Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 68 >> 

MASMUR 68; Arak-arakan kaunggulane Gusti Allah

1Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane Prabu Dawud. Kidungan. (68-2) Allah jumeneng, mungsuhe padha buyar, wong kang padha sengit marang Panjenengane larud saka ing ngarsane.

2(68-3) Sami kados kukus kabur sirna, kados lilin ajer wonten ing sangajenging latu, makaten tumpesipun tiyang duraka wonten ing ngarsanipun Gusti Allah.

3(68-4) Nanging para tiyang mursid sami bingah-bingah, sami sumyak-sumyak wonten ing ngarsanipun Gusti Allah, sami gambira lan sukarena.

4(68-5) Padha ngidunga kagem Gusti Allah, asmane luhurna kalawan masmur, gawea dalan kagem Panjenengane, kang ngagem titihan kang nratas ing mega! Asmane yaiku Yehuwah, bungah-bungaha ana ing ngarsane!

5(68-6) Ramane para bocah lola lan pangayomane para randha, iku Gusti Allah kang ana ing kadhatone kang suci;

6(68-7) wong kang kesepen sanak sadulur padha diparingi papan panggonan, wong tawanan padha diluwari, temah padha rumangsa begja, nanging wong mbalela padha andhok ana ing tanah gundhul.

7(68-8) Dhuh Allah, kala Paduka mangsah perang wonten ing ngajengipun umat Paduka, nalika Paduka tindak ngambah ing pasamunan, (Selah)

8(68-9) bumi gonjang-ganjing, malah langit nurunaken jawah wonten ing ngarsanipun Gusti Allah; redi Sinai hoyag wonten ing ngarsanipun Gusti Allah, Allahipun Israel.

9(68-10) Dhuh Allah, Paduka ngesokaken jawah kalayan mirah; siti kagungan Paduka ingkang garing Paduka pulihaken,

10(68-11) temah pepanthaning raja-kaya Paduka lajeng sami angsal panggenan wonten ing ngriku; dhuh Allah, margi saking sih-kadarman Paduka, Paduka maringi kabetahanipun tiyang ingkang katindhes.

11(68-12) Pangeran paring pangandika; wong kang padha nggawa kabar becik iku dadi wadya-bala kang gedhe.

12(68-13) Para rajane wadya-bala kabeh padha lolos, padha keplajeng, para wong wadon kang tunggu omah padha ngedum-edum barang jarahane.

13(68-14) Kowe apa padha gelem leleyeh ana ing antarane kandhang-kandhang? Swiwining manuk dara padha diselut selaka, sarta elare kaselut ing emas kang mencorong.

14(68-15) Nalika Kang Mahakawasa mbuyarake para raja ana ing kono, gunung Zalmon banjur kaudanan ing salju.

15(68-16) Gunung Basyan iku gunung kagungane Gusti Allah, gunung Basyan iku gunung kang pucake akeh!

16(68-17) He gunung-gunung kang pucake akeh, yagene kowe padha ewa mleroki gunung kang dikarsakake dening Gusti Allah dadi padalemane? Lah Pangeran Yehuwah bakal dedalem ana ing kono ing salawase.

17(68-18) Karetane Gusti Allah iku puluhan ewu, malah ewon kehe, Pangeran wus tedhak saka ing gunung Sinai lumebet ing padaleman suci.

18(68-19) Paduka sampun sumengka dhateng ing ngaluhur, mbandhangi para tiyang tawanan; Paduka nampeni pisungsung saking para manungsa, malah ugi saking para tiyang ingkang sami mbalela supados sami manggen wonten ing ngriku, dhuh Sang Yehuwah Allah.

19(68-20) Pinujia Pangeran! Sadina-dina Panjenengane nanggel urip kita. Gusti Allah iku karahayon kita. (Selah)

20(68-21) Gusti Allah iku tumrap kita Allah kang paring karahayon, Gusti Allah, Gustiku iku ngluwari kita saka ing pati.

21(68-22) Lah, Gusti Allah ngremuk endhasing mungsuhe, pathake wong kang dhiwut-dhiwut, kang ndlarung ing sajroning kaluputane.

22(68-23) Dhawuhe Pangeran mangkene: “Bakal Sunbalekake saka ing Basyan, bakal Sungawa bali saka ing panggonan kang jero,

23(68-24) supaya sira ngwisuhi sikilira kalawan getih, sarta ilate asu-asunira uga padha oleh panduman saka mungsuhira.”

24(68-25) Dhuh Allah, tiyang sami ningali tindak Paduka mawi arak-arakan, arak-arakanipun Allah kawula, Raja kawula dhateng ing pasucen.

25(68-26) Tiyang ingkang sesindhenan lumampah wonten ing ngajeng, ingkang wonten ing wingkingipun para ingkang sami ngungelaken clempung, ingkang wonten ing tengah para prawan ingkang sami nrebang.

26(68-27) “Padha ngluhurna Gusti Allah apepanthan, yaiku Pangeran Yehuwah, he kowe kang asalmu padha saka ing tuke Israel!”

27(68-28) Kae Benyamin, kang wuragil, kang lumaku ana ing ngarep dhewe, para panggedhening Yahuda padha gumrudug, para panggedhening Zebulon, para panggedhening Naftali.

28(68-29) Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa ngempalaken kakiyatan Paduka, dhuh Allah, Paduka mugi karsaa ngatingalaken pangwaos Paduka, Paduka ingkang sampun makarya kangge kawula sadaya.

29(68-30) Para raja sami ngaturaken pisungsung dhumateng Paduka, margi saking padaleman Paduka ing Yerusalem.

30(68-31) Paduka mugi karsaa ndukani satokewan ing glagahan, golonganing tiyang rosa saha para pangagenging bangsa! Ingkang sami remen dhateng selaka, mugi Paduka iles-iles, ingkang sami remen perang, mugi Paduka buyaraken!

31(68-32) Wong padha nggawa barang tembaga saka Mesir, wong Etiopia enggal-enggal padha ngegarake tangane ana ing ngarsaning Allah.

32(68-33) He sakehing karajan ing salumahing bumi, padha ngengidunga kagem Gusti Allah, padha ngidunga masmur kagem Pangeran; (Selah)

33(68-34) kagem Panjenengane kang nitih kareta miyos ing langit kang saka ing kuna mula. Padha nggatekna, Panjenengane ngedalake swarane, swarane kang nggegirisi!

34(68-35) Padha ngakonana pangwasaning Allah; kaluhurane ngayomi Israel, pangwaose ana ing mega-mega.

35(68-36) Gusti Allah iku nggegirisi ana ing padalemane kang suci, Gusti Allahe Israel, Panjenengane ngganjar pangwasa lan kekuwatan marang umate. Pinujia Gusti Allah!


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 68 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel