Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 14 >> 

MASMUR 14; Kapunggungane manungsa

1Kanggo lurah pasindhen. Anggitane Prabu Dawud. Wong punggung mosik ing sajroning atine: “Ora ana Allah.” Apa kang dilakoni iku jember lan nistha, ora ana kang nglakoni kabecikan.

2Saka ing swarga Sang Yehuwah mirsani mangisor marang para anaking manungsa, karsa nguningani apa ana kang kadunungan akal budi lan ngupaya Gusti Allah.

3Wus padha nyimpang kabeh, kabeh wus bejad ora ana kang gawe becik, sijia bae ora ana.

4Apa ora rumangsa kabeh wong kang padha nglakoni piala, kang padha mangsa umatingSun nganti entek kayadene mangan roti bae, lan kang ora nyebut marang Sang Yehuwah?

5Ana ing kana padha ketaman ing pagiris kang banget, amarga Gusti Allah ana ing satengahe golongane wong mursid.

6Kowe padha bisa ngerang-erang kekarepane wong kang katindhes, nanging Sang Yehuwah jumeneng dadi pangayomane.

7Muga-muga karahayoning Israel laira saka ing Sion! Samangsa Sang Yehuwah mulihake kaanane umate, Yakub bakal asurak-surak, Israel bakal suka rena.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 14 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel