Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Pengkhotbah 12 >> 

1Elinga marang kang nitahake kowe ing sajrone isih anom, sadurunge satekane dina-dina kang ala lan taun-taun, kang kokkandhakake mangkene: “Ing nalika iku aku ora duwe kasenengan!”,

2yaiku sadurunge srengenge lan pepadhang, rembulan lan lintang-lintang dadi peteng, sarta sawuse udah mendhunge padha bali maneh,

3ing nalika kang tunggu omah padha gumeter lan wong-wong kang rosa padha mbungkuk, tuwin para wong wadon kang nggiling padha leren amarga cacahe suda, sarta kang padha ndeleng saka ing cendhela padha dadi lamur kabeh,

4apamaneh lawang-lawang ing sapinggiring dalan padha mineb, swarane panggilingan dadi lirih, swarane dadi kaya pangocehing manuk, tuwin sakehing pasindhen wadon padha dadi lirih swarane,

5wong-wong uga padha dadi wedi marang unggah-unggahan; lan ing dedalan ana kang memedeni, wit saked akembang, walange lakune ngrekasa kalawan nyeret awake, tuwin kekarepan mangan ora kena kagugah maneh -- amarga manungsa lunga menyang ing omahe kang langgeng, apadene para juru nangis padha kluyuran ana ing dedalan,

6sadurunge rante selaka kapedhot lan damar emas kapecah, sadurunge klenthing karemuk ana ing sacedhaking sumber sarta kerekaning timba karusak ana ing sadhuwure sumur,

7apadene lebu bali dadi lemah kaya ing sakawit lan roh bali marang ing ngarsaning Allah kang maringake.

8Banget anggone tanpa guna, mangkono pangandikane Sang Kohelet, banget anggone tanpa guna, samubarang kabeh iku tanpa guna.

Panutup

9Sang Kohelet iku kajaba kagungan kawicaksanan, iya paring piwulang bab kawruh marang umat. Panjenengane nenimbang, nguji lan nganggit bebasan akeh.

10Sang Kohelet ngangkah bisane manggih tetembungan kang nyenengake lan nyerat tetembungan bab kabeneran kalawan jujur.

11Tembung-tembunge wong wicaksana iku kayadene kawat eri lan keklumpukane tulisane kaya paku-paku kang tumancep, pawewehe sawijining pangon.

12Sarta maneh, anakku, sing waspada! Nganggit buku akeh iku ora ana uwise lan sinau akeh iku gawe keseling awak.

13Wasana minangka pungkasane kang kapireng yaiku: wedia marang Gusti Allah lan netepana pepaken-pepakene, awit iki kuwajibane saben wong.

14Amarga Gusti Allah bakal masrahake sabarang panggawe marang pangadilan, kang ngadili samubarang kang samar, kang becik lan kang ala.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Pengkhotbah 12 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
© 2010-2019
Alkitab.SABDA.org

Android.SABDA.org
SABDA.mobi
Bantuan
Dual Panel

Laporan Masalah/Saran