Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Ratapan 1 >> 

Gempure lan sepine Yerusalem

1Adhuh lae, kutha iku kok sepi temen, kang dhek biyen reja banget! Wus dadi kaya randha kang maune linuwih ana ing satengahe para bangsa. Kang biyen dadi ratune kutha-kutha, saiki dadi jajahan.

2Ing wayah bengi nangis kelara-lara, pipine adus luh; ing antarane para kang nresnani, ora ana siji bae kang aweh panglipur. Mitrane kabeh wus padha nyidrani, wus malih dadi satrune.

3Yehuda wus ditinggal dening kang padha ngenggoni, marga saka sangsara lan saka abote anggone dikawulakake; saiki dumunung ing antarane para bangsa, ewadene ora bisa oleh katentreman; sapa bae kang nempuh bisa ngejegi ing mangsa nemahi karubedan.

4Dalan-dalan kang anjog ing Sion kebak prihatin, marga ora ana kang padha nekani riyaya, gapurane sepi nyenyet kabeh, para imame padha ngesah, para prawane padha sedhih, dene Sion dhewe pepes atine.

5Para mungsuhe padha nguwasani, lan satrune padha seneng-seneng. Pranyata Sion diganjar kasusahan dening Pangeran Yehuwah, marga akeh panerake; anak-anake padha lumaku ana ing ngarepe satrune kayadene tawanan.

6Putri ing Sion wus koncatan kamulyane kabeh, para pemimpine padha kaya menjangan kang ora nemu panggonan kanggo nyenggut; nglentroh anggone lumaku, ana ing ngarepe kang ngoyak-oyak.

7Ing dinane kasangsaran lan kasusahan Yerusalem kelingan marang sakehing raja-brana kang dadi duweke dhek biyen; nalika wonge katelukake dening mungsuh, lan ora ana kang mitulungi, para satrune padha nyawang lan padha gumuyu, marga saka karusakane.

8Yerusalem banget anggone gawe dosa, satemah kaanane najis; kabeh kang biyen padha ngajeni, saiki padha ngremehake, marga weruh anggone kawudan; Yerusalem dhewe sambat-sambat kambi mungkur.

9Kanajisane kelet ing poncoting jubahe, wus ora mikir bab bakal wekasane, anggone tiba kanteb banget, ora ana wong kang nglipur. “Dhuh Yehuwah, mugi karsaa mirsani kasangsaran kawula, margi pun mengsah ngegungaken badanipun piyambak.”

10Si satru gumrageh tangane marang raja-branane Yerusalem kabeh, malah Yerusalem ndeleng para bangsa anggone padha lumebu ing papan pasucene, mangka Paduka, dhuh Yehuwah, sampun ngawisi tiyang-tiyang punika, boten kenging lumebet ing pasamuwan Paduka.

11Wong saisine Yerusalem kabeh padha sambat-sambat, padha golek roti; raja-branane diijolake pangan, kanggo nyambung uripe. “Dhuh Yehuwah, mugi karsaa mirsani, dene samanten kanisthan kawula.

12Heh kowe kang padha liwat, apa kowe ora padha mreduli? Sawangen lan tamatna, apa ana kasusahan kaya kang ditandukake dening Pangeran Yehuwah marang aku, supaya aku nandhang sedhih banget, nalika bebendune mulad-mulad?

13Panjenengane ngintunake geni saka ing dhuwur, kang manjing ing balung-balungku; Panjenengane masang jaring ana ing ngarepe sikilku, aku didhesek mundur, sarta aku digawe kaget, lan kelaran nganti sadina muput.

14Sakehing panerakku iku pasangan kang abot, sawijining bebuletan, damelaning astane Pangeran, kang ditumpangake ana ing guluku, satemah njalari enteking kakuwatanku. Pangeran wus ngulungake aku marang ing tangane para wong kang aku ora kaconggah nandhingi.

15Pangeran wus mbucal sakehe para gegedhugku kang ana ing wewengkonku. Pangeran wus damel pista kanggo nglawan marang aku, kanggo nyirnakake para wong nonomanku. Pangeran wus ngidak-ngidak putri Yehuda, para kenya, kaya patrape ngiles-iles meres anggur.

16Marga saka iku aku nangis, mripatku ngetokake luh carocosan, awitdene juru panglipur kang bisa nglejarake atiku wus adoh; anak-anakku padha bingung, marga si satru rosa banget.”

17Sion ngegarake tangane, nanging ora ana wong kang nglipur; Pangeran Yehuwah wus nglempakake tangga-tanggane, supaya padha nglawan marang Yakub. Yerusalem wus dadi najis, ana ing satengahe mungsuh-mungsuh mau.

18“Pangeran Yehuwah iku kang leres, awit aku wus mbalela marang pangandikane; heh sakehe bangsa, padha rungokna lan sawangen prihatinku, para wong nonomanku lanang lan wadon wus padha lunga dadi tawanan.

19Aku ngundang para kang daktresnani, nanging iku padha ngapusi aku, para imamku lan para tuwa-tuwaku, wus padha ngajal kabeh ana ing kutha, nalika padha golek pangan kanggo nyambung uripe.

20Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa mirsani, anggen kawula ajrih sanget punika, saha anggenipun nyawa kawula ngolang-ngaling punika, manah kawula molak-malik wonten ing nglebet kawula, awitdene kesangeten anggen kawula mbalela, wonten ing jawi anak-anak kawula katumpes dening pedhang, wonten ing salebetipun griya dening sesakit pes.

21Paduka mugi karsaa midhangetaken, kadospundi anggen kawula sesambat, mangka boten wonten ingkang nglipur kawula, mengsah-mengsah kawula sami mireng bab kasangsaran kawula, lajeng sami bingah, awit Paduka ingkang ndhatengaken punika! Dinten ingkang sampun Paduka undhangaken punika mugi kadhatengna, saha mengsah-mengsah wau mugi sami dadosa kados kawula!

22Piawonipun sadaya mugi sumengkaa dhateng ing ngarsa Paduka, saha tiyang-tiyang wau lajeng mugi sami Paduka etrapi punapa ingkang sampun Paduka tandukaken dhateng kawula, margi saking kathahipun duraka kawula; awit kathah panggresah kawula, sarta manah kawula nandhang sakit.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ratapan 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel