Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 105 >> 

MASMUR 105; Kidung pamuji tumrap pakaryane Gusti Allah kang wus kelakon

1Padha saosa puji sokur marang Pangeran Yehuwah, padha nyebuta asmane, pakaryane padha suwurna ana ing antarane para bangsa!

2Padha ngidunga kagem Panjenengane, kidungna kalawan masmur; saliring pakaryane kang elok padha caritakna!

3Padha ngegung-egungna asmane kang suci, atine para wong kang padha ngupaya Pangeran Yehuwah dimen padha bungah.

4Padha ngupayaa marang Pangeran Yehuwah lan kasantosane, padha tansah ngupayaa wedanane!

5Padha ngelingana marang kaelokane kang wus padha katindakake, tandha-tandhane kang elok-elok lan pepancasan kang dingandikakake,

6he para putra-wayahe Rama Abraham, abdine, he para putrane Rama Yakub, pepilihane!

7Iya panjenengane iku Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, pepancasane nyrambahi ing salumahing bumi.

8Panjenengane ngengeti ing prasetyane nganti ing salawas-lawase, yaiku sabda kang wus didhawuhake marang sewu turunan,

9kang wus didamel karo Rama Abraham, lan supaose marang Rama Iskak;

10kang ditetepake dadi pranatan kanggo Rama Yakub, dadi prajanjian langgeng kanggo bangsa Israel,

11mangkene pangandikane: “Sira bakal Sunparingi tanah Kanaan, dadi tanah pusaka kang katemtokake kanggo sira.”

12Nalika cacahe durung sapiraa, mung sethithik, tur dadi wong ngamanca ana ing kono.

13Sarta padha ngumbara saka panggonane bangsa kang siji, menyang panggonane bangsa sijine, saka ing karajan kang siji menyang panggonane suku bangsa sijine;

14Panjenengane ora marengake yen ngantia padha dianiaya dening sapa-sapaa, para ratu padha diukum marga saka dheweke kabeh;

15pangandikane: “Para jebadaningSun aja nganti sira ganggu-gawe, lan aja nandukake piala marang para nabiningSun!”

16Nalika Panjenengane ndhatengake pailan ana ing nagara kono, lan sakehe tandhon pangan disirnakake,

17banjur ana wong kang kautus ndhisiki dheweke kabeh: Yusuf kang kaedol dadi batur tukon.

18Sikile dibelok, gulune rinante ing wesi,

19nganti tumeka ing titimangsane pangandikane kelakon, sarta pancasaning Yehuwah mbenerake dheweke.

20Sang Prabu nuli dhawuh ngluwari, pangwasane para bangsa kang ngluwari.

21Nuli dikarsakake dadi lelurahing kadhatone, lan tinanggenah mengku apa sakagungane Sang Prabu kabeh,

22diparengake ngereh para panggedhe abdine Sang Prabu sakarsane piyambak, sarta memulang kawicaksanan marang para tetuwane.

23Mangkono Rama Israel banjur rawuh ing tanah Mesir, lan Rama Yakub dadi wong neneka ana ing tanahe Kham.

24Pangeran Yehuwah banjur ndadosake umate tangkar-tumangkar, kadadekake santosa ngluwihi para mungsuhe;

25atine mungsuhe mau diwalik temah padha sengit marang umate Gusti Allah, sarta abdine padha dipitenah.

26Gusti Allah tumuli ngutus Nabi Musa, abdine, lan Imam Harun pepilihane.

27Sakarone nganakake kaelokaning Pangeran ana ing tengahe, sarta mukjijat ana ing tanah Kham.

28Pangeran ndhatengake pegowong, temah dadi peteng, nanging padha mbangkang marang pangandikane;

29banyune kasabdakake malih dadi getih, sarta iwake padha dipateni.

30Kodhok-kodhok padha uyel-uyelan ana ing negarane, malah nganti tekan ing kamar-kamare rajane.

31Gusti Allah ngandika, banjur katekan laler cathak, lan lemud-lemud ing satanah kabeh;

32Panjenengane ndhawahake udan es dadi gegantine udan ing kono, lan geni kang mulad-mulad ing negarane;

33wit anggur lan anjir padha karubuhake, lan sakehing wit-witan ing tlatahe disempali.

34Gusti Allah ngandika, banjur ana walang, lan iku walang memangsa kang tanpa wilangan kehe,

35banjur mangsa sakehe tetuwuhan ing negarane, sarta ngganyang sapametuning palemahane.

36Pangeran numpes sakehe anak pembarep ing negarane, wohing kekuatane kang kawitan.

37Umate nuli diirid metu kalawan nggawa salaka lan emas, lan panunggalane sakehing talere ora ana kang kajengklok siji-sijia.

38Nalika metune mau wong Mesir padha bungah-bungah, amarga wong Mesir padha ketaman wedi marang dheweke kabeh.

39Gusti Allah nggelar mega kagawe mayungi umate, tuwin geni kang madhangi ing wayah bengi.

40Para leluhur padha nyenyuwun, Gusti Allah nuli ndhatengake manuk gemak, sarta maregi umate kalawan roti saka ing langit.

41Pangeran mbengkahake parang, banjur ana banyu mancur, kang mili kaya kali ana ing tanah garing.

42Iku marga Panjenengane ngengeti marang pangandikane kang suci, marang Rama Abraham abdine.

43Gusti Allah ngirid umate metu kalawan bungah-bungah, sarta pepilihane kalawan surak-surak.

44Padha diparingi negarane para bangsa, temah padha tampa oleh-olehane rekasane para bangsa,

45supaya padha tetep nindakake pranatane Gusti Allah, lan ngestokake marang sakehe piwulange. Haleluya!


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 105 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
© 2010-2019
Alkitab.SABDA.org

Android.SABDA.org
SABDA.mobi
Bantuan
Dual Panel

Laporan Masalah/Saran