Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 129 >> 

MASMUR 129; Luwar saka ing kasangsaran

1Kidung jiyarah. Banget anggonku wus dirupeki ing wong, wiwit nalika aku isih enom, -- kareben Israel ngucap mangkono --

2banget anggonku wus dirupeki ing wong, wiwit nalika aku isih enom, ewadene padha ora bisa ngalahake aku.

3Wong mluku, mluku ana ing gegerku, alurane waluku didawakake.

4Pangeran Yehuwah iku adil, lan kang medhoti dhadhunge wong duraka.

5Sakehe wong kang sengit marang Sion bakal padha kawirangan lan bakal mundur.

6Padha kaya suket ing payon, kang alum sadurunge dibedhol,

7kang ora digegem dening tangane wong ngarit, utawa dirakupi dening kang mbenteli,

8satemah wong kang padha liwat ora ngucap: “Berkahe Sang Yehuwah anaa ing kowe kabeh! Aku padha mberkahi kowe kabeh ing asmane Sang Yehuwah!”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 129 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel