Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yakobus 5 >> 

Pepeling marang wong sugih

1Ing saikine, he para wong sugih, nangisa sarta sesambata marga saka anane sangsara kang bakal tumempuh ing kowe!

2Kasugihanmu wis bosok sarta sandhanganmu padha kamangsa ing renget.

3Mas sarta salakamu kapangan ing timbrah lan timbrahe bakal dadi paseksen tumrap ing kowe kabeh, sarta bakal memangsa dagingmu kayadene geni. Kowe wus numpuk bandha ing dina-dina wekasan iki.

4Sajatine wus kaprungu panguwuh-uwuh, amarga opahing buruh kang wis padha ngeneni pametuning tegalmu koktahan, pangresulane wong kang padha derep wis kapireng ing talingane Pangeraning sakabehe tumitah.

5Ana ing bumi iki kowe wus urip mukti sarta seneng-seneng. Kowe wus padha nyeneng-nyenengake atimu, kaya ing dina pasembelehan.

6Wong bener kokukum malah kokpateni, lan ora bisa nglawan marang kowe.

Sabar sajroning nandhang sangsara

7Kang iku para sadulur, padha disabar nganti tumeka rawuhe Gusti! Sajatine wong tani iku nganti-anti marang pametuning bumine kang adi sarta disrantekake, nganti tekane udan ing mangsa rontog lan ing mangsa semi.

8Kowe uga padha disabar, atimu padha santosakna, amarga rawuhe Gusti wis cedhak!

9He para sadulur, kowe aja padha nggresah lan dakwa-dinakwa, supaya kowe aja nganti diadili. Sajatine Sang Hakim wis jumeneng ing ngarep lawang.

10He para sadulur, padha nulada panandhange sangsara sarta kasabarane para nabi, kang wis padha medharake pangandika atas asmane Pangeran.

11Sajatine kita padha ngarani rahayu wong kang padha sabar mantep iku; kowe wus padha krungu bab sabar mantepe Rama Ayub, sarta wis padha sumurup apa kang ing wekasane kacawisake dening Pangeran kagem panjenengane, amarga Pangeran iku gedhe sih-palimirmane sarta welasan.

Supata lan pandonga

12Nanging para sadulur, kang dhisik poma aja supata; dadia demi swarga dadia demi bumi utawa sadhengaha supata liyane. Manawa iya, kandhaa iya, yen ora, kandhaa ora, supaya kowe ora kena ing paukuman.

13Manawa ana panunggalanmu kang nandhang sangsara, iku ndedongaa! Manawa ana kang seneng atine, iku ngidunga!

14Manawa ana panunggalanmu kang lara, luwih becik iku ngaturi para pinituwane pasamuwan, supaya padha ndongakake dheweke sarta ngusapi lenga atas asmane Gusti.

15Sarta pandonga kang metu saka pracaya iku bakal nylametake kang lara iku, lan bakal ditangekake dening Gusti; sarta manawa wong iku wis nglakoni dosa, dosane iku bakal diapura.

16Kang iku padha akon-ingakonana dosamu sarta padha donga-dinongakna supaya kowe padha waluya. Pandongane wong mursid, kang kaaturake kalawan kayakinan iku gedhe banget dayane.

17Nabi Elia iku manungsa lumrah kaya kita, sarta panjenengane wis ngunjukake pandonga kalawan temen-temen, supaya aja ana udan, sarta ing bumi iya ora ana udan nganti telung taun nem sasi.

18Nuli ndedonga maneh sarta langit banjur nurunake udan lan bumi banjur metokake woh.

19He para sadulur, manawa panunggalanmu ana kang nyimpang saka ing kayekten sarta ana wong kang njalari mratobate,

20sumurupa, sapa kang mbalekake wong dosa saka lakune kang nasar, iku bakal ngentasake nyawane saka ing pati sarta nutupi dosa akeh.


  Share Facebook  |  Share Twitter

Download Audio MP3 (Yakobus 5):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Yakobus 5 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel