Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Matius 19 >> 

Bab pegatan

1Bareng Gusti Yesus wis mungkasi piwulange mau banjur tindak saka ing Galilea menyang ing tlatahe tanah Yudea ing sabrange bengawan Yarden.

2Akeh wong kang padha gumrudug ndherekake, nuli padha diwarasake ana ing kono.

3Tumuli ana wong-wong Farisi kang sowan ing ngarsane, sumedya nyoba Panjenengane, ature: “Tiyang punapa dipun kengingaken megat semahipun awit saking sadhengaha sabab?”

4Paring wangsulane Gusti Yesus: “Apa kowe ora maca, yen kang nitahake manungsa iku wiwit sakawit anggone ndadekake wis arupa lanang lan wadon?

5Lan pangandikane: Mulane wong lanang iku kudu ninggal bapa biyunge sarta banjur manunggal karo rabine, temah loro-lorone dadi daging siji.

6Mulane wis mari dadi loro, mung siji. Awit saka iku, apa kang wus katunggalake dening Allah, ora kena kapisah dening manungsa.”

7Unjuke wong-wong Farisi mau: “Manawi makaten, punapaa dene Nabi Musa dhawuh supados nyukani serat pegat, manawi tiyang megat ingkang estri?”

8Gusti Yesus ngandika: “Marga saka wangkoting atimu, Musa ngidini kowe megat bojomu, nanging wiwitan mula ora mangkono.

9Malah Aku pitutur marang kowe: Sing sapa megat rabine, liyane jalaran saka laku jina lan banjur rabi liyane, iku dadi laku bandrek.”

10Para sakabat tumuli padha munjuk: “Manawi makaten kawontenanipun tiyang sesemahan, langkung sae boten emah-emah.”

11Nanging pangandikane: “Ora kabeh wong ngreti marang kandhaKu, mung kang wus kaparingan kanugrahan.

12Ana wong kang ora bisa omah-omah, awit wiwit lair saka ing guwa-garbane ibune, kaanane wis kaya mangkono lan ana wong kang didadekake mangkono dening wong liya lan ana maneh kang gawe awake dhewe mangkono saka karepe dhewe marga saka Kratoning Swarga. Sing sapa bisa ngreti, supaya mangretia.”

Gusti Yesus mberkahi bocah-bocah

13Tumuli ana wong kang padha nyowanake bocah cilik-cilik marang ngarsane Gusti Yesus, supaya ditumpangana asta sarta didongakake; nanging banjur padha disrengeni dening para sakabat.

14Nanging Gusti Yesus ngandika: “Cikben bocah-bocah iku, aja kokalang-alangi anggone padha sowan ing ngarsaKu, sabab wong-wong kang kaya mangkono iku, kang padha ndhuweni Kratoning Swarga.”

15Panjenengane nuli numpangi asta marang bocah-bocah mau, banjur tindak saka ing kono.

Wong nom-noman sugih sowan ing ngarsane Gusti Yesus

16Ana sawijining wong sowan ing ngarsane Gusti Yesus lan matur: “Gusti, kula kedah nglampahi pandamel sae punapa, supados saged angsal gesang langgeng?”

17Pangandikane Gusti Yesus: “Apa sababe, dene kowe takon marang Aku bab apa kang becik? Kang becik iku mung Siji. Ewadene manawa kowe kapengin lumebu ing urip, tetepana sakabehing pepakon.”

18Unjuke wong mau: “Pepaken ingkang pundi?” Paring wangsulane Gusti Yesus: “Sira aja memateni, sira aja laku jina, sira aja nyenyolong, sira aja ngucapake paseksi goroh.

19Sira ngajenana bapa-biyungira lan sira tresnaa marang sapepadhanira kayadene awakira dhewe.”

20Unjuke wong anom iku: “Punika sadaya sampun kula tetepi, punapa malih ingkang taksih kirang?”

21Pangandikane Gusti Yesus: “Yen kowe arep sampurna, wis lungaa, barang darbekmu kabeh dolana, lan pepayone kabeh wenehana marang wong miskin, temahan kowe oleh bandha ana ing swarga, banjur mrenea, melua Aku.”

22Bareng wong anom mau krungu pangandika kang mangkono iku, banjur mundur kalawan sedhih, amarga bandhane akeh.

23Gusti Yesus tumuli ngandika marang para sakabate: “Satemene pituturKu marang kowe, yen wong sugih iku angel banget bisane lumebu ing Kratoning Swarga.

24Sapisan engkas pituturKu marang kowe, luwih gampang unta lumebu ing bolonganing dom tinimbang wong sugih lumebu ing Kratoning Allah.”

25Para sakabate bareng krungu kang kaya mangkono iku, padha banget anglesing atine sarta padha ngunandika: “Yen mangkono iku sapa ta sing bisa oleh karahayon?”

26Gusti Yesus banjur mandeng marang para sakabat sarta ngandika: “Tumraping manungsa bab iku mokal, nanging mungguhing Allah samubarang kabeh bisa kalakon.”

Ganjarane para pandhereke Gusti Yesus

27Petrus tumuli mangsuli, unjuke: “Kawula sadaya sampun sami nilar samukawis saha lajeng ndherek Paduka; ingkang punika kawula sami badhe angsal punapa?”

28Pangandikane Gusti Yesus: “Satemene pituturKu marang kowe, besuk ing jaman pembangunan, manawa Putraning Manungsa lenggah ing dhampar kamulyan, kowe kang wis padha ndherek Aku, iya bakal linggih ing dhampar rolas sarta ngadili taler Israel rolas.

29Lan saben wong kang marga saka Aku wis ninggal omahe, sadulure lanang utawa wadon, bapa-biyunge, anak-anake apadene palemahane, iku bakal tampa sembulih tikel satus lan bakal oleh warisan urip langgeng.

30Ananging akeh pangarep kang bakal dadi pamburi lan para pamburi bakal dadi pangarep.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

Download Audio MP3 (Matius 19):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Matius 19 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel