Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 5 >> 

MASMUR 5; Donga ing wayah esuk

1Kanggo lurah pasindhen binarung swaraning suling. Masmur anggitane Sang Prabu Dawud. (5-2) Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa miyarsakaken unjuk kawula, saha karsaa midhangetaken pasambat kawula.

2(5-3) Dhuh Ratu kawula saha Allah kawula, Paduka mugi midhangetaken anggen kawula njerit nyuwun pitulungan, amargi dhumateng Paduka anggen kawula ndedonga.

3(5-4) Dhuh Yehuwah ing wanci enjing Paduka miyarsakaken swara kawula, ing wanci enjing kawula nyawisaken kurban wonten ing ngarsa Paduka, sarta kawula ngantos-antos.

4(5-5) Amargi Paduka punika Allah ingkang boten remen dhateng duraka, tiyang awon boten badhe manggen wonten ing ngarsa Paduka.

5(5-6) Tiyang gumunggung boten badhe tahan wonten ing ngarsa Paduka, Paduka sengit dhateng sakathahing tiyang ingkang nindakaken piawon.

6(5-7) Paduka numpes sakathahipun tiyang dora-cara, Yehuwah eneg mirsani tiyang ingkang ngwutahaken rah saha lampah cidra.

7(5-8) Nanging kawula Paduka parengaken sowan lumebet ing padaleman Paduka, amargi saking agenging sih palimirma Paduka. Kawula Paduka parengaken tumungkul sujud madhep dhateng ing padaleman Paduka ingkang suci, kanthi pakering dhumateng Paduka.

8(5-9) Dhuh Yehuwah Paduka mugi karsaa nuntun kawula wonten ing kaadilan Paduka, awit saking panjejeping mengsah kawula; Paduka mugi ngradinaken margi Paduka wonten ing ngajeng kawula.

9(5-10) Amargi tembungipun tiyang-tiyang punika boten wonten ingkang temen, batosipun kebak piawon, gurungipun kadosdene kubur menga, ilatipun ngucapaken lelamisan.

10(5-11) Dhuh Allah, tiyang punika kajengipun sami nanggel kalepatanipun, kajengipun sami dhawah margi saking rancanganipun piyambak, sami kabucala awit saking kathahing panerakipun, amargi sami mbalela dhateng Paduka.

11(5-12) Nanging sakathahipun tiyang ingkang ngungsi dhumateng Paduka, badhe sami suka rena, sami surak-surak ing salaminipun margi sami Paduka ayomi saha margi saking Paduka tiyang ingkang tresna dhumateng Paduka badhe sami sumyak-sumyak.

12(5-13) Amargi Paduka ingkang mberkahi tiyang mursid, dhuh Yehuwah, saha Paduka amping-ampingi kalayan kanugrahan Paduka, kadosdene tetameng.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 5 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel