Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 49 >> 

MASMUR 49; Kabegjan kang tanpa guna

1Kanggo lurah pasindhen. Saka bani Korakh. Masmur. (49-2) He sakehing para bangsa, padha ngrungokna, he sakehing wong ing donya, padha nilingna;

2(49-3) para wong cilik lan wong gedhe, para wong sugih lan wong mlarat sakabehe!

3(49-4) Cangkemku bakal nglairake kawicaksanan, kang dipikir-pikir dening atiku iku pangreten.

4(49-5) Aku bakal nilingake marang bebasan, tuwin bakal ngandharake paribasanku kalawan ngunekake clempung!

5(49-6) Yagene kok aku nganti wedi marang dinaning karubedan, rikala aku kinepung ing pialane wong kang padha ngoyak-oyak aku,

6(49-7) wong-wong kang padha ngendel-endelake raja-branane, lan umuk marga saka kehing bandhane?

7(49-8) Ora ana wong siji-sijia bae kang bisa ngluwari awake dhewe, utawa ngaturi tebusan marang Gusti Allah minangka liruning nyawane.

8(49-9) Amarga kelarangen regane pangluwaraning nyawane, lan ora nyukupi ing salawase,

9(49-10) supaya lestari urip ing sateruse, lan ora ndeleng luwanganing kuburan.

10(49-11) Sanyatane, bakal kinawruhan: para wong kang wicaksana padha mati, para wong bodho lan tanpa budi padha mati bareng, lan bandhane ditinggalake marang wong liya.

11(49-12) Kubure iku dadi omahe ing salawase, dienggoni nganti turun-tumurun, pategalan-pategalan dianggep dadi duweke.

12(49-13) Nanging wong iku gedhea kaluhurane, iya ora lestari uripe, mung padha kaya kewan kang dipateni.

13(49-14) Kaya mangkono iku kaanane wong kang ngendelake awake dhewe, sarta patine wong kang seneng marang tembunge dhewe. (Selah)

14(49-15) Kaya wedhus anggone padha lumebu marang ing jagading wong mati, pati kang dadi pangone; padha terus tumurun marang ing kuburan, awake ajur mumur, jagading wong mati kang dadi papan padunungane.

15(49-16) Nanging nyawaku bakal diluwari dening Gusti Allah, saka ing cengkeremaning jagade wong mati, amarga Panjenengane bakal mundhut aku. (Selah)

16(49-17) Aja sumelang, manawa ana wong sangsaya sugih, sarta sangsaya wuwuh kamuktene ana ing omahe,

17(49-18) amarga rikala matine kabeh iku ora bakal digawa, kamuktene ora bakal ngetutake dheweke.

18(49-19) Sanadyan sajroning uripe ngarani awake dhewe iku begja, lan dialem dening wong marga anggone mbeciki awake dhewe,

19(49-20) ewadene bakal padha marani para leluhure, kang ora bakal ndeleng pepadang ing sateruse.

20(49-21) Manungsa kang kadunungan kamulyan akeh, manawa ora duwe kawruh, iku kena dipadhakake kewan kang disembeleh.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 49 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel