Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Ulangan 4 >> 

Nabi Musa mituturi wong Israel supaya padha netepi angger-anggere Gusti Allah

1“Mulane saiki, he wong Israel, padha ngrungokna katetepan lan pranatan kang dakwarahake marang kowe supaya padha koklakoni, temah kowe lestari urip sarta padha lumebu lan ngejegi nagara peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu, marang kowe.

2Pitutur kang dakprentahake marang kowe iki aja padha kokwuwuhi lan iya aja kokkurangi, supaya kowe padha nggatekna pepakene Sang Yehuwah, Gusti Allahmu kang dakprentahake marang kowe.

3Mripatmu dhewe wus padha ndeleng apa kang ditandukake dening Sang Yehuwah tumrap Baal-Peor; awitdene saben wong kang manut marang Baal-Peor iku wus ditumpes kasirnakake saka ing tengahmu dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu;

4nanging kowe kang padha rumaket marang Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, isih padha lestari urip nganti tekan ing dina iki.

5Elinga, kowe wus padha dakwarah bab katetepan lan pranatan kaya kang wus didhawuhake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahku, marang aku, supaya padha nglakoni ana ing nagara kang kokparani lan kang bakal kokejegi.

6Mulane iku padha lakonana kalawan setya, awitdene iku kang bakal dadi kawicaksananmu lan kaluwihaning budimu ana ing ngarepe para bangsa, kang samangsa krungu sakehe katetepan iku, bakal celathu: Bangsa gelengan gedhe iki pancen bangsa kang wicaksana lan limpad ing budi.

7Awit ngendi ana bangsa gedhe kang allahe cedhak kaya Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita samangsa kita sambati.

8Lan ngendi ana bangsa gedhe kang duwe katetepan lan pranatan kang adile kaya angger-angger iku kabeh kang dakgelarake ana ing ngarepmu ing dina iki?

9Nanging diprayitna lan dingati-ati, supaya kowe aja nganti lali marang lelakon kang wus padha koksipati kalawan mripatmu dhewe, lan aja nganti ilang saka ing atimu sajegmu urip; malah iku kabeh padha critakna marang anak-putumu.

10Yaiku ing nalikane kowe padha ngadeg ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu ana ing gunung Horeb, nalika Sang Yehuwah ngandika marang aku: Wong-wong padha klumpukna ana ing ngarsaningSun, supaya padha ngrungokake sakehe pangandikaningSun, temah padha wedi-asih marang Ingsun sajege urip ana ing bumi lan padha mulangake iku marang anak-anake.

11Ing kono kowe banjur padha nyedhak sarta ngadeg ana ing ngisore sikile gunung, mangka gununge murub lan genine nganti sundhul ing langit ing sajroning peteng ndhedhet.

12Pangeran Yehuwah tumuli mangandikani kowe saka ing satengahe geni, kowe padha krungu swaraning pangandika, nanging ora ndeleng rerupan, mung swara.

13Kowe padha diparingi sumurup prasetyane, kang kadhawuhake supaya koklakoni, yaiku Pangandika Sapuluh kang tumuli kaserat ing papan watu loro.

14Sarta ing nalika iku aku iya didhawuhi dening Sang Yehuwah mulangake katetepan lan pranatan, supaya iku padha koklakoni ana ing tanah kang bakal kokparani lan bakal kokejegi.

15Mulane dingati-ati, -- marga kowe ora ndeleng rerupan apa-apa ing kalane Sang Yehuwah mangandikani kowe ana ing gunung Horeb saka ing satengahe geni --,

16supaya kowe aja padha nindakake piala srana gawe rerupan awujud reca ngemperi brahala apa bae, rerekane wong lanang utawa wong wadon;

17rerekan kang awujud kewan kang ana ing bumi, utawa awujud manuk mawa swiwi kang mabur ing awang-awang,

18utawa kewan rumangkang nlosor utawa gumremet ana ing bumi, utawa iwak kang ana ing banyu sangisore bumi;

19lan supaya kowe aja nganti tumenga marang langit, satemah manawa kowe ndeleng srengenge, rembulan lan lintang-lintang lan sakehe wadya-bala ing langit, kowe banjur disasarake kelu sujud lan ngabekti marang iku kabeh; kang lugune malah diparingake dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, marang sarupane para bangsa ing sangisore langit dadi pandumane.

20Mangka kowe iku padha dipilih dening Pangeran Yehuwah kaentasake saka ing perapen paleburan wesi, saka ing tanah Mesir, supaya dadia umat kagungane piyambak, kaya kang kelakon ing dina iki.

21Nanging Pangeran Yehuwah banjur duka marang aku marga saka kowe, lan supaos, yen aku ora bakal nyabrang ing bengawan Yarden lan ora lumebu ing tanah kang becik kang bakal diparingake dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe minangka tanah-pusakamu.

22Awit aku bakal mati ana ing nagara kene, bakal ora nyabrang ing bengawan Yarden; nanging kowe kang bakal padha nyabrang lan ngejegi nagara kang becik iku.

23Dieling, aja nganti lali marang prasetyane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang wus didamel kalawan kowe; aja nganti kowe gawe reca kang awujud apa bae, kang dadi wewalere Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, ora kepareng kokgawe.

24Awitdene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku asipat kaya geni memangsa, Allah kang ambek butajengan.

25Besuk samangsa kowe wus duwe anak-putu lan wus padha tuwa ana ing nagara kono, mangka kowe banjur tumindak nistha, padha gawe reca kang awujud apa bae, sarta nglakoni kang ala ana ing paningale Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, temah kowe padha nuwuhake gerahe panggalihe,

26ing dina iki langit lan bumi dakkon nekseni, yen kowe mesthi enggal bakal tumpes sirna saka ing nagara kang padha kokparani kalawan nyabrang ing bengawan Yarden lan banjur bakal kokejegi iku; kowe ora bakal padha dawa umurmu, nanging mesthi bakal padha tumpes.

27Pangeran Yehuwah bakal ndadekake kowe pating slebar ana ing antarane para bangsa, lan cacahmu mung sathithik ana ing antarane para bangsa, kang dadi tujuane anggonmu bakal padha kasingkirake dening Sang Yehuwah.

28Ana ing kana kowe bakal padha nyembah allah gaweane manungsa, arupa kayu lan watu, kang ora bisa ndeleng utawa krungu, ora bisa mangan utawa ngambu.

29Bareng ana ing kana kowe lagi padha nggoleki Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lan iya bakal ketemu, anggere anggonmu nggoleki kanthi gumolonging ati lan gumolonging nyawamu.

30Samangsa ing tembe kowe karubedan lan kataman samubarang iku mau, kowe banjur bakal mbaleni Pangeran Yehuwah, Gusti Allahu, sarta ngestokake dhawuhe.

31Awitdene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu iku, Allah kang asipat welasan, kowe ora bakal ditegakake utawa disirnakake; apadene iya ora bakal kalepyan marang prasetyane kang didhawuhake kalawan supaos marang para leluhurmu.

32Amarga coba takok-takokna, wiwit ing poncoting langit nganti tekan ing poncoting langit, bab jaman kang kapungkur sadurunge kowe ana, wiwit ing dinane Gusti Allah nitahake manungsa ana ing bumi, apa tau kelakon bab kang samono gedhene iku, utawa apa tau kaprungu prakara kang kaya mangkono iku.

33Apa tau ana bangsa kang krungu swarane Gusti Allah ngandika saka satengahing geni, kaya anggonmu wus krungu iku, mangka bisa lestari urip.

34Karomaneh apa tau ana allah kang rawuh mundhut bangsa saka satengahe bangsa liya dadi kagungane, srana nindakake panyoba lan pratandha sarta kaelokan apadene perang, kalawan asta kang rosa lan lengen kang kaulukake lan kalawan pagiris kang ngedab-edabi, kaya kang wus ditandukake dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, kanggo kowe ana ing Mesir kang padha koksipati?

35Kowe kang ditedahi iku mau, supaya mangertia yen Pangeran Yehuwah piyambak kang jumeneng Allah, ora ana maneh liyane, kajaba mung Panjenengane.

36Saka ing langit kowe krungu sabdane kang mulang kowe, lan ana ing bumi kowe diparengake ndeleng geni kang gedhe, lan krungu sakehe sabdane saka ing satengahing geni.

37Ing sarehne Panjenengane ngasihi para leluhurmu lan milih para turune, mulane Panjenengane piyambak wus ngentasake kowe saka ing tanah Mesir srana kakiyatan kang linuwih;

38sarta nundhungi bangsa-bangsa kang cacahe lan pangwasane ngungkuli kowe saka ing ngarepmu, lan kowe diirid lumebu menyang ing nagarane lan maringake nagara iku marang kowe dadia tanah-pusakamu, kaya kang kelakon ing dina iki.

39Mulane ing samengko kowe padha ngawruhana lan nggatekna yen Pangeran Yehuwah piyambak kang jumeneng Allah ana ing langit dhuwur lan ana ing bumi ngisor, ora ana liyane maneh.

40Kowe padha netepana katetepan lan pepakene kang dakprentahake marang kowe ing dina iki, supaya kowe lan anak-putumu ing besuk padha diganjara slamet, sarta dinawakna umurmu ana ing tanah peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe ing salawas-lawase.”

Kutha pangungsen ing sawetane bengawan Yarden

41Nabi Musa tumuli miyambakake kutha telu ing sabrange bengawan Yarden kang sisih wetan,

42supaya wong kang mateni pepadhane tanpa kajarag lan iya ora marga disengiti ing sadurunge, bisa ngungsi mrono, temah manawa ngungsi menyang ing salah sijine kutha iku, bisa lestari urip.

43Kutha-kutha iku mau yaiku: Bezer ing pasamunan, ing tanah warata kang dhuwur, kanggo wong Ruben; Ramot ing Gilead kanggo wong Gad lan Golan ing tanah Basan kanggo wong Manasye.

Bebukane piwulange Nabi Musa

44Iki angger-angger Toret kang digelarake dening Nabi Musa marang wong Israel.

45Iki pepeling lan katetepan sarta pranatan kang diparingake dening Nabi Musa marang wong Israel nalika padha lumaku metu saka ing tanah Mesir;

46ing sabrange bengawan Yarden, ing lebak ing sangarepe Bet-Peor, ana ing nagarane Prabu Sihon, ratune wong Amori kang akedhaton ana ing Hesybon, kang dikalahake dening Nabi Musa lan wong Israel nalika wus padha metu saka ing tanah Mesir;

47tanahe banjur diejegi, mangkono uga nagarane Prabu Og, ratu ing Basan, karo-karone ratune wong Amori ing sabrange bengawan Yarden sisih wetan.

48Wiwit saka ing Aroer kang ana ing pinggire kali Arnon tekan ing gunung Siryon, yaiku gunung Hermon,

49dalah ing saindenge tanah warata ing sabrange bengawan Yarden, ing sisih wetan nganti tekan ing tlagane sagara Araba, ing sikile gunung Pisga.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ulangan 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel