Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Ulangan 19 >> 

Kutha-kutha pangungsen

1“Besuk samangsa Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, wus numpes bangsa-bangsa kang nagarane diparingake marang kowe dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, sarta kowe wus ngejegi wilayahe lan padha ngenggoni kutha-kuthane lan omah-omahe,

2kowe banjur miliha kutha telu ing nagara peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang kokejegi iku.

3Dalane tetepna dohe, lan tlatahe tanah kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe dadia darbekmu iku perangen dadi telu, supaya saben wong kang gawe pati bisaa ngungsi mrono.

4Anadene mungguh wong gawe pati kang ngungsi mrono supaya bisaa lestari urip, iku pathokane mangkene: Wong kang njalari patine pepadhane tanpa kajarag, lan ora duwe sengit marang wong mau ing sadurunge,

5kayata: Ana wong lumebu ing alas karo kancane arep negor kayu, nalika tangane mbabitake wadunge arep negor kayu, wesine wadung mlesat saka ing garane, ngenani kancane, temah mati; iku nuli ngungsia menyang salah sijine kutha iku mau kareben tetep urip.

6Supaya waris pulih getih iku ing sajrone panas atine, anggone mburu marang wong kang gawe pati mau arep dicekel lan dipateni aja nganti ketututan, marga lete adoh, mangka kang gawe pati mau ora sapatute nampani paukuman pati, marga mau-maune pancen ora nduweni rasa sengit.

7Mulane kowe dakprentahi mangkene: Mijekna kutha telu.

8Karodene samangsa Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ing tembe wus ngelar jajahanmu, kaya kang wus dadi prasetyane kanthi supaos marang para leluhurmu, sarta kowe wus diparingi sakehe tanah kang wus diprasetyakake marang para leluhurmu iku mau;

9-- anggere kowe nglakoni pepakon iki kalawan temen-temen, iya kang dakprentahake marang kowe ing dina iki, apamaneh nresnani marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lan tansah ngambah dalan pitedahe --, kutha telu mau banjur wuwuhana telu maneh,

10supaya aja ana getihe wong kang resik kawutahake ana ing nagara kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe dadi darbekmu, temah kowe dadi kapotongan getih.

11Balik manawa ana wong kang sengit marang pepadhane, sarta dhedhemitan ngenteni kang disengiti iku, wasana kelakon ditempuh lan dikepruk nganti mati, sawuse mangkono nuli lumayu ngungsi menyang salah sijine kutha iku mau,

12ing kono para tuwa-tuwane nagara kongkonana nyekel wong mau saka ing kono, banjur dipasrahna marang tangane si waris pulih getih supaya kapatenana.

13Wong kang kaya mangkono iku aja kokwelasi. Kaya mangkono anggonmu ngilangi getihe wong kang resik saka ing Israel, supaya kowe ginanjara slamet.”

Larangan ngelih pathok wates tanah

14“Kowe aja nganti ngelih pathok watesing lemahe pepadhamu kang wus ditetepake dening wong-wong biyen ing tanah-pusaka kang bakal dadi duwekmu ana ing nagara kang diparingake Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe supaya dadi darbekmu.”

Bab seksi

15“Seksi iku manawa mung siji ora kena kanggo nggugat marang wong bab prakara kaluputan apa bae utawa dosa kapriye bae kang bokmanawa dilakoni. Bisane prakara dianggep sah mung landhesan ature seksi loro utawa seksi telu.

16Saupama ana seksi cidra ndakwa marang wong bab salah sawijining panerak,

17wong loro kang para-padu iku kasebakna ana ing ngarsane Sang Yehuwah, ing ngarepe para imam lan para hakim kang ana ing wektu iku.

18Para hakim mau banjur niti-priksaa kang tliti, dene saupama katitik paseksine iku palsu lan pandakwane goroh marang sadulure,

19wong iku patrapana kaya kang dadi karepe kang arep ditandukake marang sadulure. Kaya mangkono anggonmu kudu nyingkirake kang ala saka ing tengahmu.

20Supaya wong-wong liyane kang padha krungu wartane padha wedi, temah sabanjure ora nganti ana maneh kang nglakoni kadursilan kaya mangkono iku ana ing tengahmu.

21Wong kaya mangkono iku aja kokwelasi, sabab kudu tumindak, nyawa walese nyawa, mata walese mata, untu walese untu, tangan walese tangan lan sikil walese sikil.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ulangan 19 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel