Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 32 >> 

MASMUR 32; Bab karahayone wong kang kaapura dosane

1Anggitane Prabu Dawud. Kidung piwulang. Rahayu wong kang kaapura panerake, kang dosane kaaling-alingan!

2Rahayu wong kang durakane ora kaetang dening Yehuwah, sarta kang atine ora kadunungan cidra!

3Sadangunipun kawula kendel, balung kawula sami dados gapuk ing salebeting panggluruh kawula sadinten muput;

4amargi rinten dalu asta Paduka awrat pametekipun dhateng kawula sungsum kawula ngantos garing, kadosdene ngeraking mangsa benter. (Selah)

5Dosa kawula, kawula lairaken dhumateng Paduka, kalepatan kawula boten kawula aling-alingi; tembung kawula: “Dakngakoni panerakku ana ing ngarsane Sang Yehuwah,” Paduka nunten ngapunten kalepatan kawula margi saking dosa kawula. (Selah)

6Milanipun sakathahing tiyang mursid sami ndedonga dhumateng Paduka, mumpung taksih saged pinanggih; sanadyan wontena bena ageng, boten kebenan.

7Paduka ingkang dados pasingidan kawula, Paduka nebihaken kawula saking karibedan, Paduka ngemuli kawula, temah kawula luwar sarta asurak-surak. (Selah)

8Aku arep mulang marang kowe, dakweruhake dalan kang wajib kokambah; aku arep mituturi kowe, mripatku tumuju marang kowe.

9Aja kaya jaran utawa bihal kang ora duwe budi, prelu dienggoni apus lan kendhali, manawa ora, ora bakal nyedhaki kowe.

10Wong duraka nandhang perih akeh, nanging kang kumandel marang Sang Yehuwah iku mesthi kinubengan ing sih-rahmat.

11He para wong mursid, padha bungaha lan giyak-giyaka ana ing Pangeran Yehuwah. He para wong kang mulus ing ati, padha surak-suraka!


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 32 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel