MASMUR 7; Gusti Allah iku Hakim kang adil
1Kidung pasambat anggitane Sang Prabu Dawud, kang dikidungake konjuk marang Sang Yehuwah, marga saka tembunge Kusy, wong Benyamin. (7-2) Dhuh Yehuwah, Gusti kawula, Paduka ingkang kawula suwuni pangayoman, mugi karsaa ngluwari kawula saking sakathahipun tiyang ingkang ngoyak-oyak kawula, kawula mugi Paduka luwari,
2(7-3) supados sampun ngantos nubruk kawula kadosdene singa, sarta nyered kawula, saha boten wonten ingkang nguwalaken.
3(7-4) Dhuh Yehuwah, Gusti kawula, manawi kawula tumindak makaten: manawi tangan kawula nindakaken kaculikan,
4(7-5) manawi kawula damel piawon dhateng tiyang ingkang tepangipun sae kaliyan kawula, utawi mitunani tiyang ingkang nyatru kawula tanpa sabab,
5(7-6) manawi makaten, mugi kawula kabujenga ing mengsah ngantos kacepeng, lajeng gesang kawula dipun idak-idaka ing siti, saha kaluhuran kawula kapendhema ing lebu. (Selah)
6(7-7) Dhuh Yehuwah, mugi karsaa jumeneng ing salebeting bebendu Paduka, mugi karsaa jumeneng nadhahi pangigit-igitipun tiyang ingkang sami nglawan dhateng kawula, mugi Paduka wungu mitulungi kawula amargi Paduka ingkang mrentahaken pangadilan.
7(7-8) Dene para bangsa kajengipun sami nglempak ngupengi Paduka, Paduka lajeng karsaa lenggah ing sanginggilipun ing papan ingkang inggil.
8(7-9) Sang Yehuwah ngadili para bangsa. Dhuh Yehuwah, mugi Paduka karsaa ngadili kawula, punapa kawula leres, saha punapa kawula tulus eklas.
9(7-10) Mugi-mugi piawoning tiyang duraka sageda mantun, nanging tiyang mursid mugi Paduka santosakaken, Paduka ingkang ndadar manah saha batosing tiyang, dhuh Allah ingkang adil.
10(7-11) Gusti Allah iku tetamengku, kang mitulungi wong kang burus ing ati.
11(7-12) Gusti Allah iku Hakim kang adil, tuwin Allah kang tansah nglairake bebendune.
12(7-13) Manawa wong ora mratobat, Gusti Allah bakal ngasah pedhange, menthang gandhewane, lan kaenerake.
13(7-14) Gegaman ampuh kacawisake kanggo wong mau, jemparinge diurubake.
14(7-15) Lah wong iku ngandhut piala lan ngandheg bilai nuli nglairake cidra;
15(7-16) nuli gawe luwangan, didhudhuk, nanging kecemplung dhewe ing luwangan gaweane mau.
16(7-17) Piala kang ditindakake mau mbalik nempuh endhase dhewe, sarta panganiayane nibani pathake dhewe.
17(7-18) Aku arep ngunjukake panuwun marang Sang Yehuwah amarga saka kaadilane, sarta ngidungake masmur kagem asmane Sang Yehuwah, Kang Mahaluhur.