Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 4 >> 

MASMUR 4; Donga ing wayah bengi

1Kanggo lurah pasindhen, binarung swaraning clempung. Masmur anggitane Sang Prabu Dawud. (4-2) Manawi kawula sesambat, mugi karsaa paring wangsulan, dhuh Allah ingkang ngleresaken kawula. Ing salebeting karupekan Paduka ingkang paring omber dhateng kawula, mugi karsaa paring sih-piwelas dhumateng kawula saha karsaa miyarsakaken pandonga kawula!

2(4-3) He para priya, nganti pira suwene kaluhuranku diwirangake, nganti pira lawase anggonmu padha rumaket marang kang tanpa guna, sarta anggonmu mburu marang pagorohan? (Selah)

3(4-4) Padha sumurupa yen Sang Yehuwah wus milih kang dadi kekasihe; Sang Yehuwah karsaa midhangetake samangsa aku nyenyuwun marang Panjenengane.

4(4-5) Nepsua nanging aja nganti gawe dosa, mosika sajroning atimu ana ing paturon, nanging tetepa meneng. (Selah)

5(4-6) Padha nyaosna kurban kang bener, sarta kumandela marang Sang Yehuwah.

6(4-7) Kathah tiyang ingkang sami mungel makaten: “Sapa kang bakal nyumurupake kang becik marang aku?” Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa mlethekaken cahyaning wadana Paduka dhateng kawula sadaya.

7(4-8) Paduka sampun paring kabingahan dhateng kawula, nglangkungi tiyang-tiyang samangsa angsal gandum tuwin anggur kathah.

8(4-9) Kanthi ayem-tentrem kawula badhe leyeh-leyeh lajeng enggal tilem, amargi dhuh Yehuwah, namung Paduka ingkang njalari kawula manggen kanthi tentrem.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel