Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 78 >> 

MASMUR 78; Piwulanging sejarah

1Kidung piwulang anggitane Asaf. Dhuh bangsaku, piwulangku padha rungokna, pamicarane cangkemku padha tilingna.

2Aku arep mbukak cangkemku prelu medharake bebasan, aku arep ngucapake cangkriman jaman kuna,

3Apa kang wus padha kita rungu, sarta kita sumurupi, lan kang dicritakake dening para leluhur kita marang kita,

4ora bakal daksidhem tumrap anak-putune; nanging kita bakal nyaritakake marang para turun ing tembe pepujian marang Pangeran Yehuwah lan kasantosane, sarta kaelokan-kaelokan kang wus katindakake.

5Pangeran wus ndhawuhake pepenget marang trahe Rama Yakub, lan angger-anggering Toret marang Banisrael; para leluhur kita padha kadhawuhan ngluntakake iku marang para anak putune,

6supaya disumurupana dening para turune ing sapungkure, supaya anak-putu kang ing tembe bakal padha lair, padha gumregah lan nyaritakake marang anak-anake,

7supaya padha kumandela marang Gusti Allah, lan aja lali marang sakabehing pakaryane, nanging padha netepana dhawuh-dhawuhe;

8apadene aja padha kaya para leluhure, kang padha wangkot lan mbalela, jenis kang ora antepan tuwin kang nyawane ora setya marang Gusti Allah.

9Bani Efraim, prajurit panahan kang sikep gegaman ganep, padha mundur nalika dinane perang.

10Padha ora nggondheli prasetyaning Allah sarta padha emoh lumaku manut ing Torete.

11Padha lali marang pakaryane lan kaelokan kang katindakake, kang wus dikatingalake marang dheweke kabeh.

12Gusti Allah wus nindakake kaelokan-kaelokan ana ing ngarepe para leluhure, ana ing tanah Mesir, ana ing ara-ara Zoan;

13segara dipiyak, para leluhur padha disabrangake; banyune diadegake kaya bendungan,

14ing wayah awan lakune para umat dituntun kalawan mega, ing wayah bengi kalawan padhanging geni.

15Gunung parang ing ara-ara samun dibengkah, para leluhur mau tumuli padha diparingi banyu akeh kaya saka ing samodra agung;

16saka ing parang Gusti Allah mijilake kali, grojoging banyune kaya bengawan.

17Ewadene para leluhur mau ndlarung anggone gawe dosa marang Panjenengane, yaiku anggone mbalela marang Kang Mahaluhur ana ing pasamunan.

18Malah padha nyoba marang Gusti Allah ing sajroning atine yaiku anggone nyuwun pangan kanggo nguja hawa-napsune.

19Padha rasanan bab Gusti Allah mangkene: “Allah apa iya kuwasa nyedhiyani pangan ana ing ara-ara samun?

20Pancen Panjenengane nggebag parang satemah metu banyune lan banjur ana kali-kali kang mili; nanging apa iya kuwaos paring roti, utawa nyawisi daging para umate?”

21Iku kapiyarsa dening Pangeran Yehuwah, njalari dukane, temahan ana geni kang mubal nempuh bani Yakub, sarta bebendune nempuh Banisrael,

22awit padha ora pracaya marang Gusti Allah, sarta ora padha kumandel marang pitulungane.

23Gusti Allah tumuli dhawuh marang mega-mega ing dhuwur, lan mbikak lawang-lawanging langit,

24umate diudani mana minangka pangane, sarta padha diparingi gandum saka ing langit;

25saben wong wus mangan roti malaekat; padha dikirimi sangu pangan nganti turah-turah.

26Pangeran ngididake angin wetan ana ing awang-awang lan nggiring angin kidul kalawan kakiyatane;

27umate banjur diudani daging kehe kaya bledug, tuwin diudani manuk kang mawa swiwi cacahe kaya wedhining segara;

28padha katibakake ing satengahing tarub-tarube, ing sakubenging papan panggonane mau.

29Tumuli padha mangan nganti wareg banget; Panjenengane maringi apa kang padha dikarepake.

30Nalika isih padha rumangsa durung wareg, sarta pangane isih ana ing cangkeme;

31Gusti Allah banjur duka marang wong-wong iku, gembong-gembonge padha dipateni, lan para nonomane Israel padha disirnakake.

32Sanadyan mangkono, para leluhur mau iya isih bae anggone padha nglakoni dosa, sarta ora pracaya marang sakehing pakaryane Allah kang ngedab-edabi.

33Mulane dina-dinane kadamel sirna tanpa tanja, sarta taun-taune padha sirna sajroning pagiris.

34Bareng padha dipateni banjur padha nakokake marang Panjenengane, padha mratobat sarta padha ngupaya marang Gusti Allah;

35padha kelingan, yen Gusti Allah iku peparange, lan Gusti Allah Kang Mahaluhur iku dadi Juru Panebuse.

36Nanging padha ngapusi Panjenengane kalawan cangkeme lan nggorohi Panjenengane kalawan ilate.

37Atine ora mantep marang Panjenengane, lan ora setya marang ing prajanjiane.

38Tujune Panjenengane iku asipat welasan, karsa ngapura kaluputane lan ora numpes umate; malah kerep ngampah bebendune, sarta ora nggigah dedukane kabeh.

39Panjenengane karsa ngengeti manawa wong iku kabeh daging, angin kang midid, kang ora bakal bali.

40Ping pira bae para leluhur mau anggone padha mbalela marang Panjenengane ana ing ara-ara samun, lan anggone padha gawe sekeling galihe ana ing pasamunan!

41Bola-bali anggone padha nyoba marang Gusti Allah, sarta anggone padha gawe gerahe panggalihing Allah Israel Kang Mahasuci.

42Padha ora eling marang pagwaose, sarta marang dina nalika padha diluwari saka ing tanganing mungsuh,

43nalika Panjenengane nganakake pratandha-pratandha ana ing tanah Mesir, sarta mukjijat-mukjijat ana ing ara-ara Zoan.

44Kali-kaline lan ilen-ilene padha disabdakake dadi getih, temahan banyune ora kena diombe;

45ndhatengake laler cathak kang mangsa wong-wong mau, lan kodhok-kodhok kang nyirnakake wong-wong mau.

46Tanem tuwuhe wong Mesir dipakakake marang ama uler, tuwin wohing rekasane marang walang.

47Wite anggur padha disirnakake sarana udan watu, sarta wite sikmah sarana ebun njendhel.

48Pepanthaning kewane padha dipasrahake marang udan es, lan rajakayane disamber ing bledheg.

49Padha didhawahi mulad-mulading bebendune, bramantya, deduka sarta karupekan, apadene malaekat sabregada kang nggawa bilai;

50Panjenengane ngumbar mulad-mulading bebendune, nyawane padha ora diluwari saka ing pati, nyawane padha diulungake marang pageblug;

51sakehing anake pembarep wong Mesir padha dipateni, wohing kakuwatane kang kawitan ana ing tarub-tarube Kham;

52para umat kagungane tumuli padha didhawuhi mangkat kaya wedhus, padha dituntun kaya pepanthan kewan ana ing ara-ara samun;

53padha dituntun kalawan tentrem, temah ora padha kuwatir, amarga satrune wus padha keblabak ana ing segara;

54padha diirid menyang ing tanah suci kagunganing Allah, yaiku ing pagunungan iki, kang pinundhut ing astane kang tengen;

55para bangsa padha ditundhung saka ing ngarepane umat, tanah pusaka iku diedum-edum nganggo tali ukuran, sarta sakehing talere Israel padha didhawuhi ngenggoni tarub-tarube.

56Nanging Banisrael padha nyoba lan mbalela marang Gusti Allah kang Mahaluhur, sarta ora padha netepi marang pepenget-pepengete;

57padha murtad lan ora setya kaya para leluhure; padha nyimpang kaya gandhewa kang cidra;

58padha gawe gerahing penggalihe Gusti Allah sarana tengger-tengger papang pangurbanane, sarta ndadekake bentering penggalihe marga saka reca-recane.

59Bareng kapiyarsa dening Gusti Allah, temah Panjenengane banjur duka banget, Israel ditampik babar pisan;

60mulane nilar padalemane ing Silo, tarub kang wus didalemi ana ing antarane manungsa;

61kasantosane nuli diulungake dadi bandhangan, kamulyane dipasrahake marang ing tanganing mungsuh;

62Panjenengane marengake bae umate kamangsa ing pedhang, sarta bendu marang kagungane piyambak.

63Para wong non-nomane padha kamangsa ing geni, lan para prawane padha ora dialembana maneh kalawan kekidungan palakrama;

64para imam padha mati dening pedhang, lan randhane ora padha bisa nangisi.

65Ing kono Pangeran tumuli wungu, kaya wong kang keturon, kaya prawira kang wus eling saka anggone mendem anggur;

66mungsuh-mungsuhe padha digebag temah padha mundur, padha kadamel nandhang wirang ing salawase.

67Panjenengane nampik tarube Yusuf, taler Efraim ora kapilih,

68nanging kang dipilih taler Yahuda, Gunung Sion kang kinasihan;

69pasucene banjur dibangun nganti sundhul langit, kaya bumi kang tinalesan langgeng;

70Panjenengane milih Dawud, abdine, kapundhut saka ing satengahe kandhang-kandhang wedhus;

71kapundhut saka ing panggonane wedhus-wedhus kang padha nusoni, kapatah ngengon trahe Yakub, umate, iya Banisrael kagungane piyambak.

72Tumuli iya padha diengon kalawan tulusing galih, sarta padha katuntun kanthi kaprigelaning astane.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 78 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel