Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Roma 10 >> 

1Para sadulur, kang dadi pepenginaning atiku lan pandongaku marang Pangeran, wong-wong mau muga padha kapitulungana rahayu.

2Amarga aku nekseni, yen pancen padha taberi banget anggone ngabekti marang Gusti Allah, nanging tanpa pangreten kang bener.

3Sabab, padha ora wanuh marang kabeneraning Allah sarta ngarah ngadegake kabenerane dhewe, mulane padha ora sumuyud marang kabeneran kang saka Gusti Allah.

Kabeneran awit saka pracaya

4Sabab Sang Kristus iku kang wus mungkasi angger-anggering Toret, satemah saben wong kang pracaya banjur oleh kabeneran.

5Sabab Nabi Musa nyerat bab kabeneran kang marga saka ing angger-anggering Toret iku mangkene: “Sapa kang nglakoni prakara iku, bakal urip marga saka iku.”

6Nanging kabeneran kang awit saka pracaya iku, wewarahe mangkene: “Aja ana osiking atimu: Sapa ta kang bakal sumengka menyang ing swarga?” yaiku prelu ngaturi Gusti Yesus tumedhak,

7utawa: “Sapa ta kang bakal mudhun menyang telenganing pati?” yaiku: prelu nginggahake Sang Kristus saka ing antarane wong mati.

8Nanging kapriye wewarahe? Mangkene: “Pangandika iku cedhak karo kowe, ana ing tutukmu lan ana ing atimu.” Yaiku pangandika bab pracaya, kang dakwartakake.

9Sabab, manawa sarana tutukmu kowe ngakoni yen Gusti Yesus iku Gusti, lan atimu pracaya yen Gusti Allah wus mungokake Panjenengane saka ing antarane wong mati, kowe bakal kapitulungan rahayu.

10Sabab, kalawan ati wong iku anggone pracaya sarta kabenerake, lan kalawan tutuk wong anggone ngakoni pracaya, sarta kapitulungan rahayu.

11Awit Kitab Suci ngandika mangkene: “Sapa kang pracaya marang Panjenengane, ora bakal kawirangan.”

12Sabab wong Yahudi lan wong Yunani iku ora ana bedane. Ujer Gusti Allah mung siji, kang dadi Gustine wong kabeh, sarta luber kadarmane marang sadhengah wong kang padha nyebut marang Panjenengane.

13Awitdene sapa kang nyebut Asmaning Pangeran bakal kapitulungan rahayu.

14Nanging kapriye anggone padha bisa nyebut marang Panjenengane? Kapriye anggone padha pracaya ing Panjenengane, yen padha ora krungu bab Panjenengane? Kapriye anggone padha krungu bab Panjenengane manawa ora ana kang martani?

15Lan kapriye anggone padha bisa aweh pawarta bab Panjenengane, manawa padha ora kautus? Kaya kang katulisan, wiraose: “Iba anggone nyenengake tekane wong kang padha nggawa pawarta becik.”

Bab bangsa Israel anggone ora pracaya

16Ananging ora kabeh wong padha nampani pawarta becik iku mau. Sabab Nabi Yesaya munjuk mangkene: “Dhuh Pangeran, sinten ingkang pitados dhateng punapa ingkang sami kawula wartosaken?”

17Dadine pracaya iku thukule awit saka pangrungu, sarta pangrungu iku marga saka pangandikane Sang Kristus.

18Ananging aku takon: Apa padha ora krungu? Sajatine wus padha krungu: “Swarane wus nyrambahi ing salumahing bumi, Sarta tembunge wis tekan ing tapel watesing jagad.”

19Nanging aku takon maneh: Apa kirane bangsa Israel ora mangreti? Kang dhisik ana pangandikane Nabi Musa mangkene: “Ingsun bakal nenangi kumerenira marang kang dudu umat, sarta nenangi nepsunira marang bangsa kang bodho.”

20Lan kalawan kendel Nabi Yesaya ngandika: “Ingsun wus ditemu dening wong kang padha ora ngupaya Ingsun. Ingsun wus ngatingal marang wong-wong kang ora nakokake Ingsun.”

21Balik tumrap bangsa Israel pangandikane mangkene: “Sadina muput anggoningSun ngegarake astaningSun marang bangsa kang ora mbangun-turut sarta madoni.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

Download Audio MP3 (Roma 10):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Roma 10 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel