MASMUR 62; Rasa ayem marga cedhak karo Gusti Allah
1Kanggo lurah pasindhen. Miturut: Yedutun. Masmur anggitane Prabu Dawud. (62-2) Amung yen cedhak karo Gusti Allah aku ngrasa ayem, kaslametanku iku saka ing Panjenengane.
2(62-3) Mung Panjenengane kang dadi peparang lan kaslametanku, kutha betengku, aku ora bakal gloyoran.
3(62-4) Sapira suwene anggonmu padha arep ngroyok sawijining wong, arep kokremuk, he kowe kabeh, kaya tembok kang dhoyong utawa tembok kang arep rubuh?
4(62-5) Sedyane mung arep njorogake wong mau saka ing kalungguhane kang dhuwur, padha dhemen goroh, cangkeme padha ngucapake berkah, nanging batine padha ngipat-ipati. (Selah)
5(62-6) Kantentremanku mung ana ing Gusti Allah, amarga kang dakarep-arep iku pinangkane saka ing Panjenengane.
6(62-7) Mung Panjenengane kang dadi peparang lan kaslametanku, kutha betengku, aku ora bakal gloyoran.
7(62-8) Ana ing Gusti Allah dununging kaslametan lan kamulyanku; peparangku lan kasantosanku, sarta pangayomanku iku Gusti Allah.
8(62-9) He umat, tansah padha kumandela marang Panjenengane, sarasaning atimu sokna ana ing ngarsane, Gusti Allah iku pangayoman kita. (Selah)
9(62-10) Satemene wong asor iku mung angin, para wong kang mulya iku mung pagorohan; yen kabobot ana ing timbangan njomplang mandhuwur, amarga luwih entheng katimbang angin.
10(62-11) Aja ngandel marang panindhesan, aja nduweni pangarep-arep kang tanpa isi marang barang rayahan; manawa mundhak bandhamu, atimu aja rumaket mrono.
11(62-12) Gusti Allah ngandika sapisan, rong prakara kang dakrungu, manawa panguwasa iku pinangkane saka Gusti Allah,
12(62-13) saha, Pangeran, sih-kadarman punika ugi saking Paduka; amargi Paduka paring piwales dhateng saben tiyang miturut pandamelipun.