Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 94 >> 

MASMUR 94; Gusti Allah, juru ngembani kaadilan

1Dhuh Allah ingkang ndhawahaken piwales, dhuh Yehuwah, dhuh Allah ingkang ndhawahaken piwales, Paduka mugi karsaa jumeneng!

2Dhuh Hakimipun jagad, mugi karsaa jumeneng, mugi karsaa ndhawahaken piwales dhumateng sarupining pandamelipun tiyang angkuh!

3Ngantos sapinten dangunipun malih para tiyang duraka, dhuh Yehuwah, ngantos sapinten dangunipun malih tiyang duraka sami suka pari suka?

4Tiyang-tiyang wau sami mutahaken tembung-tembung ingkang digsura, sarta sakatahahing tiyang ingkang nglampahi piawon sami gumunggung.

5Dhuh Yehuwah, tiyang wau sami ngiles-iles umat Paduka, sarta para kagungan Paduka piyambak sami dipun tindhes;

6sami nyembelehi randha lan tiyang neneka, tuwin mejahi lare lola;

7sarta sami mungel makaten: “Pangeran Yehuwah ora nguningani, lan Allahe Yakub ora nggatosake.”

8Heh, para wong kang bodho panunggalane rakyat, padha gatekna! Heh, para wong goblog, besuk apa anggonmu padha bisa mikir?

9Gusti Allah kang masang kuping apa ora miyarsa? kang yasa mripat apa ora mirsani?

10Kang maringi pamardi marang para umat, apa ora ndhawahake paukuman? Panjenengane kang mulangake kawruh marang manungsa?

11Pangeran Yehuwah nguningani sakehing rancangane manungsa, iku kabeh sanyatane tanpa guna.

12Dhuh Yehuwah, rahayu tiyang ingkang Paduka perdi, ingkang Paduka wulang saking angger-angger Paduka,

13supados kenginga kadamel nentremaken manahipun ing salebetipun nandhang karibedan, ngantos dumugi wekdalipun tiyang duraka kadhudhukaken luwangan.

14Dene Pangeran Yehuwah ora negakake umate, lan ora bakal nilar marang umat kagungane.

15Amarga karampunganing pradata bakal bali marang kaadilan, sarta diturut dening sakehing wong kang tulus atine.

16Sapa kang mbiyantu aku nglawan marang para wong ala, sapa kang mbiyantu aku nglawan marang para wong kang nglakoni piala?

17Ajaa Pangeran Yehuwah kang mitulungi aku, meh bae aku manggon ana ing alam suwung.

18Nalika kawula manah: “Sikilku theklok,” lajeng dipun kiyataken dening sih-susetya Paduka.

19Manawi ing batos kawula saya mindhak kathah ingkang kawula manah; panglipur Paduka ingkang ngayemaken manah kawula.

20Paduka punapa badhe nunggil kaliyan dhamparing piawon, ingkang ngrancang bilai adhedhasar katetepan?

21Sami sakuthon nglawan dhateng nyawanipun tiyang mursid, lan rahipun tiyang ingkang boten lepat dipun wastani duraka.

22Nanging Pangeran Yehuwah iku betengku kang santosa, sarta Allahku iku peparang pangungsenku.

23Gusti Allah kang malesake pialane wong-wong mau, lan jalaran saka pialane bakal padha katumpes. Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, bakal nyirnakake wong-wong iku.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 94 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel