Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 74 >> 

MASMUR 74; Kidung pangadhuh marga saka rusake Padaleman Suci

1Kidung piwulang anggitane Asaf. Dhuh Allah, punapa sababipun dene Paduka mbucal kawula sadaya ing salaminipun? Punapa sababipun dene bebendu Paduka ingkang mulad-mulad ndhawahi menda ngen-ngenan Paduka?

2Paduka mugi karsaa ngengeti umat Paduka ingkang sampun Paduka pundhut wiwit kala kina, ingkang Paduka tebus dados bangsa kagungan Paduka piyambak, saha mugi karsaa ngengeti dhateng redi Sion kadhaton Paduka!

3Paduka mugi karsaa rawuh ing panggenan ingkang kalajeng-lajeng risak punika; sadaya-sadayanipun sampun kasirnakaken dening mengsah wonten ing pasucen.

4Satru Paduka sami mbaung wonten ing dalem pamujan Paduka, saha sampun ngedegaken benderanipun kadamel tetenger.

5Katingalipun kados tiyang ingkang ninggil wadung ngantos inggil, kaempakaken ing kekajengan ingkang ketel,

6lan sapunika ukir-ukiranipun sami dipun dhawahi ing kampak tuwin wadung sadaya;

7padaleman Paduka ingkang suci dipun besmi, sarta papan padalemaning asma Paduka dipun najisaken ngantos dumugi ing siti;

8osiking manahipun makaten: “Apike padha daktumpes kabeh wae!” Lajeng dalem pamujan ing saindenging nagari dipun besmeni sadaya.

9Tetenger kawula boten wonten ingkang katingal, nabi inggih sampun boten wonten malih, saha panunggilan kawula sadaya boten wonten ingkang sumerep badhe ngantos sapinten dangunipun malih.

10Dhuh Allah badhe ngantos sapinten dangunipun anggenipun satru punika nyenyampahi, saha mengsah anggenipun ngawon-awon asma Paduka tanpa kendel punika?

11Punapaa dene Paduka narik wangsul asta Paduka, sarta numpangaken asta Paduka ingkang tengen ing jaja?

12Ewasamanten Paduka, dhuh Allah, dados Ratu kawula wiwit jaman kina mila, ingkang paring pangluwaran wonten ing bumi.

13Inggih Paduka punika ingkang miyak saganten klayan kakiyatan Paduka, ingkang ngremuki endhasipun naga-naga wonten ing sanginggiling toya.

14Paduka ingkang ngremuki endhasipun Lewiyatan-lewiyatan, Paduka pakakaken dhateng sato ing pasamunan.

15Paduka ingkang mbelah sumber saha lepen; Paduka ingkang ngesataken lepen-lepen ingkang ajeg mili.

16Rinten punika kagungan Paduka, dalu punika ugi kagungan Paduka, Paduka ingkang mrenahaken pepadhang saha surya.

17Paduka ingkang netepaken watesipun bumi sadaya, mangsa ketiga kaliyan mangsa rendheng Paduka ingkang ngawontenaken.

18Paduka mugi karsaa ngengeti punika: mengsah memada, dhuh Yehuwah, bangsa ingkang keblinger punika ngawon-awon asma Paduka.

19Nyawanipun peksi dara Paduka sampun ngantos Paduka pakakaken dhateng sato galak; Paduka mugi sampun ngantos kelajeng-lajeng kesupen dhateng nyawanipun para tiyang kagungan Paduka, ingkang katindhes!

20Paduka mugi enget dhateng prajanjian Paduka, amargi papan-papan ingkang peteng ing bumi punika kebak susuh panganiaya.

21Tiyang ingkang siniya-siya sampun ngantos wangsul kanthi wirang. Tiyang ingkang kasangsaran sarta tiyang ingkang mlarat supados sami ngalembana dhateng asma Paduka.

22Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa jumeneng sarta nindakaken pangadilan Paduka! Mugi karsaa enget dhumateng panacadipun para tiyang ingkang kablinger dhumateng Paduka sadinten muput punika.

23Paduka mugi sampun ngantos kesupen dhateng swaranipun satru Paduka, saha bengok-bengokipun tiyang ingkang sami mbalela dhumateng Paduka, ingkang tanpa kendel, malah sangsaya sora punika.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 74 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel