MASMUR 117; He sakehe bangsa padha ngluhurna Pangeran Yehuwah
1He sakehing bangsa, padha ngluhurna Pangeran Yehuwah, padha ngalembanaa Panjenengane, he sakehing suku bangsa!
2Awit sih-kadarmane iku ngedab-edabi tumrap kita, sarta kasetyane Sang Yehuwah iku langgeng ing salawas-lawase. Haleluya!