Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 65 >> 

MASMUR 65; Kidung panuwun awit saka berkahe Gusti Allah

1Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane Prabu Dawud. Kidungan. (65-2) Dhuh Allah, pepujian punika kagem Paduka wonten ing Sion, sarta tiyang ngluwari nadar wonten ing ngarsa Paduka.

2(65-3) Paduka ingkang midhangetaken pandonga. Sadaya ingkang gesang sowan wonten ing ngarsa Paduka

3(65-4) amargi kalepatan. Manawi panerak kawula nglangkungi kakiyatan kawula, Paduka ingkang nglebur.

4(65-5) Rahayu tiyang ingkang Paduka pilih sarta Paduka dhawuhi nyelak, supados manggen wonten ing plataran Paduka! Kawula sami katuwukan ing kaendahanipun padaleman Paduka, inggih kadhaton Paduka ingkang suci.

5(65-6) Dhuh Allah Pamarta kawula, Paduka ingkang dados andel-andelipun salumahing bumi, dalasan pulo ingkang tebih-tebih; kalayan pandamel ingkang ngedab-edabi sanget saha kalayan kaadilan anggen Paduka paring wangsulan dhumateng kawula.

6(65-7) Paduka ingkang njejegaken sakathahing redi mawi kakiyatan Paduka, Paduka ingkang apaningset karosan;

7(65-8) Paduka ingkang nyirep gumuruhipun saganten, sarta jumlegeripun alun, punapadene gegeripun para bangsa!

8(65-9) Awit saking punika tiyang-tiyang ingkang manggen ing poncot-poncoting bumi sami ajrih dhateng pratandha-pratandha kaelokan Paduka; papan jumedhulipun enjing tuwin sonten, Paduka damel asurak-surak.

9(65-10) Paduka nuweni bumi saha Paduka paringi kaluberan, kalenipun Gusti Allah peres toyanipun, gandumipun Paduka cawisaken, inggih makaten punika anggen Paduka nyawisaken sadaya-sadayanipun:

10(65-11) Aluranipun Paduka elebi toya, prongkalanipun Paduka telesi, Paduka dadosaken leleran kalayan deresing jawah, tetuwuhanipun Paduka berkahi.

11(65-12) Taunipun Paduka makuthani klayan kamirahan Paduka, tipaking pada Paduka ngedalaken gajih.

12(65-13) Pasiten ing ara-ara samun tetes-tetes toyanipun, pareden-pareden sami abingah-bingah,

13(65-14) pangenan-pangenan sami kebak menda gembel, lebak-lebak sami kinemulan gandum, samudayanipun sami asurak-surak saha sami ngidung-ngidung.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 65 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel