Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 28 >> 

MASMUR 28; Sang Yehuwah iku tetamengku

1Anggitane Prabu Dawud. Dhuh Yehuwah peparang kawula, kawula sesambat dhumateng Paduka, mugi sampun ngendelaken kawula, sabab manawi Paduka ngendelaken kawula, kawula lajeng kadosdene tiyang ingkang mandhap dhateng kubur.

2Paduka mugi karsaa miyarsakaken swantening panyuwun kawula, manawi kawula sesambat dhumateng Paduka nyuwun tulung, tuwin njunjung tangan kawula ngener dhateng padaleman Paduka ingkang mahasuci.

3Kawula sampun ngantos Paduka sered sesarengan kaliyan tiyang duraka, utawi ingkang nglampahi awon, ingkang tangkepipun sae dhateng sesaminipun, nanging manahipun kebak piawon.

4Punika mugi sami Paduka wales satimbang kaliyan pandamelipun, saha manut pratingkahipun ingkang awon; mugi Paduka ganjar laras kaliyan pakartining tanganipun sarta kadhawahana piwales punapa ingkang katindakaken punika.

5Amarga padha ora nggatekake marang pakaryaning Yehuwah, sarta apa kang katindakake dening astane, mulane bakal padha katibakake lan ora ditangekake maneh.

6Pinujia Sang Yehuwah, awit wus miyarsakake swaraning pasambatku.

7Sang Yehuwah iku kakuwatanku lan tetamengku, atiku kumandel marang Panjenengane. Aku wus kapitulungan, mulane atiku bungah-bungah, sarta aku ngunjukake panuwun marang Panjenengane kalawan kekidungan.

8Sang Yehuwah iku dadi kasantosaning umate, Panjenengane dadi beteng karahayon tumrap wong kang dijebadi!

9Paduka mugi karsaa ngluwari umat Paduka, tuwin karsaa mberkahi kagungan Paduka piyambak, mugi Paduka angen sarta Paduka panggul ing salami-laminipun.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 28 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel