Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 92 >> 

MASMUR 92; Pangeran Yehuwah Hakim kang adil

1Masmur, kekidungan ing dina Sabat. (92-2) Ngucap sokur dhumateng Pangeran Yehuwah kanthi kekidungan punika prayogi, makaten ugi nyaosi kidung masmur dhumateng asma Paduka, dhuh Gusti Allah ingkang Mahaluhur,

2(92-3) saha nyariyosaken sih-susetya Paduka ing wanci enjing tuwin kasetyan Paduka ing wanci dalu,

3(92-4) kanthi ngungelaken kawat sedasa kaliyan slukat, binarung ing swaraning clempung.

4(92-5) Dene Paduka, dhuh Yehuwah, sampun mbingahaken kawula kalayan pakaryan Paduka, kawula badhe asurak-surak awit saking pakaryanipun asta Paduka.

5(92-6) Dhuh Yehuwah, saestu agung pakaryan Paduka, sarta sanget lebet rancangan Paduka punika.

6(92-7) Tiyang bodho boten badhe nyumerepi, saha tiyang goblog ugi boten badhe mangretos bab punika.

7(92-8) Manawi tiyang duraka anggenipun gesang sami kados tetuwuhan, sarta tiyang ingkang nglampahi piawon sami ngrembaka punika supados sami katumpesa ing salami-laminipun.

8(92-9) Nanging, dhuh Yehuwah, Paduka wonten ing ngaluhur ing salaminipun.

9(92-10) Amargi saestu mengsah Paduka dhuh Yehuwah, inggih sayektos mengsah Paduka badhe tumpes, sakathahing tiyang ingkang tumindak awon badhe kabuyaraken.

10(92-11) Nanging singat kawula Paduka inggilaken kados singating bantheng, kawula ingesokan ing lisah jebad ingkang enggal;

11(92-12) mripat kawula nyawang satru kawula, kuping kawula mireng bab para tiyang awon ingkang sami gumregah nglawan kawula.

12(92-13) Wong mursid bakal ngrembaka kaya wit kurma, sarta thukul subur kaya wit eres ing Libanon;

13(92-14) para kang katandur ana ing padalemaning Yehuwah, bakal padha ngrembaka ana ing plataraning Allah kita,

14(92-15) sanadyan wus tuwa isih padha metu wohe, padha dadi lemu lan seger,

15(92-16) supaya bisaa nyaritakake yen Pangeran Yehuwah iku bener, peparangku kang adoh saka ing laku cidra.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 92 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel