Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Matius 20 >> 

Pasemon bab buruh tani ing kebon anggur

1“Anadene Kratoning Swarga iku kena diupamakake wong kang ing wanci esuk umun-umun metu golek wong buruh kanggo kebone anggur.

2Bareng wis padha sarujuke opahe nyadinar sadina, banjur padha dikon menyang ing kebone.

3Kira-kira jam sanga dheweke metu maneh nuli weruh wong-wong kang padha nganggur ana ing pasar.

4Calathune marang wong-wong mau: Kowe iya padha menyanga ing pakebonanku anggur, mengko bakal dakwenehi pituwas sapantese. Wong-wong mau uga banjur padha mangkat.

5Kira-kira jam rolas lan jam telu awan metu maneh lan iya nindakake kaya ing ngarep mau.

6Watara jam lima sore iya metu maneh sarta weruh maneh wong-wong kang padha nganggur, banjur padha ditakoni: Yagene kowe padha nganggur bae ana ing kene sadina muput?

7Wangsulane wong-wong, mau: Awit boten wonten tiyang ingkang mberahaken dhateng kula. Iku tumuli dipituturi: Kowe iya padha menyanga kebonku anggur.

8Bareng wis surup sing duwe pakebonan kandha karo mandhore: Buruh-buruh mau padha undangen, padha wenehana buruhane, wiwit sing mlebu keri dhewe nganti tekan sing mlebu dhisik dhewe.

9Wong-wong kang kira-kira jam lima wiwit nyambut-gawe padha teka, lan diopahi nyadinar.

10Sawise iku kang mlebune esuk dhewe padha mara, pangirane bakal tampa opah luwih akeh, nanging jebul iya tampa nyadinar.

11Nalika padha nampani opahe, padha ngumel-umeli kang duwe pakebonan.

12Tembunge: Tiyang-tiyang punika mlebetipun kantun piyambak, dados namung nyabut-damel sajam, mangka lajeng panjenengan damel sami kaliyan kula ingkang nyambut-damel awrat sadinten muput saha sami kabenteran.

13Nanging kang duwe pakebonan mangsuli marang salah sawijining wong mau: Aku rak ora luput karo kowe. Kowe karo aku rak wis padha sarujuk nyadinar sadina?

14Tampanana bageanmu banjur lungaa. Iki wis dadi karepku menehi wong kang mlebu keri dhewe padha karo kowe.

15Apa aku ora wenang nganggo duwek-duwekku dhewe sakarepku? Apa kowe meri, dene aku kok loma?

16Iya kaya mangkono iku, kang dadi pamburi bakal dadi pangarep lan kang dadi pangarep bakal dadi pamburi.”

Gusti mratelakake kaping telune bab anggone bakal nandhang sangsara

17Nalika Gusti Yesus arep tindak menyang Yerusalem, banjur nimbali para sakabate rolas dhewekan sarta ana ing dalan padha dipangandikani mangkene:

18“Saiki Aku lan kowe kabeh padha menyang ing Yerusalem lan Putraning Manungsa bakal diulungake marang para pangareping imam lan para ahli Toret; iku bakal nibakake paukuman pati marang Panjenangane

19lan masrahake marang wong-wong kapir, supaya dipoyoki lan disapu banjur disalib sarta ing telung dinane bakal kawungokake.”

Panyuwune ibune anak-anake Zebedheus

20Ibune anak-anake Zebedheus marak ing ngarsane Gusti Yesus karo anak-anake, banjur sujud sarta arep ngaturake panyuwunan.

21Gusti Yesus ndangu: “Kowe arep matur apa?” Unjuke: “Mugi karsaa paring dhawuh, supados anak kawula kekalih punika, benjing wonten ing Kraton Paduka, sami linggiha ingkang satunggal wonten ing tengen, satunggalipun ing kiwa Paduka.”

22Nanging Gusti Yesus paring wangsulan, pangandikane: “Kowe iku padha ora ngreti kang koksuwun. Apa kowe bisa ngombe ing tuwung pangomben, kang kudu Dakunjuk?” Karo-karone munjuk: “Inggih saged.”

23Pangandikane Gusti Yesus: “TuwungKu pancen bakal kokombe, nanging bab linggih ing tengenKu utawa ing kiwaKu, iku Aku ora wenang nglilani. Iku bakal kaparingake marang wong-wong, kang wis cinadhang dening RamaKu.”

24Sakabat kang sapuluh, bareng krungu kang mangkono iku, padha nepsu marang sadulur loro mau.

25Banjur padha ditimbali dening Gusti Yesus sarta dipangandikani: “Kowe padha ngreti, yen kang padha ngasta peprentahaning bangsa-bangsa anggone nindakake peprentahan kalawan keras, sarta para panggedhe padha nindakake panguwasane kanthi kenceng.

26Ananging kowe aja padha mangkono. Sing sapa kapengin dadi gedhe ana ing antaramu, iku dadia batur,

27lan sing sapa kapengin dadi pangarep ana ing antaramu, iku dadia budhakmu.

28Padha karo Putraning Manungsa anggone rawuh iku ora supaya diladosi, nanging malah ngladosi sarta masrahake nyawane minangka tetebusan tumrap wong akeh.”

Gusti Yesus nyarasake wong picak ing Yerikho

29Nalika padha metu saka ing kutha Yerikho, Gusti Yesus kadherekake ing wong akeh banget.

30Ana wong picak loro linggih ing pinggir dalan krungu yen Gusti Yesus langkung, banjur padha nguwuh-uwuh: “Gusti, mugi karsaa melasi kawula, dhuh Putranipun Sang Prabu Dawud!”

31Nanging banjur padha disendhu ing wong akeh, dikon meneng. Ewasemono malah saya seru anggone padha nguwuh-uwuh, ature: “Dhuh, Gusti, mugi karsaa melasi kawula, dhuh Putranipun Sang Prabu Dawud!”

32Gusti Yesus banjur kendel anggone tindak sarta nimbali wong-wong mau, sarta dipangandikani: “Kowe padha nyuwun Dakkapakake?”

33Atur wangsulane: “Gusti, kawula nyuwun, supados mripat kawula saged ningali.”

34Gusti Yesus trenyuh panggalihe marga saka welas, banjur ndumuki mripate wong-wong mau. Padha sanalika padha bisa ndeleng, tumuli padha ndherekake Gusti Yesus.


  Share Facebook  |  Share Twitter

Download Audio MP3 (Matius 20):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Matius 20 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
© 2010-2018
Alkitab.SABDA.org

Android.SABDA.org
SABDA.mobi
Bantuan
Dual Panel

Laporan Masalah/Saran