Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Nahum 1 >> 

Bebuka

1Wangsit tumrap Niniwe. Kitab bab wahyune Nabi Nahum, wong Elkosy.

Bebendune Pangeran Yehuwah

2Pangeran Yehuwah iku Allah kang butajengan lan pemales, Pangeran Yehuwah iku pemales sarta kebak bebendu kang mulad-mulad, Pangeran Yehuwah paring piwales marang para satrune, sarta terus bae dukane marang para mengsahe.

3Pangeran Yehuwah iku gedhe sabare lan pinunjul pangwaose, nanging ora pisan-pisan wong kang salah linuputake saka ing paukuman. Panjenengane tindak ana ing sajroning lesus lan prahara, sarta mendhung iku lebuning sampeyane.

4Sagara didukani temah dadi asat, lan sakehe kali padha kadadekake garing, Basyan lan Karmel padha dadi nglayung tetuwuhan ing Libanon padha alum.

5Gunung-gunung padha gumeter ana ing ngarsane, lan tengger-tengger padha leleh. Bumi dadi sepi mamring ana ing ngarsane dalah jagad lan kang padha ngenggoni kabeh.

6Sapa kang kuwat nadhahi bebendune? Sarta sapa kang bisa tetep ngadeg jejeg samangsa mulad-mulad bebendune? Bramatyane kaesokake kaya geni, tuwin gunung parang nganti padha jugrug.

7Pangeran Yehuwah iku asih-darma, dadi papan pangungsen ing dina karubedan; Panjenengane uninga marang para wong kang ngungsi marang Panjenengane

8sarta nyabrangake wong-wong iku nalika pinuju banjir gedhe. Nanging numpes nganti tapis wong kang padha nglawan Panjenengane, tuwin para mungsuhe padha kagiring kaparakake marang pepeteng.

Pangandikane Sang Yehuwah marang Yehuda lan marang Niniwe

9Apa karepmu nglawan marang Sang Yehuwah iku? Panjenengane bakal nyirnakake babar pisan; para mungsuhe ora bakal bisa ngadeg maneh.

10Sabab wong-wong iku bakal sirna kaya eri kang bulet-buletan, bakal kamangsa nganti entek kaya dami kang garing.

11Saka ing sira rak jumedhul wong kang ngrancang-ngrancang piala nglawan marang Sang Yehuwah, sarta kang aweh pitutur kadursilan, ta?

12Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: “Sanadyan wong-wong iku wutuh lan akeh banget cacahe, ewasamono bakal padha sirna kababatan lan mati. Sanadyan Ingsun wus ngesorake sira, nanging sira ora bakal Sunesorake maneh.

13Saiki Ingsun bakal mutung pasangane kang ngebot-eboti sira, lan Ingsun bakal medhoti blenggu-blenggu kang mbanda sira.”

14Tumrap kowe, Pangeran Yehuwah ngandika mangkene: “Ora ana turun kang bakal nganggo jenengira maneh; sakehe recanira ukiran lan cor-coran bakal padha Sunsirnakake saka ing papane allahira. Ingsun bakal nyawisake kuburanira, awit sira iku asor.”

15Delengen! Ing gunung-gunung ana wong kang lumaku lan nggawa pawarta, kang martakake kabar tentrem-rahayu. He Yehuda, dinamu gedhe riyayakna, punagimu tetepana! Amarga wong dursila ora bakal teka lan nempuh marang kowe maneh; awit wus katumpes babar pisan!


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Nahum 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel