarga kang thukule saka ing ati iku kayata: pikiran kang ala, gawe pepati, laku jina, cabul, nyenyolong, sumpah palsu lan pitenah.

20Yaiku kang gawe jembering wong. Nanging mangan ora nganggo wisuh iku ora njemberi.”

Wong wadon bangsa Kanaan kang pracaya

21Gusti Yesus banjur jengkar saka ing kono tindak menyang ing tlatahe kutha Tirus lan Sidon.

22Tumuli ana wong Kanaan saka ing jajahan kono kang teka kanthi nguwuh-uwuh: “Dhuh, Gusti, tedhakipun Sang Prabu Dawud, kawula mugi Paduka paringi kawelasan, anak kawula estri kapanjingan dhemit, mesakaken sanget.”

23Nanging Gusti Yesus ora kersa paring wangsulan babar pisan. Para sakabate padha ngadhep lan munjuk marang Gusti Yesus: “Tiyang punika kadhawuhana kesah, dene kok ngetutaken kita kaliyan bengok-bengok.”

24Gusti Yesus banjur mangsuli, pangandikane: “Aku mung kautus marani wedhus-wedhus Banisrael kang padha ilang bae.”

25Nanging wong wadon mau banjur marak lan sujud ing ngarsane Gusti Yesus sarta matur: “Dhuh, Gusti, nyuwun tulung!”

26Nanging Gusti Yesus mangsuli, pangandikane: “Ora bener, wong njupuk rotine anak-anak banjur diuncalake marang asu.”

27Atur wangsulane wong wadon: “Kasinggihan Gusti, nanging segawon rak inggih sami nedha cuwil-cuwilan ingkang dhawah saking mejaning bendaranipun.”

28Ing kono Gusti Yesus tumuli paring wangsulan pangandikane: “Heh, wong wadon, kok gedhe pangandelmu, mulane katekana apa kang dadi karepmu.” Lan sanalika iku uga anake wong wadon mau banjur waras.

Gusti Yesus maringi mangan wong patang ewu

29Gusti Yesus sawise jengkar saka ing tlatah kono, banjur tindak menyang ing pinggiring sagara Galilea lan minggah redi, tumuli lenggah ing kono.

30Banjur ana wong akeh kang padha gumrudug mrono nyowanake lumpuh, wong pincang, wong picak, wong bisu lan liya-liyane akeh, padha kasowanake ing ngarsane Gusti Yesus, kabeh banjur padha diwarasake.

31Temahan wong akeh padha kaeraman ndeleng wong bisu padha caturan, wong pincang padha waras, wong lumpuh padha lumaku, wong picak bisa ndeleng, lan kabeh banjur padha ngluhurake Allahe Israel.

32Sawise iku Gusti Yesus tumuli nimbali para sakabate, padha dipangandikani mangkene: “AtiKu trenyuh banget saka welasKu marang wong akeh iki. Wis telung dina anggone padha ngetutake Aku, mangka wis ora ana kang dipangan. Aku ora bisa akon mulih wong-wong iku, amarga lagi padha kaluwen, gek-gek padha ambruk ana ing dalan.”

33Para sakabate padha munjuk: “Kadospundi anggen kawula sami saged angsal roti wonten ing papan ingkang samun makaten, ingkang ngantos saged damel tuwuking tiyang ingkang samanten kathahipun punika?”

34Pangandikane Gusti Yesus: “Kowe padha duwe roti pira?” “Pitu,” atur wangsulane para sakabat, “sarta wonten ulam alit-alit sawatawis.”

35Gusti Yesus banjur dhawuh marang wong akeh iku, supaya padha lungguh ing lemah.

36Sawise mangkono Panjenengane banjur mundhut roti pitu lan iwak-iwak mau lan sawise caos sokur, banjur padha dicuwil-cuwil lan diparingake marang para sakabat, sarta para sakabat padha ngedum marang wong akeh.

37Tumuli kabeh padha mangan nganti wareg. Sawise mangkono turahane diklumpukake, nganti dadi pitung kranjang kebak.

38Anadene kang padha melu mangan iku kang lanang, kajaba wong wadon lan bocah-bocah, cacahe patang ewu.

39Sawise iku Gusti Yesus nuli dhawuh marang wong akeh, supaya padha mulih. Panjenengane banjur nitih prau tindak menyang ing tlatah Magadan.


  Share Facebook  |  Share Twitter

Download Audio MP3 (Matius 15):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Matius 15 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel