Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 59 >> 

MASMUR 59; Nyuwun pitulungan nglawan mungsuh

1Kanggo lurah pasindhen. Miturut lagu: Aja ngrusak. Miktam anggitane Prabu Dawud, nalika Sang Prabu Saul utusan ndingkik lan nyedani ana ing daleme. (59-2) Dhuh Allah kawula, kawula mugi Paduka uwalaken saking mengsah kawula, Paduka mugi karsaa mbetengi kawula tumrap ingkang sami nglawan kawula.

2(59-3) Kawula mugi kauwalna saking tiyang ingkang sami damel piawon, kaluwarana saking tiyang ingkang sami remen ngwutahaken rah.

3(59-4) Amargi tiyang punika saestu sami nyegat ngangkah dhateng nyawa kawula, tiyang prakosa sami nempuh kawula, mangka kawula boten nerak wewaler, kawula boten dosa, dhuh Yehuwah,

4(59-5) kawula boten gadhah kalepatan, kok sami mlajeng saha tata-tata. Paduka mugi karsaa ngrawuhi kawula lan karsaa nguningani!

5(59-6) Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun ingkang sarwa dumadi, Paduka punika Gusti Allahipun Israel. Paduka mugi karsaa wungu paring paukuman dhateng para bangsa; para tiyang ingkang sami nglampahi piawon lan nandukaken kiyanat punika sampun ngantos Paduka welasi! (Selah)

6(59-7) Saben sonten sami wangsul malih, sami mbaung kados segawon sarta ngubengi kitha.

7(59-8) Saestu, sami nyemoni kaliyan cangkemipun; panyenyamah dumunung ing lambenipun, sabab -- sinten ingkang mirengaken?

8(59-9) Nanging tiyang punika sami Paduka gegujeng, dhuh Yehuwah, sakathahing bangsa sami Paduka poyoki.

9(59-10) Dhuh kakiyatan kawula, Paduka ingkang kawula gondheli, amargi Gusti Allah dados kitha beteng kawula.

10(59-11) Allahku bakal methuk aku kalawan sih-kadarmane; Gusti Allah bakal marakake aku bisa ngremehake para satruku.

11(59-12) Mugi sampun ngantos sami Paduka pejahi, supados bangsa kawula boten kesupen, mugi Paduka damel sami kelunta-lunta klayan pamisesa Paduka, mugi sami Paduka rebahaken, dhuh Pangeran, tetameng kawula.

12(59-13) Ujaring lambenipun punika dosaning cangkemipun, sami kajireta margi saking piyangkuhipun. Amargi ipat-ipat lan cidra ingkang dipun cariyosaken.

13(59-14) Mugi sami katumpesa kalayan bebendu, katumpesa ngantos sami sirna, supados smi mangretosa, bilih Gusti Allah ingkang misesani tedhak turunipun Rama Yakub, ngantos dumugi ing pungkasaning bumi. (Selah)

14(59-15) Saben wanci sonten sami dhateng malih, mbaung kados segawon sarta ngubengi kitha.

15(59-16) Sami nglambrang ngupados tedha, manawi boten tuwuk, lajeng sami nggereng.

16(59-17) Nanging kawula badhe ngidungaken kakiyatan Paduka, ing wanci enjing kawula badhe asurak-surak margi saking sih-kadarman Paduka; amargi Paduka punika sampun dados kitha beteng kawula, papan pangungsen kawula ing salebeting karupekan kawula.

17(59-18) Dhuh Karosan kawula, Paduka badhe kawula kidungaken klayan kidung masmur; amargi Gusti Allah punika dados kitha beteng kawula, Gusti Allah kawula ingkang asih-darma.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 59 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel