Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 118 >> 

MASMUR 118; Kidung pepujian

1Padha saosa pamuji sokur marang Pangeran Yehuwah, awitdene Panjenengane iku sae! ujer sih-kadarmane iku langgeng ing salawas-lawase.

2Israel ngucapa: “Sih-kadarmane iku langgeng ing salawase!”

3Turune Imam Harun ngucapa: “Sih-kadarmane iku langgeng ing salawase!”

4Para wong kang ngabekti marang Pangeran Yehuwah padha ngucapa: “Sih-kadarmane iku langgeng ing salawase!”

5Sajroning karubedan aku nyebut marang Pangeran Yehuwah. Pangeran Yehuwah tumuli nyembadani panyuwunku, aku kaparingan lega;

6Pangeran Yehuwah nunggil karo aku, aku bakal ora wedi. Manungsa bisa manggawe apa marang aku?

7Pangeran Yehuwah nunggil karo aku sarta mitulungi aku, aku bakal nganggep sepele marang wong kang padha sengit marang aku.

8Becik ngungsi marang Pangeran Yehuwah katimbang karo ngandelake manungsa;

9becik ngungsi marang Pangeran Yehuwah katimbang karo ngandelake para panggedhe.

10Aku dikepung sakehe bangsa demi asmaning Sang Yehuwah, kabeh padha dakgecak.

11Aku dikepung, kemput anggone ngepung, demi asmaning Sang Yehuwah, dakgecak.

12Padha ngepung aku kaya tawon, padha mulad-mulad kaya geni eren, demi asmaning Sang Yehuwah, padha dakgecak temah mundur.

13Aku dijorogake sarosane nganti tiba, nanging Sang Yehuwah mitulungi aku.

14Pangeran Yehuwah iku dadi karosanku lan masmurku,, Panjenengane wus dadi karaharjanku.

15Ing kemahe para wong mursid ana swara surak-surak lan kaunggulan: “Astane tengen Sang Yehuwah nindakake kaprawiran,

16Astane tengen Sang Yehuwah bisa njunjung; Astane tengen Sang Yehuwah nindakake kaprawiran!”

17Aku bakal ora mati, nanging urip lan aku bakal nyritakake pakaryaning Sang Yehuwah.

18Sang Yehuwah banget anggone ngrangket marang aku, nanging aku ora diulungake marang pati.

19Aku wenganana gapuraning kabeneran, aku arep lumebu, arep ngunjukake panuwun marang Sang Yehuwah.

20Iki gapuraning Sang Yehuwah kang bakal dileboni dening para wong mursid.

21Kawula ngunjukaken panuwun dhumateng Paduka, margi Paduka sampun nyembadani panyuwun kawula sarta Paduka sampun dados karahayon kawula.

22Watu kang tinampik dening para juru yasa omah iku wus dadi uger-ugering padon;

23kadadeyan iku saka ing Pangeran Yehuwah, sarta elok ing pandeleng kita.

24Iki dina kang katitahake dening Pangeran Yehuwah, ayo padha bungah-bungah lan sukarena.

25Dhuh Yehuwah, Paduka mugi kersaa paring karaharjan. Dhuh Yehuwah, Paduka mugi kersaa paring kabegjan.

26Binerkahana ingkang rawuh atas asmanipun Pangeran Yehuwah. Aku padha mberkahi kowe kabeh saka ing padalemaning Sang Yehuwah.

27Pangeran Yehuwah iku Gusti Allah, Panjenengane paring pepadhang marang kita, kurbane riyaya cancangen kalawan tali ing sungu-sungune misbyah.

28Paduka punika Allah kawula, Paduka badhe kawula caosi pamuji sokur, dhuh Allah kawula, Paduka badhe kawula luhuraken.

29Padha saosa pamuji sokur marang Sang Yehuwah, awit Panjenengane iku sae! Ujer sih-susetyane iku kanggo ing salawase.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 118 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel