Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 138 >> 

MASMUR 138; Kidung panuwun tumrap pitulungane Pangeran Yehuwah

1Anggitane Prabu Dawud. Paduka badhe kawula puji klayan gumolonging manah, wonten ing ngajengipun para allah kawula badhe ngidung masmur kagem Paduka.

2Kawula badhe sujud madhep ing padaleman Paduka ingkang suci, saha memuji dhumateng asma Paduka, awit saking sih-kadarman lan kasetyan Paduka, dene asma saha prasetya Paduka, Paduka damel nglangkungi samukawis.

3Sareng kawula sesambat, Paduka lajeng nyembadani kawula, Paduka mewahi kasantosan wonten ing manah kawula.

4Dhuh Yehuwah, sakathahipun raja ing bumi badhe sami ngucap sokur dhumateng Paduka, awit sami mirengaken janji saking ing lesan Paduka;

5sami badhe ngidungaken sapangrehing Sang Yehuwah, awit ageng kamulyaning Pangeran Yehuwah.

6Pangeran Yehuwah iku luhur, ewadene nguningani marang wong asor, sarta kang gumunggung padha dipirsani saka ing kadohan.

7Manawi kawula wonten ing salebeting karibedan, Paduka ingkang nggesangaken kawula, Paduka ngagagaken asta Paduka dhateng nepsunipun para mengsah kawula, saha kawula kapitulungan ing asta Paduka tengen.

8Yehuwah badhe ngrampungaken samukawis tumrap ing kawula! Dhuh Yehuwah, sih-kadarman Paduka punika langgeng ing salaminipun. Paduka mugi sampun ngantos nilar pakaryaning asta Paduka.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 138 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel