Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 56 >> 

MASMUR 56; Kumandel marang Gusti Allah ing sajroning karubedan

1Kanggo lurah pasindhen. Miturut lagu: Manuk dara ing wit terbantin kang adoh. Miktam anggitane Prabu Dawud, nalika panjenengane dicekel bangsa Filisti ana ing kutha Gat. (56-2) Dhuh Allah, kawula mugi Paduka welasi, margi tiyang-tiyang sami ngidak-idak kawula, sarta kawula dipun perangi saha dipun pepetaken sadinten muput.

2(56-3) Mengsah-mengsah kawula sami ngidak-idak kawula sadinten muput, malah kathah tiyang ingkang nglawan kawula kalayan gumunggung.

3(56-4) Manawi kawula ajrih, kawula punika kumandel dhumateng Paduka;

4(56-5) Gusti Allah, kang pangandikane dakalembana, iya Gusti Allah iku kang dakandelake, mulane aku ora wedi. Manungsa bisa manggawe apa marang aku?

5(56-6) Sadinten-dinten sami ngruwedaken prakawis kawula, sami tansah gadhah kekajengan badhe nandukaken piawon dhateng kawula,

6(56-7) sami badhe nempuh, ngintip saha ngawasaken dhateng lampah kawula, kados tiyang ingkang sami ngangkah dhateng nyawa kawula.

7(56-8) Tiyang wau punapa saged oncat, manawi ngengeti durakanipun wau? Dhuh Allah, para bangsa mugi sami Paduka rebahaken klayan bebendu Paduka.

8(56-9) Kasangsaran kawula punika Paduka ingkang ngetang-etang, luh kawula Paduka rimat wonten ing impes Paduka; sadaya rak sampun sami Paduka cathet wonten ing Kitab Paduka?

9(56-10) Mungsuhku banjur padha mundur nalika aku sesambat, aku yakin yen Gusti Allah nunggil karo aku.

10(56-11) Gusti Allah, kang sabdane dakegungake, Pangeran Yehuwah, kang sabdane dakegungake.

11(56-12) Gusti Allah, kang dakendelake, mulane aku ora wedi. Manungsa bisa manggawe apa marang aku?

12(56-13) Dhuh Allah, nadar kawula badhe kawula tetepi wonten ing ngarsa Paduka, kawula badhe ngaturaken kurban panuwun dhumateng Paduka.

13(56-14) Amargi Paduka sampun ngluwari nyawa kawula saking pejah, malah njagi suku kawula, satemah boten kesandhung; mila kawula saged lumampah wonten ing ngarsanipun Gusti Allah, ing pepadhanging gesang.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 56 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel