Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Wahyu 3 >> 

Marang pasamuwan ing Sardis

1“Sira nulisa marang malaekate pasamuwan ing Sardis: Iki pangandikane kang kagungan Rohe Allah pitu lan lintang pitu iku: Ingsun ngudaneni ing panggawenira kabeh; sira kaaranan urip, mangka satemene mati!

2Sira tangia, lan nyantosakna apa kang isih kari kang wus ngarepake mati, awit panggawenira iku ora ana siji-sijia kang sampurna ana ing ngarsane AllahingSun.

3Kang iku sira elinga, kapriye anggonira nampani lan krungu; iku tetepana lan mratobata! Jalaran manawa sira ora jumaga, Ingsun bakal ngrawuhi sira kaya maling, sarta sira ora bakal sumurup wayah apa anggoningSun ngrawuhi sira.

4Nanging ing Sardis kono uga ana wong sawatara kang ora ngregedi sandhangane; wong-wong iku bakal ndherek ing satindakingSun kalawan manganggo putih, marga wus padha sembada.

5Sing sapa unggul, iku bakal dienggoni sandhangan putih kaya mangkono; lan jenenge mesthi bakal ora Sunbirat saka ing buku kauripan, sarta jenenge bakal Sunakeni ana ing ngarsane RamaningSun lan ing ngarepe para malaekate.

6Sing sapa duwe kuping, ngrungokna apa kang dadi pangandikane Sang Roh marang pasamuwan-pasamuwan.”

Marang pasamuwan ing Filadhelfia

7“Lan sira nulisa marang malaekate pasamuwan ing Filadhelfia: Iki pangandikane Sang Suci, Sang Sajati, kang ngasta kuncine Dawud; samangsa Panjenengane ngengakake, ora ana kang bisa nutup, samangsa Panjenengane nutup, ora ana kang bisa ngengakake.

8Ingsun ngudaneni sakehing panggawenira. Sira wus Sunwengani lawang kang ora bisa kainebake dening wong. Ingsun mirsa manawa kakuwatanira ora sapiraa, nanging sira netepi pangandikaningSun sarta ora nyelaki asmaningSun.

9Wruhanira, wong sawatara panunggalaning paguyubane Iblis, yaiku kang padha ngaku-aku Yahudi, mangka sajatine dudu, nanging goroh, iku bakal Sunpasrahake marang sira. Sanyatane wong iku bakal Suntekakake, supaya padha sumungkem ana ing ngarepe sikilira sarta padha ngakoni, yen Ingsun ngasihi sira.

10Sarehne sira wus netepi marang pangandikaningSun, supaya kalawan sabar mantep nganti-anti marang Ingsun, mulane Ingsun iya bakal ngreksa sira ing dina pacoban kang bakal nekani ing sajagad kabeh kanggo ndadar wong kang padha manggon ing bumi.

11Ingsun bakal dumrojog rawuh. Apa kang sira duweni iku kukuhana, supaya aja ana wong kang ngepek makuthanira.

12Sing sapa unggul, iku bakal Sundadekake saka-guru ana ing Padaleman Sucining AllahingSun, lan ora bakal metu maneh saka kono; karodene bakal Suntulisi asmane AllahingSun, araning kuthaning AllahingSun, yaiku Yerusalem anyar, kang tumurun saka ing swarga saka AllahingSun, sarta asmaningSun kang anyar.

13Sapa kang duwe kuping, ngrungokna apa kang dadi pangandikane Sang Roh marang pasamuwan-pasamuwan.”

Marang pasamuwan ing Laodhikia

14“Lan sira nulisa marang malaekate pasamuwan ing Laodhikia: Iki pangandikane Sang Amin, Seksi kang setya tuhu lan sajati, kang murwani titahing Allah:

15Ingsun ngudaneni ing sakehing panggawenira, yen sira iku ora adhem lan ora panas. Saiba becike saupama sira adhem utawa panas.

16Kang iku sarehne sira iku manget-manget, ora adhem ora panas, mulane Ingsun bakal nglepeh sira saka ing tutukingSun.

17Sarehne sira duwe ujar: Aku iki sugih lan aku wus ngudi kasugihan sarta ora kekurangan apa-apa, apa maneh marga sira ora sumurup, yen sira iku mlarat, lan memelas, wuta lan kawudan,

18mulane Ingsun mituturi sira, supaya sira tukua mas kang binesot ing geni marang Ingsun, supaya sira dadia sugih; lan uga sandhangan putih, supaya sira manganggoa, temah aja nganti katon anggonmu wuda, kang ngisin-isini; apadene lenga kang kagawe mblonyohi mripatira, supaya bisa ndeleng.

19Sapa wong kang Sunkasihi iku Sunwelehake lan Sunrangket; marga saka iku sing sumarah lan mratobata!

20Wruhanira, Ingsun jumeneng ana ngarep lawang sarta thothok-thothok; manawa ana wong kang krungu suwaraningSun lan ngengani lawang, Ingsun bakal lumebet manggihi lan bujana bebarengan karo wong iku lan wong iku karo Ingsun.

21Sing sapa unggul, iku bakal Sunwenangake lungguh kalawan Ingsun ana ing dhamparingSun, padha kaya Ingsun uga wus unggul lan banjur lenggah kalawan RamaningSun ana ing dhampare.

22Sing sapa duwe kuping, ngrungokna apa kang dadi pangandikane Sang Roh marang pasamuwan-pasamuwan.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

Download Audio MP3 (Wahyu 3):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Wahyu 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel