Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 107 >> 

JILID V: MASMUR 107-150; Kidung panuwun rerepene para wong kang tinebus dening Pangeran Yehuwah

1Padha saosa puji sokur marang Sang Yehuwah, awitdene Panjenengane iku sae! Ujer sih-susetyane iku langgeng ing salawase.

2Mangkono pangucape para wong kang padha katebus dening Yehuwah, kang ditebus saka ing pangwasane kang gawe susah,

3kang dikumpulake saka ing nagara-nagara, saka ing tanah wetan lan kulon, saka ing lor lan saka ing kidul.

4Ana wong kang padha nglambrang ana ing ara-ara samun, ora nemu dalan kang anjog marang ing kutha kang dienggoni ing wong.

5padha kaluwen lan kasatan, nyawane kasulayah banget.

6Sajroning karubedane mau nuli padha sesambat marang Pangeran Yehuwah, banjur padha diluwari saka ing sangsarane,

7ditedahi dalan kang bener, temah banjur tekan ing kutha kang dienggoni ing wong.

8Wong mau kareben padha ngaturake panuwun marang Sang Yehuwah, marga saka sih-susetyane, marga saka kaelokane marang para anaking manungsa,

9awitdene Pangeran karsa maregi nyawane wong kang kasatan, sarta nyawa kang kaluwen kawaregan ing kabecikan.

10Ana wong kang padha ana ing pepeteng lan ing palimengan, kinurung ing sangsara lan wesi.

11Sarehne padha mbalela marang pepakoning Allah, sarta ngremehake marang pitadahe Kang Mahaluhur,

12mulane ditelukake atine kalawan kasusahan, padha kejlungup, ora ana kang mitulungi.

13Ing sajroning karubedane iku, bareng padha sesambat marang Pangeran Yehuwah, banjur padha diluwari saka ing kasangsarane,

14diluwari saka ing pepeteng lan palimengan, sarta ranten padha dipedhoti.

15Wong iku kareben padha ngaturake panuwun marang Pangeran Yehuwah awit saka sih-susetyane, lan kaelokane marang para anaking manungsa;

16awit Pangeran wus karsa mbejadi lawang-lawang tembaga, sarta nugeli slarak-slarake wesi.

17Ana wong kang padha nandhang lara awit saka panggawene kang dosa, lan siniksa marga saka kaluputane.

18Wis padha bosen marang sarupaning pangan, lan wus padha tekan ing gapuraning pati.

19Ing sajroning karupekane mau nuli padha sesambat marang Sang Yehuwah, banjur padha diluwari saka ing kasusahane.

20Pangeran paring pangandika sarta tumuli padha diwaluyakake, padha oncat saka ing luwenging kubur.

21Wong iku mau kareben padha ngaturake panuwun marang Pangeran Yehuwah, awit saka sih-kadarmane, lan marga saka kaelokane marang para anaking manungsa,

22sarta kareben padha nyaosake kurban pamuji sokur tuwin nyaritakake pakaryane Gusti Allah kalawan surak-surak.

23Ana wong kang nyabrangi segara kalawan prau, kang laku dagang ana ing samodra kang nglangut,

24padha ndeleng pakaryaning Sang Yehuwah lan pandamele kang elok ana ing telenging segara.

25Pangeran ngandika sarta ndhatengake prahara, kang ngumbulake ombak-ombake,

26wonge padha mumbul tekan ing langit lan padha mudhun marang ing samodra gedhe, nyawane remuk marga saka kacilakan iku,

27padha mumet lan sempoyongan kaya wong mendem, sarta entek akale.

28Ing sajroning karubedane iku nuli padha sesambat marang Pangeran Yehuwah, banjur padha diluwari saka ing karubedane;

29praharane kasirep lan ombake segara padha anteng.

30Wong-wong mau padha bungah, awit kaanane kabeh wus tentrem, sarta banjur dituntun menyang ing pelabuhan kang disenengi.

31Wong iku kareben padha ngaturake panuwun marang Yehuwah, awit saka sih-susetyane, marga saka kaelokane marang para anaking manungsa.

32Wong mau kareben padha ngluhurake Pangeran ana ing pasamuwaning umat iku, sarta memuji marang Panjenengane ana ing pakumpulane para pinituwa.

33Kali-kali kadadekake segara wedhi, sarta tuking banyu didadekake lemah cengkar,

34tanah subur didadekake bumi asin, kang mangkono iku awit saka pialane wong kang padha ngenggoni,

35ara-ara samun kadadekake blumbang, tuwin tanah cengkar didadekake sumber,

36wong kang keluwen banjur padha dinungake ana ing kono, nuli padha mbangun kutha kang dienggoni,

37tumuli padha nyebar ana ing pategalan lan gawe pakebonan anggur, kang metokake woh-wohan minangka pametune.

38Anadene wong iku padha banget diberkahi dening Pangeran, temah banjur banget anggone ngambra-ambra, tuwin raja-kayane padha didadekake nak-kumanak.

39Nanging banjur suda-suda lan ngrekasa, awit saka pameteking sangsara lan kasusahan.

40Pangeran banjur ngesoki kawirangan marang para panggedhe, padha kadadekake nglambrang ana ing pasamunan, kang ora ana dalane.

41Nanging wong mlarat padha diayomi supaya ora katindhes, sarta anak-putune padha ditangkar-tangkarake kaya pepanthan wedhus kehe.

42Para wong mursid padha weruh banjur padha bungah, nanging sakehing kaculikan padha mingkem.

43Sapa wong kang wicaksana? Iku becik gondhelana marang prakara iku kabeh, sarta nggatekna marang sih-kadarmaning Yehuwah.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 107 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
© 2010-2017
Alkitab.SABDA.org

Android.SABDA.org
SABDA.mobi
Bantuan
Dual Panel

Laporan Masalah/Saran