Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Wahyu 7 >> 

Wong Israel kang padha diecapi

1Sawise iku aku weruh malaekat papat jumeneng ana ing pojoking bumi papat padha nyandhet angine bumi papat, supaya aja ana angin niyup menyang ing dharatan utawa menyang ing sagara tuwin menyang ing wit-witan.

2Sarta aku ndeleng malaekat liyane njedhul saka ing panggonan mletheking srengenge. Panjenengane ngampil cape Gusti Allah kang gesang, lan banjur nguwuh kanthi swara seru marang malaekat papat kang padha kaparingan kawajiban ngrusak bumi lan sagara,

3tembunge: “Aja ngrusak bumi lan sagara utawa wit-witan sadurunge aku padha ngecapi para abdine Allahku ing bathuke!”

4Lan aku krungu cacahe kang padha kaecapan iku: Panunggalane talere Banisrael kabeh kang kaecapan ana satus patang puluh papat ewu.

5Saka taler Yahuda kang kaecapan rolas ewu, saka taler Ruben rolas ewu, taler Gad rolas ewu,

6taler Asyer rolas ewu, taler Naftali rolas ewu, taler Manasye rolas ewu,

7saka taler Simeon rolas ewu, taler Lewi rolas ewu, taler Isakhar rolas ewu,

8saka taler Zebulon rolas ewu, taler Yusuf rolas ewu, taler Benyamin rolas ewu.

Wong akeh kang cacahe tanpa wilangan

9Sawuse mangkono aku weruh: lah ana golonganing wong akeh kang cacahe tanpa wilangan, saka sakehing bangsa lan taler tuwin golongan sarta basa, ngadeg ana ing sangarepe dhampar lan ing ngarsane Sang Cempe, padha nganggo jubah putih lan nyekel godhong kurma.

10Iku padha nguwuh kalawan swara seru: “Karahayon punika sayogya kadarbe ing Allah kawula ingkang lenggah ing dhampar saha ing Sang Cempe!”

11Anadene sakehing malaekat padha mapan ana ing saubenging dhampar lan para pinituwa tuwin makluk papat iku. Iku padha sumungkem ana ing ngarepe dhampar sarta padha sujud marang Gusti Allah,

12kalawan munjuk: “Amin! Sakathahing puji lan kamulyan, sarta kawicaksanan tuwin panuwun, saha kaurmatan miwah panguwaos punapadene kasekten sayogya kadarbe ing Allah kita langgeng salami-laminipun! Amin!”

13Tumuli ing antarane para pinituwa mau ana kang ndangu marang aku: “Sapa kang padha manganggo jubah putih iku lan pinangkane saka ing ngendi?”

14Atur wangsulanku: “Bapak, punika panjenengan ingkang uninga.” Pinituwa mau banjur ngandika marang aku: “Iku para kang luwar saka ing sangsara gedhe sarta wus padha ngumbah jubahe nganti putih ing rahe Sang Cempe.

15Mulane padha ngadhep ana ing ngarepe dhamparing Allah lan padha ngladosi Panjenengane rina-wengi ana ing Padalemane Suci, apadene bakal padha ingauban dening kang lenggah ing dhampar iku kalawan tarube,

16sarta ora bakal padha ngelih lan ngelak maneh, tuwin bakal ora kena ing dayaning srengenge utawa ing panas kang sumelet.

17Amarga bakal padha diengen sarta diirid menyang tuking banyu kauripan dening Sang Cempe kang ana satengahing dhampar iku, lan Gusti Allah bakal ngusapi sakehe eluh ing mripate.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

Download Audio MP3 (Wahyu 7):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Wahyu 7 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel