Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 18 >> 

MASMUR 18; Kidung pamuji sokur anggitane Prabu Dawud

1Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane abdine Sang Yehuwah, yaitu Prabu Dawud kang ngunjukake wirasane kidung iki marang Sang Yehuwah, nalika wus kaluwaran dening Sang Yehuwah saka ing cengkeremaning sakehing mungsuhe lan saka ing astane Sang Prabu Saul. (18-2) Unjuke mangkene: “Kawula tresna dhumateng Paduka, dhuh Yehuwah ingkang dados karosan kawula!

2(18-3) Dhuh Yehuwah, peparang kawula, beteng kawula saha ingkang ngluwari kawula, Allah kawula ingkang dados peparang pangauban kawula, tetameng kawula, singating karahayon kawula, kitha beteng kawula!

3(18-4) Pinujia Pangeran Yehuwah: mangkono unjukku kalawan sora; temah aku diuwalake saka ing mungsuhku.

4(18-5) Aku tinalikung ing tetalining pati, sarta tinempuh ing banjiring karusakan.

5(18-6) Aku digubed ing jireting teleng palimengan, kalajireting pati ngadhang-adhangi aku.

6(18-7) Sajroning karubedanku aku nyebut marang Sang Yehuwah; sarta sesambat marang Allahku nyuwun tulung. Panjenengane tumuli miyarsakake swaraku saka ing kedhatone, sarta pasambatku nyuwun tulung tumeka ing talingane.

7(18-8) Ing kono bumi banjur horeg gonjang-ganjing, sarta dhasar-dhasaring gunung padha horeg lan gumeter, amarga saka mulad-mulading bebendune.

8(18-9) Kukus kumelun saka ing granane, saka ing tutuke medal geni kang memangsa, mawa mengangah metu saka ing Panjenengane.

9(18-10) Langit ditiyungake, nuli tumedhak, mendhung nggameng ana ing sangisoring sampeyane.

10(18-11) Panjenengane nitih Kerub, banjur mabur lan nglayang ana ing swiwining angin.

11(18-12) Pepeteng ing sakubenge kadadekake pasingidane, kang dadi tarube: yaiku udah kang peteng lan mendhung kang kandel.

12(18-13) Marga saka cahya kang sumunar ing ngarsane mendhunge padha ilang bareng karo udan es lan mawa mengangah.

13(18-14) Sang Yehuwah banjur gumludhug ana ing langit, Kang Mahaluhur ngulukake swarane.

14(18-15) Jemparing-jemparinge dilepasake temah mungsuhe padha buyar, nlorongake bledheg, satrune padha bingung.

15(18-16) Dhasar-dhasaripun seganten lajeng sami katingal, saha tetalesing jagad sami kaungkaban amargi saking bebendu Paduka, dhuh Yehuwah, saha margi saking bantering abab saking grana Paduka.

16(18-17) Panjenengane tumuli mulung astane saka ing ngaluhur, aku banjur diasta, lan kaentasake saka ing banjir.

17(18-18) Aku kauwalake saka ingmungsuhku kang rosa lan saka ing wong-wong kang padha sengit marang aku, amarga iku kakuwatane ngungkuli aku.

18(18-19) Iku wus padha nyegat aku ing nalikane aku lagi kacilakan, nanging Sang Yehuwah dadi pikukuhku;

19(18-20) Panjenengane nuntun aku metu menyang ing papan kang omber, aku diluwari amarga karenan marang aku.

20(18-21) Sang Yehuwah males aku miturut ing kabeneranku, ngganjar aku miturut karesikaning tanganku,

21(18-22) amarga aku ngantepi anggonku ngambah ing margining Sang Yehuwah, lan aku ora tumindak duraka marang Allahku.

22(18-23) Awit aku nggatekake sakehing angger-anggere lan pranatane ora daklirwakake,

23(18-24) saparipolahku tanpa cacad ana ing ngarsane, lan aku tansah ngedohi kaluputan.

24(18-25) Mulane aku diwales Sang Yehuwah miturut kabeneranku, iya miturut ing resiking tanganku ana ing ngarsane paningale.

25(18-26) Tumrap tiyang ingkang setya Paduka ugi tumindak setya, tumrap tiyang ingkang tanpa cacad Paduka ugi tumindak tanpa cacad.

26(18-27) Tumrap tiyang ingkang suci, Paduka inggih tumindak suci, nanging tumraping tiyang para-cidra Paduka inggih tumindak mbulat-mbulet.

27(18-28) Amargi bangsa ingkang katindhes Paduka pitulungi, nanging mripat ingkang kumingsun Paduka soraken.

28(18-29) Jer Paduka ingkang damel murubing dilah kawula; Sang Yehuwah Allah kawula ingkang madhangaken pepeteng kawula.

29(18-30) Amargi kaliyan Paduka kawula wantun nanggulangi grombolan, kaliyan Allah kawula, kawula wantun nglumpati balowarti.

30(18-31) Anadene Gusti Allah iku margine sampurna; kasagahane Sang Yehuwah iku murni; Gusti Allah dadi tetameng tumrap sakehing wong kang ngayom marang Panjenengane.

31(18-32) Amarga sapa ta kang jumeneng Allah aliya Sang Yehuwah, lan sapa kang dadi peparang kejaba Gusti Allah kita?

32(18-33) Gusti Allah, iya Panjenengane iku kang nyabuki aku kalawan karosan, kang ngratakake dalanku;

33(18-34) kang ndadekake sikilku kaya sikiling menjangan lan ngadegake aku ana ing pagunungan;

34(18-35) kang mulang perang tanganku, nganti lengenku bisa menthang gandhewa tembaga.

35(18-36) Paduka maringi tetamenging karahayon dhateng kawula, asta tengen Paduka nyanggi kawula, sih-palimirma Paduka damel luhur kawula.

36(18-37) Paduka maringi papan ingkang omber dhumateng jangkah kawula, temah polok kawula boten ngantos kesliyo.

37(18-38) Mengsah kawula sami kawula oyak, ngantos kecepeng, sarta kawula boten wangsul-wangsul saderengipun tumpes sadaya;

38(18-39) inggih sami kawula gebag ngantos boten saged tangi malih, sami ambruk wonten ing sangandhapipun tlapakan kawula.

39(18-40) Kawula sampun Paduka sabuki klayan karosan tumrap ing perang; ingkang sami nglawan kawula punika sampun Paduka telukaken wonten ing sangandhaping pangwaos kawula.

40(18-41) Mengsah kawula sampun Paduka damel sami keplajeng saking ngajeng kawula, sarta para tiyang ingkang sami sengit dhumateng kawula sami kawula tumpes.

41(18-42) Sami sesambat nedha tulung, nanging boten wonten ingkang mitulungi sami sesambat dhumateng Sang Yehuwah, nanging boten kaparingan wangsulan.

42(18-43) Sami kawula ejur-ejur ngantos lembat kados lebu ingkang kabur ing angin, kawula bucal kados blethok ing margi.

43(18-44) Paduka sampun nguwalaken kawula saking bebantahaning rakyat; kawula Paduka angkat dados pengagenging para bangsa; bangsa ingkang boten tepang kaliyan kawula punika sami ngabdi dhateng kawula;

44(18-45) kupingipun saweg mireng kawula kemawon, lajeng sami mbangun miturut dhumateng kawula; tiyang ngamanca sami sujud lan ngrampek-ngrampek dhateng kawula.

45(18-46) Tiyang-tiyang ngamanca sami nglumpruk tanpa bayu, sarta sami medal nilar beteng-betengipun klayan gumeter.

46(18-47) Sang Yehuwah gesang! Pinujia peparangku, linuhurna Gusti Allah, Juru Slametku.

47(18-48) Gusti Allah kang malesake aku, lan wus nelukake para bangsa marang sangisoring pangwasaku,

48(18-49) kang wus ngluwari aku saka mungsuhku. Paduka malah sampun ngluhuraken kawula ngungkuli para tiyang ingkang nglawan kawula; kawula Paduka luwari saking tiyang ingkang ambek siya.

49(18-50) Pramila dhuh Yehuwah, kawula badhe ngidungaken pamuji sokur wonten ing antawisipun para bangsa, asma Paduka badhe kawula luhuraken kanthi kidung masmur.

50(18-51) Panjenengane ngganjar kaslametan kang linuwih marang raja kang kajumenengake, lan paring sih-rahmat marang kang dijebadi, yaiku marang Prabu Dawud lan satedhak-turune nganti ing salawase.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 18 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel