Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Ulangan 6 >> 

Tresna marang Gusti Allah iku dhawuh kang utama

1“Iki dhawuh, yaiku katetepan lan pranatan kang atas dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, dakwulangake marang kowe, supaya padha dilakoni ana ing nagara kang kokparani bakal kokejegi,

2supaya kowe wedi-asiha marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, netepana sakehe katetepan lan pepakene kang dakterusake marang kowe, iya kowe dalah anak-putumu sajegmu urip, supaya dawa umurmu.

3Mulane, he Israel, padha ngrungokna! Iku kabeh padha lakonana kalawan temen-temen, supaya kowe padha ginanjar slamet lan supaya padha tangkar-tumangkar, kaya kang wus dijanjekake dening Sang Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu, marang kowe ana ing tanah kang luber puwan lan madu.

4He Israel, ngrungokna, Pangeran Yehuwah iku Gusti Allah kita, Pangeran Yehuwah iku siji.

5Kang iku kowe tresnaa marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan gumolonging atimu lan gumolonging nyawamu sarta ing sakekuwatanmu.

6Tembung-tembung kang diprentahake marang kowe ing dina iki, iku padha gatekna,

7lan padha wulangna bola-bali marang anak-anakmu lan rembugen samangsa kowe lagi lungguhan ana ing omahmu, samangsa kowe pinuju lelungan lan samangsa lagi turon utawa samangsa kowe tangi.

8Sarta maneh padha talenana ing tanganmu minangka pratandha, lan dadia tenger pangeling-eling ana ing bathukmu,

9apadene padha tulisana ing pipining lawange omahmu lan ing gapuramu.

10Anadene besuk samangsa wus kelakon kowe diirid dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu lumebu ing nagara kang wus diprasetyakake kalawan supaos marang para leluhurmu, Abraham, Iskak lan Yakub, bakal diparingake marang kowe, -- kutha-kutha kang gedhe lan endah kang dudu yasanmu,

11sarta omah-omah kang kebak isi dandanan warna-warna kang becik, mangka dudu kowe kang ngiseni; sarta sumur-sumur mangka dudu kowe kang ndhudhuk, apadene pakebonan anggur lan pakebonan jaitun kang dudu tanduranmu --, lan samangsa kowe wus mangan nganti wareg,

12nuli dingati-ati aja nganti lali marang Sang Yehuwah kang wus ngentasake kowe saka ing tanah Mesir, saka ing pangawulan.

13Kowe wedi-asiha lan ngabektia marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lan anggonmu sumpah iku demia asmane.

14Aja ngetut-buri allah liya-liyane, panunggalane allah-allahe para bangsa kang ana ing saubengmu;

15awitdene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku Allah kang butajengan ana ing tengahmu, supaya aja nganti bebendune Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu mulad-mulad marang kowe, temah kowe ditumpes kasirnakake saka ing bumi.

16Kowe aja nyoba marang Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, kaya anggonmu wus padha nyoba marang Panjenengane ana ing Masa.

17Prentahe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku padha tetepana, mangkono uga pepenget lan katetepane kang wus didhawuhake marang kowe;

18karomaneh kowe nglakonana apa kang bener lan kang becik ana ing ngarsane Sang Yehuwah, supaya kowe ginanjara slamet, sarta lumebu lan ngejegi nagara kang becik kang wus diprasetyakake kalawan supaos dening Pangeran Yehuwah marang para leluhurmu,

19kalawan nundhungi sakehe mungsuhmu saka ing ngarepmu, kaya kang wus didhawuhake dening Sang Yehuwah.

20Ing tembe manawa anakmu takon marang kowe: Menggah pepenget saha katetepan tuwin pranatan ingkang kadhawuhaken dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, dhateng panjenengan, punika kados pundi?,

21nuli anakmu mau wangsulana: Kita dhek biyen padha dadi kawulane Sang Prabu Pringon ing tanah Mesir, nanging Sang Yehuwah wus ngentasake kita saka ing tanah Mesir kalawan asta kang rosa.

22Pangeran Yehuwah nindakake pratandha lan kaelokan kang nggegirisi lan gawe cilaka tumuju marang ing tanah Mesir, marang Sang Prabu Pringon lan sabrayate kabeh kang padha kita sipati,

23nanging kita banjur padha dientasake saka ing kono bakal diirid lumebu, prelu diparingi nagara kang wus diprasetyakake kalawan supaos marang para leluhur kita.

24Kita padha didhawuhi dening Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, supaya nglakoni sakehe katetepan iku lan supaya padha wedi-asih marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, supaya kita tansah slamet lan supaya kita dilestarekake urip kaya ing dina iki.

25Dene manawa kita padha nglakoni sakehe pepakon iku kalawan temen-temen ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, kaya anggon kita padha didhawuhi, iku bakal kaetung dadi kabeneran kita.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ulangan 6 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel