Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Markus 4 >> 

Pasemon juru nyebar

1Ing sawijining dina Gusti Yesus wiwit memulang maneh ana ing pinggiring sagara. Banjur akeh banget wong kang padha nglumpuk ana ing ngarsane, mulane Gusti minggah ing prau kang pinuju labuh lan lenggah ing kono, dene wong kabeh padha ana ing dharatan, ing pinggir sagara.

2Banjur padha diparingi piwulang bab prakara akeh kalawan pasemon. Anggone mulang pangandikane mangkene:

3“Padha rungokna! Ana juru nyebar metu nyebar wiji.

4Anggone nyebar mau ana kang tumiba ing pinggir dalan, nuli ana manuk kang padha teka nucuki wiji-wiji mau nganti entek.

5Ana kang tumiba ing lembah kang akeh watune, lemahe mung sathithik. Wijine enggal tuhukul, amarga lemahe tipis.

6Nanging bareng srengengene saya dhuwur, banjur alum lan dadi garing amarga ora ana oyode.

7Ana maneh kang tumiba ing eren; bareng thethukulan eri iku saya gedhe, wijine kendhih banjur mati, temahan ora metu wohe.

8Ana kang tumiba ing lemah becik, iku thukul kanthi subur lan banjur metu wohe ana kang tikel telung puluh, ana kang tikel sawidak, ana kang tikel satus.”

9Apamaneh pangandikane: “Sapa kang duwe kuping kanggo ngrungokake, ngrungokna!”

10Nalika Panjenengane piyambakan, para pandhereke lan para sakabate rolas padha nyuwun katrangan bab pasemon mau.

11Paring wangsulane, “Kowe kabeh wis padha kaparingan kekerane Kratoning Allah, nanging marang wong-wong jaba samubarang kabeh kaparingake kanthi pasemon,

12supaya: Sanadyan ndeleng, ora weruh, sanadyan krungu, ora ngreti, supaya aja padha mratobat lan oleh pangapura.”

13Tumuli ngandika marang wong-won mau: “Apa kowe ora padha ngreti isining pasemon iki? Manawa mangkono kapriye bisamu ngreti pasemon-pasemon liyane kabeh?

14Juru nyebar iku nyebar pangandika.

15Wong-wong ing pinggir dalan, kang disebari pangandika, yaiku wong-wong kang ngrungokake pangandika, nanging Iblis banjur teka ngilangi pangandika kang disebar ing sajroning atine.

16Mangkono uga kang disebar ing tanah kang akeh watune, yaiku wong-wong kang ngrungokake pangandika mau lan enggal-enggal nampani kanthi seneng.

17Nanging ku ora ana oyode, dadi mung bisa tahan sadhela. Bareng ana mangsane katindhes lan kinaniaya, marga saka pangandika mau, banjur padha murtad.

18Dene sejene yaiku kang kasebar ing eren, iku wong-wong kang padha ngrungokake pangandika,

19nanging banjur kasusahaning donya iki lan panasaraning kasugihan apadene kamelikan-kamelikan marang bab liya-liyane iku padha sumusup ing ati lan ngendhih pangandika mau, temahan ora metu wohe.

20Wekasan sing disebar ing lemah kang becik, yaiku wong kang ngrungokake sarta nampani pangandika, banjur metu wohe, ana kang tikel telung puluh, ana kang tikel sawidak, lan ana kang tikel satus.”

Pasemon bab damar lan ukuran

21Gusti Yesus banjur ngandika marang wong-wong mau: “Wong nggawa damar iku ora banjur dikurebi tompo utawa didokok ing longan, nanging banjur ditumpangake ing jodhog.

22Sabab ora ana barang kang kasidhem, kang ora bakal kalairake, lan ora ana barang kang winadi kang ora bakal kawiyak.

23Sing sapa duwe kuping kanggo ngrungokake iku ngrungokna!”

24Banjur ngandika maneh, “Ematna apa kang padha kokrungokake. Ukuran kang kokanggo ngukur, iku uga bakal kanggo ngukur kowe, sarta kajaba iku tumrap kowe bakal diwuwuhi.

25Amarga sapa kang duwe, bakal diparingi, dene sing ora duwe, kabeh kang kaduwe bakal kapunduhut.”

Pasemon bab wiji kang thukul

26Gusti Yesus banjur ngandika: “Kratoning Allah iku mangkene: upamane kaya wong kang nyebar wiji ing lemah,

27nuli yen bengi turu, yen awan tangi, lan wiji mau thukul sarta saya dhuwur, kapriye tumindake, wong mau ora ngreti.

28Bumi iku metokake woh dhewe, kang dhisik gagange, banjur wewulene, nuli gandume kang mentes-mentes.

29Manawa wohe wis cukup tuwa, wong mau wiwit ngeriti, amarga wis mangsa panen.”

Pasemon bab wiji sawi

30Gusti Yesus ngandika maneh: “Kratoning Allah iku kita upamakake apa? Utawa kena kita gambar nganggo pasemon apa?

31Kraton iku upamane kaya wiji sawi kang disebar ing lemah. Pancen wiji iki, padha-padha wiji kang ana ing bumi, cilik dhewe.

32Nanging bareng wis disebar, banjur thukul lan dadi gedhe ngluwihi sakabehing jejanganan liyane, sarta metu pange kang gedhe-gedhe, nganti manuk-manuk ing awang-awang padha bisa nusuh ana ing ayomane.”

33Gusti Yesus anggone mulangake pangandika marang wong-wong mau ngagem pasemon akeh kang kaya mangkono iku, laras karo tataraning pangretene,

34lan ora padha dipangandikani apa-apa kang tanpa pasemon, nanging yen marang para sakabate apa bae diterangake piyambakan.

Gusti nyirep prahara

35Ing dina iku bareng wis sore, Gusti Yesus ngandika marang para sakabate: “Ayo padha menyang sabrang.”

36Banjur padha ninggal wong akeh mau lan mangkat ndherekake Gusti Yesus kang wis nitih prau, bebarengan karo prau-prau liyane.

37Tumuli ana prahara gedhe, lan ombake nyempyok-nyempyok tumiba ing sajroning prau, nganti praune meh kebak banyu.

38Dene Gusti Yesus ana ing buritan, lagi sare ngagem kajang sirah. Banjur diwungu dening para sakabat, unjuke: “Guru, punapa Paduka boten nggalih, bilih kawula sami badhe tiwas?”

39Panjenengane banjur wungu, angine didukani, lan ngandika marang sagara: “Menenga lan dadia anteng!” Angine nuli mendha lan sagarane dadi anteng maneh.

40Banjur ngandika marang para sakabate: “Yagene kowe padha wedi mangkono? Yagene kowe ora padha pracaya?”

41Wong-wong mau padha dadi wedi banget lan padha guneman: “Sapa ta Panjenengane iku, dene dalasan angin lan sagara kok iya padha ngestokake dhawuhe?”


  Share Facebook  |  Share Twitter

Download Audio MP3 (Markus 4):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Markus 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel