Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Matius 17 >> 

Gusti kamulyakake ana ing gunung

1Sawise nem dina Petrus lan Yakobus sarta Yokanan sadulure kadhawuhan ndherek Gusti Yesus minggah ing gunung kang dhuwur, prelu miyambak.

2Gusti Yesus banjur katon santun cahya ana ing ngarepe para sakabat mau, pasuryane mancorong kaya srengenge, sarta pangagemane putih sumorot kaya pepadhang.

3Tumuli padha dikatingali Nabi Musa lan Nabi Elia, kang padha ngandikan karo Panjenengane.

4Petrus banjur matur marang Gusti Yesus: “Gusti, iba saenipun, bilih kawula sadaya wonten ing ngriki. Manawi Paduka marengaken, kawula badhe damel pondhokan tetiga, satunggal kagem Paduka, satunggal kagem Nabi Musa saha satunggalipun malih kagem Nabi Elia.”

5Sajrone lagi matur, dumadakan ana mega padhang kang ngayomi wong akeh, sarta banjur ana swara kaprungu saka ing sajroning mega, pangandikane: “Iki PutraningSun, KekasihingSun, Kang damel renaning panggalihingSun, Iku sira rungokna.”

6Krungu kang mangkono iku para sakabat padha sumungkem ing bumi lan banget wedine.

7Gusti Yesus banjur nyelak njawili para sakabate sarta ngandika: “Padha ngadega, aja wedi.”

8Lan bareng padha ndengengek, sing katon mung Gusti Yesus piyambak, ora ana wong liyane maneh.

9Nalika padha mudhun saka ing gunung, Gusti Yesus paring piweling marang para sakabate mau, pangandikane: “Wahyu iku mau aja kokkandhak-kandhakake marang sapa bae, sadurunge Putraning Manungsa kawungokake saka ing antarane wong mati.”

10Para sakabate tumuli padha matur pitaken: “Manawi makaten, punapaa dene para ahli Toret sami cariyos, bilih Nabi Elia pinasthi rawuh rumiyin?”

11Paring wangsulane Gusti Yesus: “Pancen Elia bakal teka mbenakake samubarang kabeh,

12nanging Aku pitutur marang kowe: Elia wis teka, mung bae wong-wong ora wanuh marang dheweke, malah digawe sawenang-wenang. Mangkono uga Putraning Manungsa iya bakal nandhang sangsara marga saka panggawene wong-wong mau.”

13Nalika iku para sakabate Gusti Yesus padha mangerti, yen kang dipangandikakake iku Nabi Yokanan Pambaptis.

Bocah kang lara ayan kesurupan dhemit diwarasake

14Bareng wis padha bali tekan ing enggone wong akeh maneh, ana wong kang sowan ing ngarsane Gusti Yesus banjur sujud lan matur:

15“Gusti, anak kawula mugi Paduka welasi. Piyambakipun sakit ayan, lan sangsara sanget. Asring dhawah ing latu lan inggih asring dhawah ing toya.

16Sampun kawula bekta dhateng ing ngajenging para sakabat Paduka, nanging sami boten saged nyarasaken.”

17Gusti Yesus banjur ngandika: “Heh, jinis kang ora duwe pangandel lan kang kablinger, nganti pira lawase anggonKu isih kudu tetunggalan karo kowe kabeh? Nganti pira lawase anggonKu isih kudu tahan ana ing antaramu? Bocahe prenekna!”

18Gusti Yesus banjur ndukani dhemite, wasana metu, sarta wiwit nalika iku bocahe dadi waras.

19Para sakabat tumuli padha sowan ngadhep ing ngarsane lan bareng wis karo Panjenengane piyambakan, padha matur: “Punapa dene kawula sami boten saged nundhung dhemit wau?”

20Banjur padha kaparingan wangsulan: “Jalaran pracayamu kurang. Sabab satemene pituturKu marang kowe: Saupama kowe duwe pangandel sawiji sawi bae, kowe bisa akon gunung: Sumingkira saka ing kene mrana. Gununge iku mesthi ngalih, sarta ora ana barang kang mokal tumrap kowe.

21[Jinis iki ora bisa katundhung yen ora sarana ndedonga lan pasa].”

Pameca kang kapindho bab sangsarane Gusti Yesus

22Nalika padha ana ing tanah Galilea Gusti Yesus ngandika marang para sakabat: “Putraning Manungsa bakal dipasrahake marang tanganing wong,

23sarta bakal disedani lan ing telung dinane bakal kawungokake.” Mulane para sakabat padha susah banget.

Gusti Yesus asok pajeg Padaleman Suci

24Bareng padha lumebu ing kutha Kapernaum, para juru mupu pajeg Padaleman Suci padha marani Petrus lan calathu: “Guru Panjenengane punapa boten asok paos kalih drakhma?”

25Wangsulane Petrus: “Inggih asok!” Nalika Petrus lumebu ing omah, Gusti Yesus ngrumiyini kalawan ndangu: “Simon, panemumu kapriye? Sapa sing dipundhuti beya lan pajeg dening para raja ing donya iki, para putrane apa wong manca?”

26Ature Petrus: “Tiyang manca!” Gusti Yesus ngandika: “Dadine para putra ora.

27Nanging supaya aku kabeh aja dadi sandhungan tumrap wong-wong iku, kowe mancinga menyang sagara. Iwak kang kena kokpancing dhisik dhewe iku cekelen, angapna cangkeme, kowe bakal nemu dhuwit patang drakhma ana ing jerone. Jupuken bayarna marang wong-wong iku, kanggo Aku lan kowe.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

Download Audio MP3 (Matius 17):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Matius 17 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel