Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 87 >> 

MASMUR 87; Sion kuthane Gusti Allah

1Masmur anggitane bani Korakh: kidungan. Ing gunung-gunung kang suci ana kutha kang dibangun dening Pangeran.

2Kori-kori gapuraning Sion luwih dikasihi dening Pangeran Yehuwah, katimbang karo sakehing panggonane darah Yakub.

3He kuthaning Allah, kowe kasuwurake mungguh prakara-prakara kang mulya. (Selah)

4Rahab lan Babil Sungolongake para wong kang nganggep marang Ingsun, dalasan nagara Filisti, Tirus tuwin Etiopia: “Iki padha dilairake ana ing kono.”

5Nanging bab Sion diwartakake: “Wong iku siji-sijine laire padha ana ing kono,” lan Panjenengane, Kang Mahaluhur, kang njejegake.

6Wong iku mau kabeh padha kawilang dening Pangeran Yehuwah, samangsa nyatheti para bangsa: “Iki laire ana ing kono.” (Selah)

7Lan wong padha ngidung tuwin jogedan karo seneng-seneng: “Sakehing sumberku ana ing sajroning nagaramu.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 87 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel