Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Markus 7 >> 

Pepakoning Allah lan ila-ilane wong Yahudi

1Nuju ing sawijining dina ana wong Farisi sagrombolan lan ahli Toret sawatara teka saka ing Yerusalem, padha sowan ing ngarsane Gusti Yesus.

2Wong-wong mau padha nyumurupi sakabate Gusti Yesus sawatara anggone mangan nganggo tangan kang najis, yaiku ora wisuh dhisik.

3Sabab wong Farisi iku kayadene wong-wong Yahudi liyane, sadurunge mangan, wisuh tangan dhisik, amarga padha nggondheli adat tata-carane para leluhure,

4lan manawa mulih saka pasar, sadurunge mangan iya sesuci dhisik. Akeh ila-ila liyane maneh kang ditetepi, kayata: bab ngisahi tuwung, kendhi lan piranti-piranti tembaga.

5Mulane wong-wong Farisi lan para ahli Toret mau banjur padha matur pitakon: “Punapaa dene sakabat-sakabat Panjenengan sami boten ngenut ila-ilaning para leluhur kita, dene sami nedha mawi tangan najis?”

6Paring wangsulane: “Ceples temen pamecane Nabi Yesaya ing ngatase kowe, heh, wong lamis! Sabab wis katulisan: Bangsa iki anggone ngluhurake Ingsun kalawan lambe, nanging atine ngedohi Ingsun.

7TAnpa gawe anggone ngabekti marang Ingsun, dene kang diwulangake iku pepakoning manungsa.

8Pepakoning Allah koklirwakake, lan netepi ila-ilaning manungsa.”

9Panangadikane maneh mangkene: “Pinter banget kowe nyingkirake pepakoning Allah, supaya bisa netepi adat-tata-caramu dhewe.

10marga ana dhawuhe Nabi Musa mangkene: Sira ngajenana bapa-biyungira, lan sing sapa ngipat-ipati bapa-biyunge kudu diukum pati.

11Nanging kandhamu: Manawa ana wong kang matur bapakne utawa biyunge: Gadhahan kula ingkang kenging kangge ngrukti panjenengan, sampun kangge kurban -- inggih punika pisungsung kagem Gusti Allah, --

12ing kono wong mau wis ora prelu nindakake apa-apa kanggo bapakne utawa biyunge.

13Dadi pangandikaning Allah kokorakake, jalaran kowe wis netepi ila-ila. Lan isih akeh bab liyane kang kaya mangkono, kang koktindakake.”

14Gusti Yesus banjur nimbali wong akeh maneh lan padha dipangandikani: “Kabeh padha ngrungokna lan padha pikiren sing temenan.

15Samubarang kang saka ing jaba lumebu ing manunga, iku ora njalari najis, nanging apa kang metu saka ing manungsa, iku kang marakake najis.

16[Sapa kang duwe kuping kanggo ngrungokake, ngrungokna!”]

17Sawise Panjenengane sumingkir saka ing wong akeh mau lan lumebet ing sawijining omah, para sakabate banjur nyuwun katrangan bab tegese pasemon mau.

18Nuli padha dipangandikani: “Apa kowe iya ora ngreti? Apa kowe ora ngreti, yen samubarang kang saka ing jaba lumebu ing manungsa iku ora bisa marakake najis,

19amarga ora lumebu ing sajroning ati, nanging lumebu ing weteng, banjur kabuwang ing pakiwan?” Pangandika iku mratelakake, yen sakabehe pangan iku kalal.

20Banjur nyambeti pangandika: “Apa sing metu saka ing manungsa, iku sing marakake najis,

21sabab saka ing jero, saka ing sajroning atine manungsa, thukul sakabehing pikiran sing ala, kang lekoh, kadurjanan, gawe pati,

22laku bandrek, srakah, piala, akal palsu, hawa-nepsu, meri, panyatur ala, gumedhe, tanpa budi.

23Sakehe piala iki thukul saka ing jero lan marakake najis marang manungsa.”

Wong wadon ing Siro-Fenisia kang pracaya

24Gusti Yesus banjur jengkar saka ing kono lan tindak menyang ing tlatahe kutha Tirus. Nuli lumebet ing sawijining omah lan ora karsa, yen ngantia kasumurupan ing wong, nanging rawuhe iku ora bisa kasidhem.

25Amarga ing nalika iku uga banjur ana wong wadon, kang anake wadon kapanjingan dhemit, sawise krungu bab Panjenengane, enggal-enggal marek sumungkem ana ing ngarsane.

26Wong wadon iku bangsa Yunani, saka ing tanah Siro-Fenisia. iku nyuwun marang Gusti Yesus, karsaa nundhung setane saka ing anake.

27Tumuli dipangandikani dening Gusti Yesus: “Cikbene bocah-bocah padha wareg dhisik, sabab dudu samesthine njupuk roti sing disadhiyakake kanggo anak-anak, banjur diuncalake marang kirik.”

28Nanging unjuke wong wadon mau: “Kasinggihan, Gusti, nanging kirik inggih sami nedha kaceranipun putra-putra ing ngandhap meja.”

29Ing kono Gusti Yesus banjur ngandika marang wong wadon iku: “Marga saka tembungmu kang mangkono iku, wis mundura, dhemite wis metu saka ing anakmu.”

30Wong wadon mau tumuli mulih, anake ketemu turon ing amben, dhemite wis lunga.

Gusti Yesus nyarasake wong budheg bisu

31Sawise iku Gusti Yesus jengkar saka wilayah Tirus lan tindak menyang sagara Galilea, ing satengah tlatah Dekapolis, nglangkungi Sidon.

32Banjur ana wong kang nyowanake wong budheg bisu lan nyuwun supaya Gusti Yesus karsaa numpangi asta.

33Wong mau nuli kapisahake saka wong akeh dening Gusti Yesus, didhewekake. Kupinge banjur dilebeti ing racikane, nuli kecoh lan ndemok ilate wong mau.

34Sawise mangkono Gusti Yesus banjur tumenga ing langit lan unjal ambegan, nuli ngandika marang wong mau: “Efata!” tegese: mengaa!

35Sanalika kupinge padha kabuka, ilate kaudharan, banjur bisa caturan teteh.

36Wong-wong kang ana ing kono padha kaweling dening Gusti Yesus, supaya aja padha nyritakake lelakon iku marang sapa bae. Nanging saya dilarang, malah saya nemen anggone padha martakake.

37Kabeh wong padha kaeraman banget lan padha calathu: “Panjenengane iku ndadekake becik samubarang kabeh, sing budheg dadi bisa krungu, sing bisu bisa caturan.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

Download Audio MP3 (Markus 7):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Markus 7 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
© 2010-2019
Alkitab.SABDA.org

Android.SABDA.org
SABDA.mobi
Bantuan
Dual Panel

Laporan Masalah/Saran