Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Matius 24 >> 

Pameca bab bakal rusake Padaleman Suci

1Sawise iku Gusti Yesus banjur miyos saka ing Padaleman Suci lan tindak saka ing kono. Para sakabate tumuli padha nyelaki Panjenengane, diaturi mirsani yeyasan-yeyasaning Padaleman Suci.

2Banjur padha dipangandikani: “Apa kowe padha ndeleng iku kabeh? Satemene Aku pitutur marang kowe, bakale ing kene ora ana watu siji bae kang lestari tumumpang ing watu liyane, kabeh bakal dijugrugi.”

PAMECA BAB WEKASANING JAMAN; Wiwitaning sangsara

3Bareng Gusti Yesus lenggah ing gunung Zaitun, para sakabat padha ngadhep ing ngarsane piyambakan lan matur: “Guru, mugi karsaa paring sumerep dhateng kawula sadaya, benjing punapa badhe kalampahanipun punika, sarta punapa tandha-tandhanipun rawuh Paduka saha dinten wekasan?”

4Paring wangsulane Gusti: “Padha diawas, aja nganti kowe disasarake ing wong!

5Amarga akeh wong kang bakal teka nganggo jenengKu lan calathu: Aku iki Sang Kristua, sarta bakal nasarake wong akeh.

6Kowe bakal krungu swaraning perang utawa kabar-kabar bab perang. Nanging diawas, aja padha kaget, sabab iki kudu kalakon, ewadene iku durung wekasane.

7Sabab bangsa bakal nglawan bangsa, krajan nglawan krajan. Bakal ana pailan lan lindhu ing pirang-pirang panggonan.

8Nanging iku kabeh mung lagi wiwitaning sangsara ngarepake jaman anyar.

9Ing nalika iku kowe bakal dipasrahake supaya disiksa lan kowe bakal dipateni sarta bakal disengiti dening sakabehing bangsa marga saka jenengKu.

10Ing kono bakal akeh wong kang murtad sarta padha ulung-ingulungake lan sengit-sinengitan.

11Lan maneh bakal akeh nabi palsu kang muncul lan nasarake wong pirang-pirang.

12Apamaneh marga saka saya wuwuhe duraka, temahan wong kang akeh-akeh padha suda katresnane.

13Nanging sing sapa mantep tekan ing wekasan, iku bakal rahayu.

14Sarta Injiling Kraton iki bakal kawartakake ing saindenging jagad minangka paseksi marang sakabehing bangsa. Sawise iku lagi dina wekasan.”

Pameca bab sangsara gedhe

15“Anadene manawa kowe padha weruh pangrusak kang ambeksiya ngadeg ana ing papan suci, miturut pangandikane kang kadhawuhake lumantar Nabi Dhaniel -- sing sapa maca migatekna --

16wong-wong ing Yudea padha ngungsia menyang ing pagunungan.

17Wong kang lagi ana ing payon aja mudhun njupuk barang-barang saka ing omahe.

18lan wong sing lagi ana ing pategalan aja mulih njupuk sandhangane.

19Mesakake banget wong kang lagi ngandheg lan kang lagi nusoni ing wektu iku.

20Nyenyuwuna, supaya anggonmu padha ngungsi aja pinuju mangsa padhidhing lan aja mbeneri dina Sabat.

21Amarga ing wektu iku bakal kalakone panganiaya kang nggegirisi, kang durung tau kalakon wiwit ing wiwitaning jagad nganti saprene lan kang bakal ora kalakon maneh.

22Saupama wektune ora dicendhakake, sakabehing kang urip iki ora ana kang slamet, nanging marga saka anane wong-wong kang pinilih, wektu iku bakal dicendhakake.

23Ing wektu iku, manawa ana wong kang kandha marang kowe: Delengen Kristus ana ing kene, utawa Kristus ana ing kana, aja padha ngandel.

24Sabab kristus-kristus palsu lan nabi-nabi palsu bakal muncul sarta padha nganakake tandha-tandha kang nggegirisi lan mukjijat-mukjijat; saupama bisaa mangkono, iku padha arep nasarake para wong pilihan uga.

25Eling-elingen, Aku wis ngandhani kowe bab iku mau sadurunge kalakon.

26Mulane yen ana wong kandha marang kowe: Panjenengane ana ing ara-ara samun, kowe aja mrana. Utawa: Panjenengane ana ing kamar, aja ngandel.

27Sabab kayadene cumlereting kilat saka ing wetan sumunar tumeka ing kulon, iya mangkono iku besuk bakal rawuhe Putraning Manungsa.

28Ing ngendi ana bathang, ing kono panggonane manuk garudha padha gegrombolan.”

Rawuhe Putraning Manungsa

29“Sawise sangsara ing mangsa iku kalakon, padha sanalika srengenge bakal dadi peteng, rembulan ora sumunar lan lintang-lintang padha tiba saka ing langit sarta pikukuhing langit bakal padha gonjang-ganjing.

30Ing nalika iku bakal katon tandhane Putraning Manungsa ana ing langit lan sakabehing bangsa ing salumahing bumi bakal padha ngadhuh-adhuh, banjur padha ndeleng Putraning Manungsa rawuh nitih meganing langit, kalawan ngasta panguwasa lan kamulyan gedhe.

31Panjenengane tumuli bakal ngutus para malaekate kanthi swaraning kalasangka kang banter banget, iku bakal padha ngumpulake wong-wong pilihane saka ing keblat papat, saka tepining langit tekan ing sisihe.

32Padha nampanana piwulang saka wit anjir kang mangkene: Manawa pangpange memes lan wiwit semi, kowe padha ngreti, yen wis meh mangsa panas.

33Samono uga, manawa kowe padha weruh lelakon iku mau kabeh, padha sumurupa, yen wis cedhak, wis ana ing ngarep lawang.

34Satemene Aku pitutur marang kowe, jinis iki ora bakal sirna, sadurunge iku mau kabeh kalakon.

35Langit lan bumi bakal sirna, nanging tembungKu ora bakal sirna pisan-pisan.

36Mung bae, mungguh dina lan wayahe iku, ora ana wong siji-sijia kang sumurup, para malaekat ing swarga ora, Sang Putra iya ora, kajaba mung Sang Rama piyambak.”

Bab jumaga

37Sabab kayadene nalika jamane Nabi Nuh, iya mangkono besuk bakal rawuhe Putraning Manungsa.

38Marga padha kaya dhek jaman sadurunge banjir patopan, wong-wong padha mangan lan ngombe, omah-omah lan ngomah-omahake, nganti dina anggone Nabi Nuh lumebet ing prau,

39lan padha ora nglegewa nganti tekane banjir kang nyirnakake wong-wong mau kabeh, mangkono uga besuk ing dina rawuhe Putraning Manungsa.

40Ing wektu iku manawa ana wong loro ana ing pategalan, kang siji bakal kapulung, sijine bakal katinggal.

41Manawa ana wong wadon loro kang padha lagi ngubengake panggilingan, kang siji bakal kapulung sijine katinggal.

42Mulane padha rumantia, amarga kowe ora ngreti dina rawuhe Gustimu.

43Nanging iki kawruhana: Saupama kang duwe omah iku ngreti wayahe tekane maling ing wayah bengi, mesthi banjur jaga-jaga, ora bakal aweh omahe dibabah.

44Awit saka iku, kowe uga padha rumantia. amarga rawuhe Putraning Manungsa iku ing wayah kang ora koknyana.”

Pasemon bab abdi kang setya lan abdi kang ala

45“Sapa ta abdi kang setya lan pinter, kang tinanggenah dening bandarane nglurahi para kalerehane, kapasrahan nyadhongi pangan marang wong-wong mau ing wektu kang katamtokake?

46Rahayu abdi kang ketemu lagi nindakake kawajibane mau, nalika bandarane rawuh.

47Satemene Aku pitutur marang kowe, abdi mau bakal dipasrahi rumeksa barang kagungane kabeh.

48Nanging manawa abdi iku ala lan duwe gagasan ing sajroning atine mangkene:

49Bandaraku ora rawuh-rawuh, banjur wiwit nggitiki abdi-abdi liyane, lan mangan ngombe bebarengan karo wong-wong kang seneng mendem,

50bandarane mau nuli rawuh ing dina kang ora dinyana-nyana lan ing wayah kang ora disumurupi,

51abdi mau bakal dipateni sarta dipadhakake karo para wong lamis. Ing kono kang bakal tinemu tangis lan keroting untu.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

Download Audio MP3 (Matius 24):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Matius 24 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel