Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 34 >> 

MASMUR 34; Ana ing pangayomane Pangeran Yehuwah

1Anggitane Sang Prabu Dawud, nalika mindha-mindha wong kang owah pikirane ana ing ngarsane Prabu Abimelekh, temah ditundhung, banjur angles. (34-2) Pangeran Yehuwah arep dakpuji ing salawase; pepujian marang Panjenengane tetep ana ing cangkemku.

2(34-3) Marga saka Sang Yehuwah nyawaku rumangsa mulya; wong kang lembah manah cikben padha krungu lan padha bungah.

3(34-4) Payo padha ngluhurake Sang Yehuwah bareng karo aku, payo padha bebarengan nyuwurake asmane!

4(34-5) Aku wus ngupaya Pangeran Yehuwah, banjur diparingi wangsulan, sarta diluwari saka sabarang kang marakake girisku.

5(34-6) Padha mandenga marang Pangeran Yehuwah, ulatmu mesthi bakal padha dibingarake, sarta mesthi ora bakal padha kawirangan.

6(34-7) Wong kang katindhes iki asesambat, nuli dipiyarsakake dening Sang Yehuwah; sarta diluwari saka ing sakehe rerubede.

7(34-8) Malaekate Pangeran Yehuwah ngamping-ampingi wong kang ngabekti marang Panjenengane, sarta padha kaluwaran.

8(34-9) Mara padha ngrasakna lan nyawanga sapira gedhene kasaenane Pangeran Yehuwah iku! Rahayu wong kang ngungsi marang Panjenengane!

9(34-10) He para kagungane Pangeran kang suci, padha wedi-asiha marang Sang Yehuwah, wong kang wedi-asih marang Pangeran Yehuwah padha ora kekurangan apa-apa.

10(34-11) Singa anom padha nandhang papa lan keluwen, nanging wong kang ngupaya Sang Yehuwah padha ora kekurangan sabarang kang becik.

11(34-12) He para bocah, padha ngrungokna pituturku, kowe padha dakwulang wedi-asih marang Pangeran Yehuwah.

12(34-13) Sapa kang seneng urip, kang kepengin umur dawa supaya bisa ngrasakake kang becik?

13(34-14) Ilatmu pekaken aja nganti medharake tembung ala sarta lambemu aja ngucapake kang cidra;

14(34-15) ngedohana piala, nglakonana kang becik, ngudia marang karukunan lan arahen nganti kacekel!

15(34-16) Tingale Sang Yehuwah mirsani wong mursid, sarta talingane midhangetake ing pasambate;

16(34-17) wedanane Pangeran Yehuwah nglawan para wong kang gawe piala, supaya pangenget-enget tumrap wong-wong mau kasirnakake saka ing bumi.

17(34-18) Manawa para wong mursid sesambat marang Pangeran Yehuwah, banjur dipiyarsakake, sarta padha diluwari saka ing sakehing rerubede.

18(34-19) Pangeran Yehuwah ana ing sacedhake para wong kang rempu atine, sarta para wong kang pepes budine padha dipitulungi.

19(34-20) Wong mursid iku akeh rerubede, nanging diluwari dening Sang Yehuwah saka sakehe iku kabeh,

20(34-21) Panjenengane ngreksa balung-balunge, nganti ora ana kang tugel siji-sijia.

21(34-22) Wong duraka bakal dipateni dening kasangsaran, sarta sing sapa sengit marang wong mursid, mesthi oleh paukuman.

22(34-23) Pangeran Yehuwah ngluwari nyawane para abdine, sarta sakehing wong kang pracaya marang Panjenengane ora bakal kaukum.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 34 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel