Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 24 >> 

MASMUR 24; Rawuhe Ratuning Kamulyan ing Padalemaning Allah

1Masmur anggitane Prabu Dawud. Bumi dalah saisine kabeh kagungane Sang Yehuwah, mangkono uga jagad lan kang padha ngenggoni.

2Awit Panjenengane kang nitahake kalawan ditalesi segara ditetepake tumumpang ing kali-kali.

3“Sapa kang kepareng munggah ing gununge Sang Yehuwah? Sapa kang kepareng ngadeg ana ing padalemane kang suci?”

4“Wong kang resik tangane lan suci atine, kang ora masrahake nyawane marang kaculikan, lan ora nglairake sumpah goroh.

5Iku bakal kaparingan berkah dening Sang Yehuwah, sarta kaadilan dening Allah kang njalari karahayone.

6Iku bangsane wong kang padha takon ing bab Penjenengane, ingkang sami ngupadosi wedana Paduka, dhuh Allahipun Rama Yakub.” (Selah)

7He gapura, padha dhuwurna pucakmu. He lawang langgeng, padha kangkata, supaya Sang Ratuning Kamulyan tindak lumebet!

8“Sang Ratuning Kamulyan iku sapa?” “Iku Sang Yehuwah kang kwaos lan prakosa, Sang Yehuwah prakosa ing prang!”

9He gapura, padha dhuwurna pucakmu, he lawang kawak padha kangkata, supaya Sang Ratuning Kamulyan tindak lumebet!”

10“Sang Ratuning Kamulyan iku sapa?” “Iku Sang Yehuwah, Gustine balatantra, Iku Sang Ratuning Kamulyan.” (Selah)


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 24 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel