Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Rut 2 >> 

Rut ketemu karo Boas

1Naomi mau duwe sanak saka bojone, kang sugih brewu, panunggalaning kulawangsane Elimelekh, jenenge Boas.

2Rut wong Moab mau matur marang Naomi: “Kula badhe kesah dhateng ing pategilan, ngasag-asag wewulen wonten ing sawingkingipun tiyang ingkang welas dhateng kula.” Wangsulane Naomi: “Iya mangkata, engger.”

3Rut banjur mangkat la satekane ing pategalan tumuli ngasag-asag sair ana ing saburine wong kang derep; kabeneran ana ing bumi kang klebu kagungane Boas, panunggalaning kulawangsane Elimelekh.

4Kabeneran Boas teka saka ing Betlehem. Pangandikane marang kang padha derep: “Pangeran Yehuwah muga nunggila karo kowe.” Wangsulane wong kang padha derep: “Pangeran Yehuwah mugi mberkahana panjenengan.”

5Boas banjur ngandika marang abdine kang ngulat-ulatake wong kang padha derep: “Wong wadon iku saka ngendi?”

6Abdi kang mandhori wong derep mangsuli, ature: “Punika tiyang estri bangsa Moab ingkang tumut mantuk kaliyan Naomi saking ing tanah Moab.

7Kala wau wicantenipun makaten: Kula kelilana ngasag-asag lan nglempakaken sair ing sela-selanipun bentelan-bentelan, ing sawingkingipun tiyang derep. Wiwit dhateng kala wau enjing ngantos dumugi sapunika, terus ibut kemawon, saha sakedhap kemawon boten ngaso.”

8Boas banjur kandha marang Rut: “Rungokna dhisik, engger! Ora susah kowe ngasag-asag ana ing pategalan liyane, lan ora susah kowe lunga saka kene, nanging tetep cedhaka karo batur-baturku wadon.

9Delengen bae pategalan kang lagi diderepi wong iku. Ngetutna lakune wong wadon iku ana ing saburine. Amarga aku wus prentah marang batur-batur lanang, aja ana kang ngarubiru kowe. Manawa ngelak, menyanga ing genthong lan ngombea kang wis diangsu dening para batur.”

10Rut tumuli sujud nyembah raine konjem ing bumi sarta matur: “Margi saking punapa dene kula manggih kawelasan wonten ing ngarsa panjenengan, kok panjenengan ngantos nggatosaken dhateng kula, tiyang sanes bangsa?”

11Boas mangsuli: “Satemene aku wis diwartani apa sapanggawemu marang maratuwamu ing samatine bojomu; anggonmu ninggal bapa-biyungmu lan tanah kelairanmu, marani bangsa kang ora koktepungi ing maune.

12Sang Yehuwah muga karsaa paring piwales marang panggawemu iku, muga Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel, kang wus kokungseni ing ayoming swiwine iku karsaa maringi pituwas marang kowe kang satimbang.”

13Rut banjur matur: “Dhuh bendara, kula saestu tampi sihpiwelas wonten ing ngarsa panjenengan, awit panjenengan sampun karsa paring panglipur dhateng kula, sarta sampun nentremaken manahipun ingkang abdi sanadyan kula punika boten sami kaliyan para abdi panjenengan estri.”

14Bareng tumeka wayahe wong mangan, Rut tumuli dikandhani dening Boas: “Majua mrene, melua mangan roti lan pulukanmu celupna ing cokak iki.” Rut dadine banjur lungguh ana ing sandhinge para wong derep, lan diulungi emping gandum gorengan dening Boas; anggone mangan nganti wareg, malah ana sisane.

15Bareng Rut ngadeg arep ngasag maneh, Boas banjur prentah marang bature, pangucape: “Kareben ngasag ana ing sela-selane bentelan-bentelan uga, aja kokalang-alangi.

16Malah kang tekeman terkadhang iya unusen sawetara, runtuhna, banjur tinggalen, kareben dikukupi, aja kokkasari.”

17Pangasage Rut ana ing pategalan kono nganti tumeka ing wayah sore, dene asagane bareng diirigi oleh sair watara saefa.

18Iku banjur dikukup sarta lumebu ing kutha. Bareng asagane dituduhake marang maratuwane, apadene sisane anggone mangan diwetokake lan diwenehake marang dheweke,

19banjur ditakoni dening maratuwane: “Ana ing ngendi anggonmu ngasag sadina iki lan anggonmu nyambut-gawe ana ing ngendi? Kaberkahana wong kang nggatekake kowe iku.” Rut banjur nyritakake marang maratuwane anggone nyambut-gawe iku ana ing panggonane sapa, pangucape: “Ingkang kula dhereki nyambut-damel ing dinten punika asmanipun Boas.”

20Sawuse mangkono Naomi kandha marang mantune: “Wong iku muga kaberkahana dening Sang Yehuwah, kang karsa ngatingalake sih-kamirahane marang kang isih urip, sarta kang wis padha mati.” Sarta maneh calathune Naomi marang Rut: “Wong iku isih kaprenah sanak karo kita, iku panunggalane kang wajib nebus kita.”

21Rut wong Moab tumuli matur: “Malah inggih wonten dhawuhipun dhateng kula makaten: Kowe tetepa ngetutake batur-baturku bae, nganti tumeka sarampunge panenanku kabeh.”

22Pangucape Naomi marang Rut, mantune: “Prayogane, anakku engger, lungamu bareng karo batur-bature wadon, aja nganti kowe digodha dening wong ing pategalan kono.”

23Kaya mangkono Rut ora pisah-pisah karo batur-bature wadon Boas anggone ngasag-asag, nganti tumeka salebaring panen sair lan gandum, lan sasuwene iku dheweke manggon nunggal karo maratuwane.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Rut 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
© 2010-2018
Alkitab.SABDA.org

Android.SABDA.org
SABDA.mobi
Bantuan
Dual Panel

Laporan Masalah/Saran